30 Oktober 2007

Pandhasi bebungahe menungsa

Ibnul Qoyyim rohimahulloh neng kitab Al Fawaaid ngendika : "Sebenere pandhasi (indonesia = dasar, pondasi) bebungah (indonesia = kebahagiaan) menungsa ana telu, lan pandhasi2 kuwe nduweni mungsuh dhewek2, sapa wonge kelangan salah siji pandhasi kuwe dheweke arep nemoni mungsuhe : (1) Tauhid mungsuhe syirik, (2) sunnah mungsuhe bid'ah, (3) ketaatan mungsuhe kemaksiatan. Lan telung pandhasi kuwe nduweni mungsuh sing padha yakuwe adohe ati sekang rasa ngarep arep maring Alloh Ta'ala lan maring janji janjine Alloh Ta'ala, lan adohe ati sekang rasa wedi maring Alloh Ta'ala lan ancaman ancamane Alloh Ta'ala." (terjemahan bebas tulisan neng majalah assalaam no VI / tahun II - 2006 M / 1427 H)

28 Oktober 2007

Sedina med bareng keluwarga

Dina akhad pancen dinane keluarga utawa family day nek istilah inggrise, kaya dina kiye bojo inyong sing agi prei olihe ngodhe jan bener2 dadi duweke inyong lan anak inyong, lha sedina med inyong skeluwarga glibedan bareng, esuk2 bar subuhan kluwarga inyong padha turu maning, kira2 jam pitu esuk inyong tangi terus ming pedangan gupruk masak sega goreng karo ndog ceplok nggo sarapan, bubar sarapan inyong karo bojo inyong glibedan ndolani si fatih sing agi lucu lucune, fatih pethane bungah pisan detunggoni rama biyunge, mbraok mbraok karo ngguyu2 nggemesi pisan. Kira2 jam 10an ramane fatih ngomong kpengin mangan sroto trus nyong sing uga kpengin mung iya baen, bar adus jam stengah swelasan inyong skeluwarga trus mangkat maring agro (toko buah karo sayur paling gedhe neng jayapura) sperlu tuku uba rampe gawe sroto, bali skang agro fatih tek pasrahna ramane trus inyong gagiyan bae thik thek ngolah bahan sroto (jenis bahan lan cara gawe wis tek tulis neng blog kiye winginane) neng mburi, kira2 rong jaman srotone wis mateng siap disandhingna, sroto sing panas kemebul dipangan karo nonton tivi bareng2, rasane nyamleng buket pisan, pokoke inyong bungah pisan nek ana wektu nggo kumpul bareng2 skeluwarga, bena kesel tapi seneng, sedina med glibedan bareng skeluwarga

26 Oktober 2007

Gara gara Fatih rewel

Bar de imunisasi wingi, si fatih awake anget mandan sumeng, sewengi rewel pisan, dela2 jimprakan trus nangis ndhoak ndhoak nganti esuk, nyong karo bojo inyong ya dadi melu lembur ngenong enong si fatih kon turu, tangan karo sikil ngasi pegel bate ngemban si fatih. Gara2 lembur ngurusi si fatih sewengi nutug, esuk2 kpaksane bojo inyong ya mung sarapan sega adhem lawuh abon karo kecap seurunge mangkat ngodhe, inyong malah lewih nlangsa maning ora teyeng sarapan sebab segane sing mung kari sepiring entong nggo sarapan ramane fatih, ujar inyong ngko toli si fatih bisa turu sebab kesel wis nangis sewengi trus bisa desambi masak, eh cempuleke malah tambah rewel ngasi tekan bedhug lingsir, lha inyong sing kencot akhire ya mung mangan roti lewihan bada nggo ganjel weteng, nek ramane fatih tah maherel pisan wong dheweke madhang neng warung nek awan dadi ya ora pusing nek inyong ora masak. Pas jam stengah telu ramane fatih bali goli ngodhe, fatih tek pasrahna kon demong ramane, trus inyong gagiyan bae maring pedangan seperlu arep njangan gendhot, maklum weteng wis kemruwuk kencot dadi ya mandan ora sabar, njangane kedagar dagar kaya diudag ngasu dadi ya hasile mandan ora patia pas, soale mbarang wis mateng tek cicipi deneng rasane asin pisan kaya jangan uyah desogi gendhot udu jangan gendhot desogi uyah, tapi gandheng weteng kencot asin2a ya tek pangan bae, ramane fatih tah kur cengar cengir baen nyebeli pisan

