30 Desember 2008

Kemureb

1 Muharam 1430 H barengan tanggal 29 Desember 2008, Maryam anak inyong nomer loro wis genep 4 wulan 7 ndina umure. Alhamdulillah wis teyeng kemureb dewek.

09 Desember 2008

J-Lo


J-lo...??? anu apa kuwe mboke? Jenifer Lopez apa...? ooo....udhu...udhu...pengin ngerti?? kaya kiye critane si Jlo. Pirang ndina kepungkur ramane mbuh lagi kumat apa, apa klalen ora nginum obat, apa lagi ketempel sengtan endi ijig-ijig koh kemutan karo sing jenenge jander. Mulai nggoleti resep neng ingternet ngasi takon-takon maring kanca-kancane neng empeh, ben padha-padha wong Banyumas tapinen inyong ya ora tau krungu apa kuwe jander. Lah inyong takon maring ramane malah diguyu, jere mboke kowe wong Banyumas udhu sih, jander kuwe mbok panganan khas Banyumas, asale sekang glepung jagung ditambaih santen karo gula Jawa. Genah inyong seumur-umur ya ora tau weruh apa maning mangan ya tetep ngotot jander udhu panganane wong Banyumas (biasane ramane anu cokan ngarang dewek he..he..), nembe pas garwone kang khamsi posting jander neng bloge pakngapak inyong nembe percaya, oalah kaya kiye sing jenenge Jander alias bubur jagung. Bar kuwe ramane nggaclek njaluk digawekna jander, lah wong inyong blas ora tau gawe ya ora ngerti takerane bahan-bahan sepira, guli gawe kepriwe, adonane dadine kepriwe, tapi anu wong tercinta sing order ya sok-sokan percaya dewek baen bisa gawe. Inyong ngomong maring ramane ya inyong gelem gawe tapi instruksine kang rika ya, inyong kur gari nyampur-nyampur bahane.
Mboke : “Ma..ramane angger inyong kon nutu jagung dadi glepung tah ngedap, nganggo glepung jagung sing wis dadi bae ya, tuku neng tokone bu sus”
Ramane : “Lah apa ana sih glepung jagung sing wis dadi?”
Mboke : “Ya ana ramaneee...jenenge maizena, kae neng toko-toko bera didol”
Ramane : ”Maizena mbok sing nggo campuran angger lagi mangan roti, kae sing lengket-lengket warnane putih, inyong tau mangan pas neng hotel” (ngeyel)
Mboke : “Ya udhu, maizena ya glepung jagung” (melu ngeyel)
Ramane : “Udhu..!!!!” (tambah ngeyel)
Mboke : “ Kae jenenge mayoneis ramaneeee....” (mulai jengkel)
Ramane : “ Udhu, kae jenenge maizena” (tetep ngeyel)
(Inyong jengkel temenan kyeh, kabur mapan turu)
Eh..eh.. ramane ngomong maring biyunge pengin mangan jander, lah kae mertuane inyong ngomong daripada kesel-kesel nutu jagung mending nganggo glepung jagung sing wis dadi ya kuwe MAIZENA. Jen pancen angger domongi cokan ngeyel, nembe angger biyunge sing ngomong nggugu. Inyong ngomong ngasi lambene meniren maizena ya glepung jagung tetep ora percaya. Ngesuke inyong tuku maizena karo kelapa, neng dapur ramane sing ngomong ukurane, inyong kur gari nyampur.
(inyong ndelah maizena 100 gr meng baskom)
Ramane : “Kabehan bae mboke 200 gr, separo ya dadine sipet”
Mboke : “Santene semene?”
Ramane : “Tambah maning”
Mboke : “Gula jawane semene?”
Ramane : “Maning...mengko ora legi!”
Bahane wis dicampur kabeh terus dimasak neng kompor, jere kon nganggo geni cilik ya manut bae. Diaduk-aduk ngalor ngidul ngetan ngulon, deneng dadine mbrekicil-mbrekicil ya ora alus, ramane ngomong...mboke dadine tah ora kaya kiye, alus adonane...wih meneketehe wong inyong ora tau weruh jander wujude kaya apa ya tetep ngaduk bae. Neng mburine inyong, ramane wis berkicau terus udhu kaya kiye dadine...udhu kaya kiye dadine karo mlaku ngalor ngidul bolak-balik kaya gosokan.
Mboke : “Kiye wis mateng, njajal dicicipi ramane, kayangapa rasane!”
Ramane : “Enak..enak..tapi kiye tah udhu jander mbokeeeeee, bentuke ora kaya kiye.”
Mboke : “Lah dadine kiye apa ramaneeee???”
Ramane : “Kiye tah jenenge Jlo, Jander balo alias jander ora dadi.”
Wekekek ramane mangan karo gemuyu bae, inyong terus ngomong pokoke dientong guli mangan, inyong wis kesel-kesel gawe! He..he..he..akhire ramane mangan jander balo, wal wel diawel-awel dewek, ramane nggolet bala Fatih kon melu ngentongna Jlo, Fatih e nyicipi sethithik langsung kabur...emooooh...hi..hi..hi..melas temen ramane.

