20 Desember 2007

Riyaya Korban

Sugeng riyaya 'iedul adha...mau mbengi malem badha neng kompleke inyong yang lumangyan rame. Bapak2, ibu2 karo bocah cilikan pada takbiran. Lah neng ngarep umah ana pondok natal, dadi saingan rosa rosa an guli puji2an. Neng mburi umah Allohuakbar...Allohuakbar...lah neng ngarep umah haleluyah...haleluyah...angel sin...weh weh inyong ya tembe tau nemu pondok natal neng papua kene. La kae ramane Fatih wis bali thethel, kayong endal endol nggawa kresek, anu daging sapi apa ya...o iya temenan, jere kon gagean dimasak, ya mayuh...

19 Desember 2007

Rawunan Beton...

Rawunan beton? Apa ènak? Yah kaya kuwè kayane sing ana neng pikirane rika sing urung tau nyicipi, nyong bè ganu ya gumun dhong pertama ngerti ana rawunan beton neng umaéh mertua inyong, pertama2ne sih kayong ngedhap mangan tapi mbarang weruh ramane fatih thal thil mangan kayong enak ya inyong mbanjur kepèngin nyicipi, tek jiot siji trus tek ploq njur tek kecap2 èh jebule enak pisan warah, buket2 gurih kaya tales rasanè..Sepeté kuwe nyong dadi kayong klangenan lho maring sing aran beton, ngasi wis tekan papua mbarang ya kadhang2 nek tuku nangka sing diincer udu nangkanè tapi malah betoné, nek milih2 nangka mesthi sing dideleng pertama betoné mrengsel apa ora, bèna daging nangkanè tipis2 ya ora mangsalah nek betonè keton akéh lan gedhé gedhé...
(Eh iya kanggo sing urung ngerti, beton sing kiyé udu beton cor2an lho... Beton sing de mangsud neng kèné yakuwe wiji nangka pulut utawa jack fruit..)
mangan rawunan beton pancèn enak tapi ngati2 maring èfék sampingé, aja wani2 mangan beton nek arep rabang rubung karo wong, mbok kisinan dhèwèk, soalè ora let suwè bar mangan beton mesthi baen weteng kuwè krasane ngembek2 njur dhat dhut bola bali ngentut ora kena de tahan, asli kiyé nyong ora nglombo yakin wöng nyong tau nglakoni dhewek soalè, nek ora percaya jajal dhewek baèn siy nganah tapi njur aja mérek2 inyong, nganah minggir sing adoh...

13 Desember 2007

Milis FabioUnsoed

Kanggo sedulur2 kabeh alumni fakultas biologi universitas jenderal soedirman purwokerto mayuh padha melu nggabung neng milis FabioUnsoed@yahoogroups.com carane gampang banget yakuwe mung gari ngirim email kosong maring FabioUnsoed-subscribe@yahoogroups.com trus sauwise olih balesan sekang owner banjur de replay, ora angel mbok? Neng milis FabioUnsoed kiye rika bisa posting macem2, curhat ya bisa, nggrundhel ya olih, wara wara ya mangga, bagi2 kabar lan ngelmu ya ora papa, pokoke bebas bas lah... Mulane kuwe sedulur, aja kelalen ajek kanca tangga lan keluarga kon padha ngramekna milis FabioUnsoed kiye...
Kesuwun

07 Desember 2007

In memoriam TV inyong

Inyong arep crita kyeh (nyuwun sewu postinge disambi BAB he..he..) dong dina senen wingi inyong karo bojo esih teyeng ndeleng kotak ajaib merk sony sing umure wis pirang2 taun, anu TV metuan lawas tapi gambar karo suarane tek akoni esih maen. Nembe baen dialem TV ne awet, eh ora nana barat ora nana bledeg ora nana udan ujug2..PET..TV ne inyong wafat alias ora teyeng murub maning. Waduh gazwat..diuthak athik mbok esih teyeng murub, dideleng kabele mbok ana sing udar, tapi ya ora murub bae. Nasib...nasib..duwe TV mung2an tukune be sekenan tp ora jodo lawas karo keluarga inyong. Jan langka TV neng ngumah rasane "boring" sumpeg..jog jogane internet sing dadi sasaran, klik nganah klik ngeneh iseng2 ngerambah (browsing) eh sapa ngerti mengko ana rejeki bs nggo tuku maning.

23 November 2007

Milis banyumasan....