25 Oktober 2007

Nggolet ngelmu

Nggolet ngelmu kuwe jan prekara sing penting pisan kanggone wong urip, nanging nuntut ngelmu uga ana aturan lan carane. Para ngulama wis akeh sing aweh pitutur lan pituduh, kayata : Sahnun bin sa'id rohimahulloh ngendika: "wong sing paling wani ngetokna / nggawe fatwa yakuwe wong sing paling sethithik ngelmune, dheweke mung nduwe ngelmu se-BAB thok tapi ujare dheweke nduweni sekabehe". Imam Hasan Al Bashri rohimahulloh ngendika: "menawa salah sijine wong nuntut ngelmu,maka bisa dideleng sekang khusyune, pendelengane, lesane, tangane, sholate, lan zuhude..Nek salah sijine wong olih salah sawijining bab ngelmu trus dheweke ngamalna, maka kuwe lewih apik kanggo dheweke tinimbang dunya lan isine" Imam Az-Zuhri rohimahulloh ngendika maring Yunus bin Yazid: "kowe aja ngrasa sombong maring ngelmu, sebab ngelmu kuwe lembah2, sing endi baen kowe nglakoni (nempuh), dheweke arep ngalahna kowe seurunge kowe butul, lan kowe aja njukut ngelmu sebregan (skaligus), sebab sapa wonge sing njukut ngelmu sebregan sisan arep ilang uga sebregan sisan ngelmune, mula kuwe njukuta ngelmu sethithik sethithik sedawane awan lan mbengi"

Imunisasi

Mau esuk anakke inyong si fatih nembe imunisasi DTP,Hepatitis B karo polio,melas pisan pas dèsuntik nangis ngelak raine langsung abang,anu bocaeh kulite putih (jere nuruni mboke..) dadi nek nangis apa kenang srèngenge langsung abang..

24 Oktober 2007

Baladha tanggal tuwa

Kanggone wong penginyongan sing pahalane mung dadi kuli blekethir kanthi pengasilan sing pilplok (mipil de plok), tanggal likuran kaya siki kuwe dadi wektu sing bener2 gawat kanggone stabilitas perekönomian kluwarga, kendhil wadhah beras wis mandan njomplang, jligen wadhah lenga ya wis gemlondhang kurang isi, sak kathok ya wis kemompryang sebab isine mung kari receh atusan. Bayaran ngodhe esih suwe, kebutuhan mesthi ana bae, masalah mangan? Jelas tahu tempe, nek wis kaya kuwe inyong kudu kepriwe? Tanggal tuwa nalare kudu sing dawa, ngobyek nganah ngeneh mbok menawa, sepethil2 ana sing kegawa, sapa ngerti kena nggo mbayar umah sewa, sebab siki wis ora melu wong tuwa, urip adoh neng luar jawa....