28 November 2008

Ramanefatih bujang maning !!!

Jan nyong gumun karo mandan kegugu pisan nek maca ktp ne ramanefatih sing anyar tembe gawe dadakan rega selawe ewu, udu gara2 potone sing keton tambah nggantheng ujarku (aja geer ramane...) tapi gara2 tulisan "pelajar" neng nggon pekerjaan lan tulisan "belum kawin" neng nggon status, apa sing gawe matane blerengen ndean yah, wong anu tanda tangan be mung gluweran karo clekunthengan thok mangsa ndarani pelajar trus anak be wis loro mangsa detulis belum kawin, jan ora mutu blass kiye tah, apa ndangan2 ana mangsud liya kiye yah, awas mengkoh nek wani macem2 modal ktp bujange rika ramaneee...eh..., orek2 karo spidol mengkoh untune heheh

12 November 2008

Crita maning

Nyambung crita sing wingi...
Bar sambutan meriah sekang keluarga ibu kos, banjur njaluk kunci terus mlebu kontrakan. Weleh...weleh...ya ampyuuun...busyeeet...buju buneng...kamare super berantakan kaya kapal pecah, kabel pating sraweng, kasur cilik wis kèmpes, ana tv cilik wis modele jadul ningkring sèkènane neng nduwur peti bekas kiriman barang maning. Terus ndeleng meng mburi, lah lewih nlangsani maning, piring mung siji kuwe be hadiyah tuku mie, gelas plastik,karo sendok letoy, hiks sedih inyong. Agenda pertama beres2 umah,terus tuku2 keperluan umah, lah mbarang kuwe wis keton wujud umah, rapi lan ana barange, ora keton suwung. Bar ngaso, terus kenalan karo tangga2ne, ana bu de & pak de Ali (anake: tania), bpk & ibu Joko Wachyono (anake: happy,ratna,aldy. Putune: rafa,rafi rung lair),tante leni & om jhoni, pak amin & mba tini (anake: naya), pak alfin & mama caca. Umah kontrakane inyong kaya villa, neng nduwur bukit, angger ndeleng meng njaba keton bukit2 sing neng ngisore ana segara pasifik, lurus karo jendela ngarep umah bukit polimak sing ana tulisane JAYAPURA CITY sing gede banget. Dasar inyong karo ramane seneng klayaban, angger ana dina prei muter2 montoran maring ndi bae. Wis tau mubeng kota, maring pasar ampera, manjat meng daerah angkasapura liwat dok 9...tanjung ria terus mudune liwat dok 5 atas. Maring waena andon mangan bakso nuklir sing neng pertelon seuwise markas zenit tempur, meng hamadi ndeleng pantai karo mangan lalap ayam neng warung biru ngarep markas lantamal, mangan soto lamongan neng pantai dol 2, paling adoh ya meng koya timur langka tujuan sing jelas kur kluyuran ben ngerti daerah. Sing tek klangeni panganan neng Jayapura ya kuwe papeda karo bubur manado, apa maning nek sing gawe ibu kos mak nyuzzz, ibu kos ku genah jempolan angger urusan masak2 (mbokefatih jempolan angger urusan mangan2 kyaaa...). Neng Jayapura mulai sekang wong sijian (ramane thok), wong loroan (karo inyong), ngasi wong teluan (ketambahan fatih) akeh banget kenangan super manis. Sayange ramane depindah guli macul, dadi "dengan berat hati" tèk tinggalna alam papua sing eksotik, moga2 mbuh kapan nek jodo bisa ngidhek tanah papua maning.
*langsung merem...turu mbengi*