Dhong winginane pas inyong agi ngenet iseng iseng inyong nge-search tembung banyumas neng yahoo search (asli ora agi promosi), ora nyana ora ngira kasil goletane yahoo search jebul pirang pirang akehe (tandha nek banyumas kuwe pancen ngetop, ya mbok sedulur ?), sekang pirang pirang kasil goletane yahoo mau tek pilah pilih jajal tek bukaki sing kira kira maen, lha neng antarane sing tek bukak mau ndilalaeh nyong nemu siji sing menurute inyong pas karo sing tek golet, yah nyong agi nggoleti forum neng internet sing bisa nggo gendhu2 rasa karo wong penginyongan utawa forum banyumasan, lha nek kaya kuwe sing tek golet mbok pas pisan karo milis banyumasan sing ngalamate neng banyumas@yahoogroups.com, trus baen link milis mau sing ana neng kasil goletane yahoo search tek klik lan inyong langsung bae ndaftar dadi anggota, ngesuke mbarang wis di setujoni pendaftarane inyong neng moderator milis banyumas sing biasa diundang ki lurah inyong banjur posting maring milis kuwe, postingan inyong sederhana baen yakuwe mung ngwawuhna (memperkenalkan) awake dhewek maring anggota milis liyane, eh jyan ora nyana babar blas respone maen pisan, jebul warga milis banyumas kuwe gemrapyak lan semedulur pisan, inyong ya dadi krasa bungah ora eram wis melu dadi anggota milis kuwe, yakin lah sumpah nyong ora nglombo, njajal melu nggabung baen sih ngonoh nek rika esih padha mandan awang awangen....

Fatih teyeng kemureb

Ora krasa ya seprana seprene ngrumati fatih siki wis 4.5 wulan,dina wingi tepate tanggal 21 november 2007 Alhamdulillah anak inyong si fatih wis teyeng kemureb,jan rasane inyong karo ramane fatih bungah pisan,ndeleng perkembangane bocah genah nyenengna,apa maning nek bocaeh sehat lan lincah. Jane sih lagi umur 3.5 wis miring2,tp rung teyeng kemureb,genthuwal genthuwel ora teyeng2 malah andon blekah blekuh suwe2 mewek we..we..we..Abong abonge wis teyeng kemureb,siki wis ora betah mlumah ngathang2,angger lagi diklambeni bar adus ya gagian kemureb,dolanan ya karo kemureb,ngasi ngising nguyuh be kemureb ha..ha..ha..Ujarku ya meneng2 kemureb anu lg dolanan dewek jebule deneng bokonge wis mbendol,ngising!!!

14 November 2007

nDhasku puyeeeng..@=]#;£%*

Jan inyong gregeten ora eram, wis ana telung dinaan kiye ndhasku koh rasane cekot2 puyeng pisan ora karuwan, jere pak mantri tah inyong kenang darah rendah alias tensine drop neng ngingsore normal, sebabe jerene kurang goline ngaso karo kurang olahraga, pancen tek rumangsani winginane dhong awal wulan inyong gole nyambut gawe ngebut ora eling wektu, dhur2an ana seminggu lewih inyong arang2 turu merga nggarap laporan sing de udag2 neng bos inyong sing neng jakarta, esuk sore ngasih mbengi ketungkul thik thek ngurusi laporan ngasi klalen madhang karo turu, akibate tembe krasa pas dina senen, ujug2 ndhas inyong krasa nggleyeng theng2an dhong neng kodhean, kringete kemrecek adhem byuk2an ora karuwan, trus bae inyong maring apotik seperlu priksa darah mbok kenang malaria, tapi alhamdulillah jebul mung tensine thok sing drop, neng pak mantri inyong mung kon sing akeh ngasone, mula kuwe kawit senen tekan mau inyong bener2 ngaso total ora ngapa2, rasane mboseni pisan sebab mung glalang gleleng ora nggenah, nonton tivi nambaih puyeng, mangkat ngodhe esih nggleyeng, turonan bae gulune cengeng, akhire mung plonga plongo kaya wong gendheng, oalah puyeee...eng puyeng...!!!

13 November 2007

Ora keri inpormasi

Gandheng urip neng papua sing adoh sekang pradhaban, inyong sekeluwarga ora kpengin melu2 baen dadi kurang inpormasi alias gaptek jerene cah nom jaman siki, pirang2 cara tek lakoni nggo nggolet inpo2 sing paling gres, nonton tivi wis mesthi, maca koran nek dhong ramane fatih nggawa sekang kodhean (tapi seringe klalen nggawa), browsing neng internet saben sore nek agi duwe pulsa he..he..., lan sing trakhir tur mandan arang yakuwe tuku buku. Nek masalah nggolet buku jane neng papua ya ora patia angel banget, tapi sing dadi soal yakuwe regane sing ngedab edabi, kaya dhong wingi sore inyong karo bojo inyong tuku buku agama sing jumlaeh ana 4 buku regane 287ewu padhahal rega neng katalog situs resmi penerbite mung separone, tapi ya ora papa wong inyong maklum maring bakule sing ngadu nanggung ongkos kirim sing ora semendhing trus inyong tukune ya nganggo layanan delivery service sing ndeyan butuh ongkos bensin kanggo sing ngirim, pokoke urip neng papua kuwe nek ora bener2 siap ngetokna duit extra nggo tuku inpormasi ya bakale arep dadi wong sing mandan kuper tur ora mutu blas...Kaya kuwe mbok ramane?