Sroto sokaraja

Urip neng papua angger pengin mangan sroto sokaraja jan angel,ora nana sing dodol,mulane mayuh pada njajal masak dewek bae,rasane ndean ora se"mak nyuz" sroto sutri sokaraja,tapi ya cukup nggo nyenengna bojo sing demen banget karo sroto sokaraja,kye resepe: Bumbu sing dèperlokna kuwe brambang 5 blindi,bawang putih 3 blindi,kemiri 2 blindi,kunir karo jahe,bumbu kye digoreng disit nembe deuleg detambah mrica karo uyah.Bahan pelengkape ana soun,touge cindek nek ora nana ya touge dawa,brambang goreng,sledri,muncang/godong bawang,krupuk,sambel kacang.Cara nggawe sambel kacang: kacang tanah 250 gr+lombok abang 1 ons digoreng terus deuleg detambah uyah karo gula jawa.Cara nggawe kuah sroto: daging ayam/sapi degodog karo 1,5 liter banyu,angger wis empuk daging deentas terus degoreng terus desuwir2,nek daging sapi ya ora perlu degoreng,langsung derajang cilik2,bumbu sing mau wis deuleg degongso disit nembe decemplungna maring banyu godogan daging,detambaih banyu maning sethithik degodog maning ngasi umeb,derasa disit wis pas apa urung,angger kersa mangga detambah bumbu kaldu instan kaya royko apa masako.Nek arep dèdahar srotone,bahan pelengkap dèsiapna neng mangkok terus dèsiram kuah sing esih panas kèmèbul aja kur angèt thok.Angger sing kersa pedes mangga detambah sambel lombok rawit bae,tambah "mak nyuz" nek dèdahar karo mèndoan angèt,jan enakee poool..

23 Oktober 2007

Mboke fatih pancen jempolan...

Urip neng prantoan pancen dituntut kudu tahan banting, kreatip, dawa nalare, ora bingungan lan ora gumunan. Kaya mboke si fatih kiye sing wis ngrasakna pait, getir, kecut, legi, lan aseme urip neng prantoan. Dheweke sing maune urip neng desa margasana dadi bocah umahan, ujug2 kpaksa dadi bocah prantoan sebab mbarang mbojo ndilalaeh degawa ngenger maring papua neng lanange. Urip sing maune srawa kpenak siki dadi srawa mandan kpenak (nek ora gelem diarani mandan susah he..he..), sing maune apa2 ana sing ngreksa siki apa2 mandan rekasa, sing maune kabeh mung gari prentah siki kabeh mung padha prentah...(jan melas temen deneng umm...). Untunge baen sih mboke fatih kiye bocaeh lumayan tahan rekasa, ora ngeluhan (kecuali sepisan pindho pingtelu pingpapat....), ora ngileran (kcuali pas turu), lan ora ora liyane. Jere dheweke mendhing urip rekasa tapi mandhiri daripada urip kpenak tapi nunut wong tuwa ( jan cocog kuwe karo impen..). Pokoke, tumrap inyong, mboke fatih kuwe pancen jempolan pisan..!!! (RAMANE FATIH)

22 Oktober 2007

Kenapa harus ngapak?

Buat yang ga tau bahasa banyumasan atau basa ngapak2, kami mohon maaf apabila anda kurang bisa mengerti dan memahami apa yg kami tulis, sudah menjadi tekad kami untuk selalu menggunakan bahasa banyumasan dalam blog ini kecuali tulisan ini. Bukannya kami terlalu indigeneus (kedaerahan) tapi karena kami merasa bahwa penggunaan basa ngapak2 dapat mengingatkan kenangan masa kecil kami waktu di banyumas atau paling tidak sebagai usaha untuk melestarikan kengapakan kami dan keluarga kami, kepada saudaraku yg mulai lupa bahasa banyumasan semoga blog ini dapat membantu anda untuk mengingat (atau kalau bisa menggunakan) kembali bahasa ngapak banyumasan, jangan sampai kita jadi wong penginyongan yang hilang inyongnya atau ibarat keris yg hilang pamornya...Berbanggalah kalau anda ditakdirkan jadi wong penginyongan...!!! It's good for you..! Ngapak is the best !