10 November 2007

Sapa sing kepengin weruh fotone fatih? Cung...!!!

Anak inyong, Muhammad Fatih Al-Muslim, pancen nggemesi pisan, bocaeh blenthot bersih lan pipine gamol (asli nyong ora agi ngalem, tapi nyatane pancen kaya kuwe he..he...). Akeh kanca inyong sing padha urip neng jawa takon jane kayangapa tampange si fatih kuwe, memper ramane apa biyunge?,kenangapa fotone ora de posting neng blog kiye? Lan akeh pitakonan liya sing intine kepengin ngerti utawa weruh gambare anak inyong. Jane nyong ya tau duwe niat arep mosting fotone fatih nang blog kiye, tapi mbarang depikir pikir lan detimbang timbang kayane mendhing ora usah bae sebab ana alesan prinsip sing cukup kur inyong lan bojo inyong bae sing ngerti. Lha si kepriwe angger ana sing nggacek kpengin weruh fotone fatih? InsyaALLOH gampang bae, rika padha kur cukup ngirim email ming mbokefatih@gmail.com utawa ramanefatih@gmail.com sing isine ngomong njaluk fotone fatih, insyaALLOH nek kober lan ora ana alangan fotone fatih gageyan bae tek kirim ming emaile rika.

09 November 2007

Resepe mboke fatih

Sedulur sedulur kabeh, ana kabar anyar kanggo sing kepengin nambah ngelmu neng babagan kuliner, siki wis teka blog anyar sekang keluwarga Al-Muslim sing ngususna mosting resep2 panganan paling cihuiy, paling nylekamin, paling sedhep, paling gurih lan paling....(paling apa maning ya?), alamate www.resepemboke.blogspot.com, blog kuwe insyaAlloh arep di update minimal seminggu sepisan, sipate umum kanggo sapa baen (ora kur wong penginyongan thok) mulane ditulis nganggo basa indonesia. Inyong uga nampa kritik slentikan lan saran (termasuk sumbangan tulisan utawa resep) sekang sedulur kabeh sing bisa dilayangna maring mbokefatih@gmail.com utawa ramanefatih@acasa.ro utawa mbokefatih@acasa.ro utawa ramanefatih@gmail.com insyaALLOH nek pantes lan layak bisa tek posting neng blog kiye utawa blog resep. Kesuwun

Maknani Tauhid.....

Tauhid esih baen dianggep remeh temeh neng sebageyan menungsa. Padhahal wis dadi pepesthen menawa tauhid (aqidah) sing bener arep mujud maring apike ngamal lan tindhak tandhuk. Jaman dhisit, musyrikin quraisy ngyakini menawa Alloh ta'ala kuwe sing nggawe lan nguwasani alam dunya, sing aweh rejeki maring sekabehe mahluk gaweanNe. Tapi kuwe thok ora cukup ndadekna dheweke mlebu islam sebab aqidahe dheweke urung sempurna. Neng praktek pedinane dheweke tetep ndadekna latta, uzza, manat lan berhala liyane dadi sesembahan. Alesan sing deyakeni kabeh mau mung lantaran utawa wasilah sing merekna dheweke maring Alloh ta'ala. Ora ana bedane karo wong musyrik jaman siki sing nduwe "latta", "uzza", dan "manat" arupa kuburan wong2 (sing dianggep) soleh, panggonan wingit, nganti wong2 (nyata utawa dongeng) sing dikultusna ngantek nglewihi Alloh ta'ala lan rosulE. Kahanan mau paling ora dadi gambaran butheke pamahaman umat maring makna tauhid. Kabeh mau mangkat sekang anggepan sing salah maring makna tauhid lan syirik. Jaman rosululloh dakwah maring kaume, sing di adhepi yakuwe wong2 sing paham banget maring maknane "la illaha illalloh" lan konsekuensine. 'Lumrah' nek wong musyrik jaman semana nolak dakwahe rosululloh. Lha nek sing ana neng jaman siki yakuwe wong wong sing saben dina ngumandhangna "la illaha illalloh" tapi saben dinane perek karo praktek syirik. Kabeh mau nyata2 ana tapine akeh wong islam sing ketungkul ngurusi parte (biasane atas nama umat), demo nganah ngeneh, ngebom ngendi ora, dakwah nyepelekna tauhid, mretheli wulangan islam nganggo alesan liberalisasi mikir, malah ana sing nyuwarakna masalah "lintas agama". Pancen ucul sekang jiret syirik udu prekara gampang, apamaning nek wis dadi adat sing mbalung sumsum. Tapi kudu ana usaha nggo ngilangna syirik sing kaya kemaduan (benalu) tumrape tanduran, pilihane mung loro, desingkirna apa dejorna ngasih tandurane mati. (terjemahan bebas pengantar redaksi majalah asy syariah vol lll/no 30/1428H/2007)

Jayapura susah banyu

Wis ana telung mingguan ndean olehe jayapura kangelan banyu, ledheng ora mili trus udan ya melu baen ora mudhun2, wong wong padha kiter gole nggolet banyu, ana sing tuku tengkian ana uga sing tuku galonan, pokoke banyu siki dadi barang langka sing dinggo goletan. Gara2 ledheng macet ora mili neng nggon ngodhene inyong malah nlangsani pisan, kabeh bingung nek arep ngising apa nguyuh sebab bak pnampungan sing neng wc ya wis asat kawit minggu wingi, banyu galonan sing tujuwane nggo pranti nginum siki dadi cepet entong sebab digawani ming wc nggo srana cewok nek bar nguyuh apa ngising, ambu pengak lan pesing wis dadi ambu wajib nek mlebu wc sebab goli nyiram padha ora bersih merga banyune mung mungan kur nggo cewok, mulane siki inyong paling wegah nek kong mlebu wc neng kodhean, mendhing bali ming umah sing sepethil pethil ledhenge esih mili nek inyong kebelet nguyuh apa ngising. Banyu pancen dadi barang mewah neng jayapura, sumber tuk ora nana, gawe sumur tanahe wadas, langganan pdam ya sering macete daripadha miline, jan kapan ya jayapura nduwe sumber banyu sing apik ben inyong mandan ringan ora ngrengga biaya tambahan nggo tuku banyu galon?

08 November 2007

Mbuh kenang apa

Jan nuwun sewu sedulur, inyong mandan suwe ora mosting tulisan. Jan2e kawit wingi inyong wis niat mosting grundhelan, tapi sing dadi masalah inyong kangelan olehe mlebu ming kontrol panel. Sebabe apa? Mbuh nyong ora ngerti, pokoke saben2 login mesthi malah mlebu maring google account, nyong bingung campur mumet nggolet cara kepriwe ben bisa login, kabeh2 wis tek jajal de klik tapi ya kasile nihil alias ndol gedhe. Alhamdulillah siki wis teyeng login maning bena ndadak gawe blog anyar nggo pancadan mlebu yakuwe www.resepemboke.blogspot.com sing rencanane nggo pranti mosting resep2 buket mbleketaket khas mboke fatih...Nek kober mampir ya..

05 November 2007

Kabar sekang kanca

Pas dina kemis wingi tanggal 1 november esuk2 inyong olih sms,tek bukak hpne jebule sekang early,kanca inyong sing neng tegal,kye bocah ngabari jere wis babaran wingi tanggal 30 oktober,bayine lanang,Alhamdulillah...inyong esih kemutan setaun kepungkur si early cokan sms jere ora meteng2,sukur siki wis bisa nggendong ngenong2 bayi,sing lewih bungah ya bojone early,sing deimpen2 kelakon duwe anak lanang,mbok kaya kuwe kang sodik..rika bungah pisan mbok? Bar olih kabar sekang early inyong sms kanca inyong siji maning si ika sing melu bojone neng batam,takon wis ngerti apa urung nek early wis babaran,si ika semaur jere urung ngerti,mandan suwe guli sms-an,eh jog-jogane ika ngomong jere wis telat haid,maring dokteran priksa nembe keton kanthonge,jere kon priksa 2 minggu maning,ndeyan wis keton bakal bayine, Alhamdulillah ika metenge gelis,wong nembe pengantenan wingi lagi arep puasa tanggal 11 september,lah siki inyong lagi ngenteni kabar sekang emon alias emi,mbuh kae bocah wis meteng apa urung,muga2 cepet nyusul ya em..tek enteni kabare..

Papua rusuh maning

Papua, dhaerah sisih wetan indonesia kuwe pancen unik luar biasa. Pendhudhuk asline asale skang ras melanesia (ras sing nduweni ciri utama rambut kriwil karo kulit ireng ndhetheng). Bena asale sekang ras sing padha tapi neng kenyataan pedinane wong papua kuwe urip kepisah pisah mbentuk komunitas utawa suku dhewek2 sing dipimpin neng ondoafi utawa kepala suku. Paseduluran lan kekompakan antar anggota suku pancen gedhe pisan tapi nek karo suku liyane malah ora bisa padha akur, mesthi ana baen sing nggo jalaran nggo padudon, mulane ora gumun nek neng papua kuwe meh saben wulan ana perang suku. Conto sing esih anget tembe baen kedadian yakuwe perang antarane suku amungme karo suku dani neng timika, penyerbuan suku paniai maring polres lan perumahan pendatang neng mimika, lan geger liyane sing ora kesorot tivi kaya gropyokan wong wamena sing neng kayubatu ganing wong wamena sekang pos 7 sentani. Nek dirunut kabeh geger lan rusuh neng papua jane sebabe mung sepele yakuwe kurange kesejahteraan lan pendhidhikan, saben rusuh mesthi polpolane njaluk bakar batu (pesta mangan babi) nggo sarat dame, dadi neng nalare wong papua kuwe nek bubar perang mesthi bisa mangan enak tur wareg, dheweke ora ngerti cara liya nggo mangan enak merga kurange pendhidhikan, nek weruh suku liya urip mandan kpenak dianggepe nyolong dunya bandha sukune dhewek trus bae usil njaluk padudon sing akhire biasane geger, bar geger pesta bakar batu trus dame tapi ora nana jaminan ora geger maning nek wis padha kencoten maning bubar bakar batu....