Mbojo...Mbojo...Mbojo

Ora denyana ora dekira, dhong tanggal 19 wingi, ujug2 tengah wengi ana telpun moni, ujar inyong sapa eh cempuleke si adi nugroho kanca inyong dhong kuliah neng biologi unsoed, dheweke ngabari jere tembe baen mbojo dina kuwe karo mba mayang, inyong kaget campur bungah, lha wong ujar inyong tembe wingi goli rantang runtung bareng eh siki wis desidakna mbojo, jan nyong salut karo si adi, gara2 pnelitian nggo skripsi eh jebule koh malah dadi....(?). Sliyane adi, kancane inyong lan bojo inyong sing tembe baen nikah utawa mbojo yakuwe si herman biologi d3 angkatan 2001 sing olih wong jayapura, si ika biologi 2000 sing olih wong tegal tapi domisili neng batam,trus si early biologi 2000 sing olih wong brebes, trus kanca inyong sing liyane kapan yah? Eh muga2 baen sih kabeh kanca inyong duwe krenteg nggo cepet2 mbojo, kaya si angga sing lagi njajal nembung bocah blitar nggo dijak mbojo (muga2 sukses ya ngga...). Pokoke mayuh sedulur pada cepet2 goli mbojo, aja ngenteni tuwa mbok kburu ****(sensor)

21 Oktober 2007

Rasane bada neng prantoan

Tumrape wong penginyongan sing lagi ngranto, dina riyaya utawa bada kuwe dadi dina sing nyenengna tapine uga mandan nlangsani, nyenengna sebab puasane wis tutug rampung sewulan mempeng kanthi lancar ora ana rubeda apa2, nlangsane sebab inyong seanak bojo durung teyeng mudhik kaya kanca batir neng jawa. Bada neng prantoan sing adoh kaya inyong sing neng papua kiye ya isine mung telpon nganah ngeneh sms ngendiora mung seperlu ngapuran2an, lah wong arep ngapa maning nek ora kaya kuwe, bali solat id tekan ngumah ya mung thenguk2 wong tangga teparone ya ora akeh sing lebaran, mulane sedulur liwat cathetan kiye inyong ngudarasa, nek rika maca aja nelangsa, wong siki nyong bae wis rumangsa, kabeh mau titahe sing kuwasa...

Anak inyöng

Lah jan kayong nembe wingi guli pengantenan,siki wis duwe buntut siji,jagoan sing guantheng buanget,bocaeh jan lucu pisan,angger pengin nusu guli nangis wa..wa..wa..ngamuk angger telat awehe,siki wis 3 wulan wis teyeng gemuyu karo ao..ao..nek dijek kandah,oya anak inyong jenenge Fatih lair neng papua tapi jere wong2 bocaeh kaya bule he..he..

17 Oktober 2007

Riwayat uripe Inyong lan bojo inyong

Agustina Ambarwati, kuwe jeneng asliku tapi seringe diundang atin utawa mboke, asale inyong sekang desa margasana kecamatan jatilawang banyumas, inyong goli sekolah neng TK Dipanegara margasana, SDN margasana, Smp N wangon, SMU 2 purakerta, Pakultas Biyologi Unsud purakerta jurusan biyologi reproduksi. Domisiline inyong siki ana neng dok 8 ndhuwur jayapura papua (critane lagi ngranto kaya kuwe). Lha nek bojo inyong kuwe jenenge Tohid Al Muslim, asline dawuan karangtalun lor, purajati, banyumas. Dheweke tau sekolah neng SD 2 karangtalun lor, smpn 1 purajati, smun 1 purakerta, jurusan acarologi pakultas biyologi unsud purakerta. Bojo inyong siki goli nyambut gawe utawa ngodene neng PT Hexpharm Jaya Laboratories cabang jayapura. Lha kuwe sepethet riwayat utawa propil uripe inyong lang bojone inyong, kanggo sing kenal utawa tau ngerti inyong lan kepengin nyambung silaturahmi monggo ngirim imel maring: ramanefatih@yahoo.com utawane ramanefatih@acasa.ro nek ora ya ming mbokefatih@acasa.ro insyaALLOH nek kober tek bales...Klilaan...

14 Oktober 2007

Uluk salam

Assalamualaikum warohmatullohiwabarokatuh, asal sekang krentege ati sebab angele nggolet bala dopokan neng prantoan,inyong lan bojo inyong nganggo blog kiye nggo srana nggrundhel,ngudarasa,ndopok lan nylemong ngudhal unek2 njrening ati. Pengarepe inyong muga2 blog kiye nduweni mampangat kanggone sing sempat mampir mbuh kuwe sengaja apa mung kbeneran keklik...