02 November 2007

Dopokan kanca lawas batir ngarit

Mau dhong pas agi ngarit, inyöng ktemu karo kanca kanca inyong dhong esih sekolah neng ndesa sing kebeneran padha karo inyong melu trans golet penguripan neng papua, ana kang herman sing tembe baen mbojo, ana kang ferdy sing mbuh kapan olehe mbojo lan ana kang dayat sing asli jogja tapi tau urip neng purakerta. Dopokan karo kanca lawas pancen gayeng pisan, kang herman crita pengalamane dhong dadi penganten nganggo gaya jogja, kang ferdy crita semi promosi enake baksone bu neny sing ana neng alun2 purbalingga, lha inyong karo kang dayat mung ngegongi dopokan buket kuwe supaya tambah gayeng. Tapine dopokan sing miturut inyong paling gayeng yaa dopokan masalah baksone bu neny, soale inyong karo bojo inyong wis tau nyicipi dhewek scara gratisan setaun kepungkur, baksone pancen sedhep gurih mandan kanyel mula ora gumun langganane butul ngendi ora, sing dodol jenengane bu neny sing ora liya ya biyunge kang ferdy, pokoke wajib de jajal mampir maring warung baksone bu neny nek rika padha dolan maring purbalingga. Lha siki sing tek tunggoni yakuwe kiriman resep baksone bu neny sing jere arep di kirim neng kang ferdy, tek enteni temenan lho kang....

01 November 2007

Tanggal abang versi ramane fatih

Salah sijine keuntungan ngodhe adoh sekang kantor pusat yakuwe anane kebebasan kanggo nemtokna tanggal abang utawa dina prei, kaya dina kemis kiye sing miturut kalender nasional tanggal ireng tapi neng kalendere inyong tanggale abang, soale kalender inyong kuwe tanggal abang karo irenge ditemtokna dening kondhisi cuaca kesibukan lan keperluan, nek esuk2 langite mendhung otomatis tanggale langsung malik werna sekang ireng dadi semu abang, nek mendhunge sida dadi udan wis mesthi tanggale langsung dadi abang jembrang alias prei olihe ngodhe, tapi nek mendhunge ilang ora dadi udan ya otomatis tanggalane mbalik maning dadi ireng alias ngodhene ora prei, lha kbeneran dina kiye mendhung sing kawit esuk wis sida dadi udan lan kanti otomatis tanggalane dadi abang, inyong ora mangkat olehe ngodhe, glibad glibed ndolani si fatih sing agi lucu lucune, biyunge fatih ya pethane keton bungah sebab ana sing ngrewangi momong si fatih, karo medang kopi lawuh kacang goreng inyong skeluwarga nonton tivi sing acarane agi lumayan apik, pokoke dina kemis kiye inyong skeluwarga ngapa2 bareng, jan rasane bungah pisan dadi klalen agi urip adoh sekang kluwarga sing neng ndesa, ora ngajog sepethil2a lunga sekang jawa...!!! Kaya kuwe mbok, sedulur ?

30 Oktober 2007

Pandhasi bebungahe menungsa

Ibnul Qoyyim rohimahulloh neng kitab Al Fawaaid ngendika : "Sebenere pandhasi (indonesia = dasar, pondasi) bebungah (indonesia = kebahagiaan) menungsa ana telu, lan pandhasi2 kuwe nduweni mungsuh dhewek2, sapa wonge kelangan salah siji pandhasi kuwe dheweke arep nemoni mungsuhe : (1) Tauhid mungsuhe syirik, (2) sunnah mungsuhe bid'ah, (3) ketaatan mungsuhe kemaksiatan. Lan telung pandhasi kuwe nduweni mungsuh sing padha yakuwe adohe ati sekang rasa ngarep arep maring Alloh Ta'ala lan maring janji janjine Alloh Ta'ala, lan adohe ati sekang rasa wedi maring Alloh Ta'ala lan ancaman ancamane Alloh Ta'ala." (terjemahan bebas tulisan neng majalah assalaam no VI / tahun II - 2006 M / 1427 H)

28 Oktober 2007

Sedina med bareng keluwarga

Dina akhad pancen dinane keluarga utawa family day nek istilah inggrise, kaya dina kiye bojo inyong sing agi prei olihe ngodhe jan bener2 dadi duweke inyong lan anak inyong, lha sedina med inyong skeluwarga glibedan bareng, esuk2 bar subuhan kluwarga inyong padha turu maning, kira2 jam pitu esuk inyong tangi terus ming pedangan gupruk masak sega goreng karo ndog ceplok nggo sarapan, bubar sarapan inyong karo bojo inyong glibedan ndolani si fatih sing agi lucu lucune, fatih pethane bungah pisan detunggoni rama biyunge, mbraok mbraok karo ngguyu2 nggemesi pisan. Kira2 jam 10an ramane fatih ngomong kpengin mangan sroto trus nyong sing uga kpengin mung iya baen, bar adus jam stengah swelasan inyong skeluwarga trus mangkat maring agro (toko buah karo sayur paling gedhe neng jayapura) sperlu tuku uba rampe gawe sroto, bali skang agro fatih tek pasrahna ramane trus inyong gagiyan bae thik thek ngolah bahan sroto (jenis bahan lan cara gawe wis tek tulis neng blog kiye winginane) neng mburi, kira2 rong jaman srotone wis mateng siap disandhingna, sroto sing panas kemebul dipangan karo nonton tivi bareng2, rasane nyamleng buket pisan, pokoke inyong bungah pisan nek ana wektu nggo kumpul bareng2 skeluwarga, bena kesel tapi seneng, sedina med glibedan bareng skeluwarga

26 Oktober 2007

Gara gara Fatih rewel

Bar de imunisasi wingi, si fatih awake anget mandan sumeng, sewengi rewel pisan, dela2 jimprakan trus nangis ndhoak ndhoak nganti esuk, nyong karo bojo inyong ya dadi melu lembur ngenong enong si fatih kon turu, tangan karo sikil ngasi pegel bate ngemban si fatih. Gara2 lembur ngurusi si fatih sewengi nutug, esuk2 kpaksane bojo inyong ya mung sarapan sega adhem lawuh abon karo kecap seurunge mangkat ngodhe, inyong malah lewih nlangsa maning ora teyeng sarapan sebab segane sing mung kari sepiring entong nggo sarapan ramane fatih, ujar inyong ngko toli si fatih bisa turu sebab kesel wis nangis sewengi trus bisa desambi masak, eh cempuleke malah tambah rewel ngasi tekan bedhug lingsir, lha inyong sing kencot akhire ya mung mangan roti lewihan bada nggo ganjel weteng, nek ramane fatih tah maherel pisan wong dheweke madhang neng warung nek awan dadi ya ora pusing nek inyong ora masak. Pas jam stengah telu ramane fatih bali goli ngodhe, fatih tek pasrahna kon demong ramane, trus inyong gagiyan bae maring pedangan seperlu arep njangan gendhot, maklum weteng wis kemruwuk kencot dadi ya mandan ora sabar, njangane kedagar dagar kaya diudag ngasu dadi ya hasile mandan ora patia pas, soale mbarang wis mateng tek cicipi deneng rasane asin pisan kaya jangan uyah desogi gendhot udu jangan gendhot desogi uyah, tapi gandheng weteng kencot asin2a ya tek pangan bae, ramane fatih tah kur cengar cengir baen nyebeli pisan

25 Oktober 2007

Nggolet ngelmu

Nggolet ngelmu kuwe jan prekara sing penting pisan kanggone wong urip, nanging nuntut ngelmu uga ana aturan lan carane. Para ngulama wis akeh sing aweh pitutur lan pituduh, kayata : Sahnun bin sa'id rohimahulloh ngendika: "wong sing paling wani ngetokna / nggawe fatwa yakuwe wong sing paling sethithik ngelmune, dheweke mung nduwe ngelmu se-BAB thok tapi ujare dheweke nduweni sekabehe". Imam Hasan Al Bashri rohimahulloh ngendika: "menawa salah sijine wong nuntut ngelmu,maka bisa dideleng sekang khusyune, pendelengane, lesane, tangane, sholate, lan zuhude..Nek salah sijine wong olih salah sawijining bab ngelmu trus dheweke ngamalna, maka kuwe lewih apik kanggo dheweke tinimbang dunya lan isine" Imam Az-Zuhri rohimahulloh ngendika maring Yunus bin Yazid: "kowe aja ngrasa sombong maring ngelmu, sebab ngelmu kuwe lembah2, sing endi baen kowe nglakoni (nempuh), dheweke arep ngalahna kowe seurunge kowe butul, lan kowe aja njukut ngelmu sebregan (skaligus), sebab sapa wonge sing njukut ngelmu sebregan sisan arep ilang uga sebregan sisan ngelmune, mula kuwe njukuta ngelmu sethithik sethithik sedawane awan lan mbengi"

Imunisasi

Mau esuk anakke inyong si fatih nembe imunisasi DTP,Hepatitis B karo polio,melas pisan pas dèsuntik nangis ngelak raine langsung abang,anu bocaeh kulite putih (jere nuruni mboke..) dadi nek nangis apa kenang srèngenge langsung abang..

24 Oktober 2007

Baladha tanggal tuwa

Kanggone wong penginyongan sing pahalane mung dadi kuli blekethir kanthi pengasilan sing pilplok (mipil de plok), tanggal likuran kaya siki kuwe dadi wektu sing bener2 gawat kanggone stabilitas perekönomian kluwarga, kendhil wadhah beras wis mandan njomplang, jligen wadhah lenga ya wis gemlondhang kurang isi, sak kathok ya wis kemompryang sebab isine mung kari receh atusan. Bayaran ngodhe esih suwe, kebutuhan mesthi ana bae, masalah mangan? Jelas tahu tempe, nek wis kaya kuwe inyong kudu kepriwe? Tanggal tuwa nalare kudu sing dawa, ngobyek nganah ngeneh mbok menawa, sepethil2 ana sing kegawa, sapa ngerti kena nggo mbayar umah sewa, sebab siki wis ora melu wong tuwa, urip adoh neng luar jawa....

Sroto sokaraja

Urip neng papua angger pengin mangan sroto sokaraja jan angel,ora nana sing dodol,mulane mayuh pada njajal masak dewek bae,rasane ndean ora se"mak nyuz" sroto sutri sokaraja,tapi ya cukup nggo nyenengna bojo sing demen banget karo sroto sokaraja,kye resepe: Bumbu sing dèperlokna kuwe brambang 5 blindi,bawang putih 3 blindi,kemiri 2 blindi,kunir karo jahe,bumbu kye digoreng disit nembe deuleg detambah mrica karo uyah.Bahan pelengkape ana soun,touge cindek nek ora nana ya touge dawa,brambang goreng,sledri,muncang/godong bawang,krupuk,sambel kacang.Cara nggawe sambel kacang: kacang tanah 250 gr+lombok abang 1 ons digoreng terus deuleg detambah uyah karo gula jawa.Cara nggawe kuah sroto: daging ayam/sapi degodog karo 1,5 liter banyu,angger wis empuk daging deentas terus degoreng terus desuwir2,nek daging sapi ya ora perlu degoreng,langsung derajang cilik2,bumbu sing mau wis deuleg degongso disit nembe decemplungna maring banyu godogan daging,detambaih banyu maning sethithik degodog maning ngasi umeb,derasa disit wis pas apa urung,angger kersa mangga detambah bumbu kaldu instan kaya royko apa masako.Nek arep dèdahar srotone,bahan pelengkap dèsiapna neng mangkok terus dèsiram kuah sing esih panas kèmèbul aja kur angèt thok.Angger sing kersa pedes mangga detambah sambel lombok rawit bae,tambah "mak nyuz" nek dèdahar karo mèndoan angèt,jan enakee poool..

23 Oktober 2007

Mboke fatih pancen jempolan...

Urip neng prantoan pancen dituntut kudu tahan banting, kreatip, dawa nalare, ora bingungan lan ora gumunan. Kaya mboke si fatih kiye sing wis ngrasakna pait, getir, kecut, legi, lan aseme urip neng prantoan. Dheweke sing maune urip neng desa margasana dadi bocah umahan, ujug2 kpaksa dadi bocah prantoan sebab mbarang mbojo ndilalaeh degawa ngenger maring papua neng lanange. Urip sing maune srawa kpenak siki dadi srawa mandan kpenak (nek ora gelem diarani mandan susah he..he..), sing maune apa2 ana sing ngreksa siki apa2 mandan rekasa, sing maune kabeh mung gari prentah siki kabeh mung padha prentah...(jan melas temen deneng umm...). Untunge baen sih mboke fatih kiye bocaeh lumayan tahan rekasa, ora ngeluhan (kecuali sepisan pindho pingtelu pingpapat....), ora ngileran (kcuali pas turu), lan ora ora liyane. Jere dheweke mendhing urip rekasa tapi mandhiri daripada urip kpenak tapi nunut wong tuwa ( jan cocog kuwe karo impen..). Pokoke, tumrap inyong, mboke fatih kuwe pancen jempolan pisan..!!! (RAMANE FATIH)

22 Oktober 2007

Kenapa harus ngapak?

Buat yang ga tau bahasa banyumasan atau basa ngapak2, kami mohon maaf apabila anda kurang bisa mengerti dan memahami apa yg kami tulis, sudah menjadi tekad kami untuk selalu menggunakan bahasa banyumasan dalam blog ini kecuali tulisan ini. Bukannya kami terlalu indigeneus (kedaerahan) tapi karena kami merasa bahwa penggunaan basa ngapak2 dapat mengingatkan kenangan masa kecil kami waktu di banyumas atau paling tidak sebagai usaha untuk melestarikan kengapakan kami dan keluarga kami, kepada saudaraku yg mulai lupa bahasa banyumasan semoga blog ini dapat membantu anda untuk mengingat (atau kalau bisa menggunakan) kembali bahasa ngapak banyumasan, jangan sampai kita jadi wong penginyongan yang hilang inyongnya atau ibarat keris yg hilang pamornya...Berbanggalah kalau anda ditakdirkan jadi wong penginyongan...!!! It's good for you..! Ngapak is the best !

Mbojo...Mbojo...Mbojo

Ora denyana ora dekira, dhong tanggal 19 wingi, ujug2 tengah wengi ana telpun moni, ujar inyong sapa eh cempuleke si adi nugroho kanca inyong dhong kuliah neng biologi unsoed, dheweke ngabari jere tembe baen mbojo dina kuwe karo mba mayang, inyong kaget campur bungah, lha wong ujar inyong tembe wingi goli rantang runtung bareng eh siki wis desidakna mbojo, jan nyong salut karo si adi, gara2 pnelitian nggo skripsi eh jebule koh malah dadi....(?). Sliyane adi, kancane inyong lan bojo inyong sing tembe baen nikah utawa mbojo yakuwe si herman biologi d3 angkatan 2001 sing olih wong jayapura, si ika biologi 2000 sing olih wong tegal tapi domisili neng batam,trus si early biologi 2000 sing olih wong brebes, trus kanca inyong sing liyane kapan yah? Eh muga2 baen sih kabeh kanca inyong duwe krenteg nggo cepet2 mbojo, kaya si angga sing lagi njajal nembung bocah blitar nggo dijak mbojo (muga2 sukses ya ngga...). Pokoke mayuh sedulur pada cepet2 goli mbojo, aja ngenteni tuwa mbok kburu ****(sensor)

21 Oktober 2007

Rasane bada neng prantoan

Tumrape wong penginyongan sing lagi ngranto, dina riyaya utawa bada kuwe dadi dina sing nyenengna tapine uga mandan nlangsani, nyenengna sebab puasane wis tutug rampung sewulan mempeng kanthi lancar ora ana rubeda apa2, nlangsane sebab inyong seanak bojo durung teyeng mudhik kaya kanca batir neng jawa. Bada neng prantoan sing adoh kaya inyong sing neng papua kiye ya isine mung telpon nganah ngeneh sms ngendiora mung seperlu ngapuran2an, lah wong arep ngapa maning nek ora kaya kuwe, bali solat id tekan ngumah ya mung thenguk2 wong tangga teparone ya ora akeh sing lebaran, mulane sedulur liwat cathetan kiye inyong ngudarasa, nek rika maca aja nelangsa, wong siki nyong bae wis rumangsa, kabeh mau titahe sing kuwasa...

Anak inyöng

Lah jan kayong nembe wingi guli pengantenan,siki wis duwe buntut siji,jagoan sing guantheng buanget,bocaeh jan lucu pisan,angger pengin nusu guli nangis wa..wa..wa..ngamuk angger telat awehe,siki wis 3 wulan wis teyeng gemuyu karo ao..ao..nek dijek kandah,oya anak inyong jenenge Fatih lair neng papua tapi jere wong2 bocaeh kaya bule he..he..

17 Oktober 2007

Riwayat uripe Inyong lan bojo inyong

Agustina Ambarwati, kuwe jeneng asliku tapi seringe diundang atin utawa mboke, asale inyong sekang desa margasana kecamatan jatilawang banyumas, inyong goli sekolah neng TK Dipanegara margasana, SDN margasana, Smp N wangon, SMU 2 purakerta, Pakultas Biyologi Unsud purakerta jurusan biyologi reproduksi. Domisiline inyong siki ana neng dok 8 ndhuwur jayapura papua (critane lagi ngranto kaya kuwe). Lha nek bojo inyong kuwe jenenge Tohid Al Muslim, asline dawuan karangtalun lor, purajati, banyumas. Dheweke tau sekolah neng SD 2 karangtalun lor, smpn 1 purajati, smun 1 purakerta, jurusan acarologi pakultas biyologi unsud purakerta. Bojo inyong siki goli nyambut gawe utawa ngodene neng PT Hexpharm Jaya Laboratories cabang jayapura. Lha kuwe sepethet riwayat utawa propil uripe inyong lang bojone inyong, kanggo sing kenal utawa tau ngerti inyong lan kepengin nyambung silaturahmi monggo ngirim imel maring: ramanefatih@yahoo.com utawane ramanefatih@acasa.ro nek ora ya ming mbokefatih@acasa.ro insyaALLOH nek kober tek bales...Klilaan...

14 Oktober 2007

Uluk salam

Assalamualaikum warohmatullohiwabarokatuh, asal sekang krentege ati sebab angele nggolet bala dopokan neng prantoan,inyong lan bojo inyong nganggo blog kiye nggo srana nggrundhel,ngudarasa,ndopok lan nylemong ngudhal unek2 njrening ati. Pengarepe inyong muga2 blog kiye nduweni mampangat kanggone sing sempat mampir mbuh kuwe sengaja apa mung kbeneran keklik...