10 November 2008

Anu lagi pengin crita thok...

Embuh kenang apa
Embuh karepe sapa
Sing jelas krasa!!!
Nyilih basane ramane dong ganu nembung mbojo inyong (sit suiiii...i...i...t). Embuh kenang apa koh ijig2 pengin nulis crita, embuh karepe sapa (halaah sing jelas ya karepe inyong dewek), sing jelas krasa kangen karo....Kota Jayapura. Taun 2006 Wulan Agustus tanggal 4 dina Jum'at jam 14.00
WIB wong loroan karo ramane ngebis Handoyo tujuan Surabaya. Tuku tiket neng terminal Purwokerto rega Rp 75.000 per wong, lumangyan murah tapi bis karo pelayanane apik. Olih jagongan mburi dewek pojok perekan karo lawang bis. Urung ana Fatih urung ana Maryam pokoke esih sireng sireng rung ana sing cewewetan nggangguni. Jam 18.00 WIB tekan terminal Jogjakarta bise mandeg, aweh kesempatan penumpang kon pada isoma. Mandan BT nunggoni suwe ngasi jam 20.00
WIB bise nembe mangkat maning. Anu ra ngerti dalan apa maning wengi, wis gutul endi ya ngerti, ngorok bae siy huenaaak, tangi2 wis neng Sidoarjo jam 4 esuk, mudun, terus nggolet penginepan sing perek karo lapangan montor mabur Juanda. Lumangyan maning olih penginepan judule ANDIKA tarif Rp 75.000 sedina per wong. Nyewa penginepan kur andon leyeh2 "rehat sejenak" nunggu jam mabur sorene. Bar sholat 'ashar langsung cek out (ya elaaah kaya nginep neng hotel berbintang...bintang neng langit bae...) ngurus ini itu...ngetan ngulon...beres... kari njagong nunggu mabur, Jayapuraaa inyong teka...transit disit ding neng Jakarta 2 jam. Nembe pertama numpak motor mabur diledeki neng ramane, ati2 mbok mabok lah mengko ngisin2na. Alhamdulillah ora mabok, tapi dadane krasa ser...ser..an kaya agi numpak ombak banyu neng pasar malem, kupinge krasa budeg. Lah embuh anu kademen AC, slimutan terus ngorok. Neng njaba peteng ndedet ra weruh apa2. Wis esuk, srèngengene wis ngetokna raine (halah mboke apa ya srèngenge nduwe rai) transit sedela neng Biak...jam 7.00 WIT Alhamdulillah tekan Jayapura. Pas metu sekang bandara, wadoooh deneng dejemput karo kol gowak (pick up), ramaneee apa langka sing mandan elit sèmènding lah. Sekang bandara Sentani tekan kota Jayapura kira2 sejam, ngliwati dalan menggak menggok manjat temurun, sisih kanan segara pasific sisih kiri gunung2. Tekan Abepura detidokna neng mas Indri (sing njemput) saga mall, mall paling gede pas kuwe (rung ana Sentani City Square). Liwat Kotaraja, Skyland, Entrop, Polimak, nembe tekan kota Jayapura. Sekang kota teruuus maring ngalor liwat UNIYAP (Universitas Yapis Papua), dok 5 atas, stadion Mandala, dok 8 bawah, terus manjat meng nduwur dok 8 atas. Tekan umah kontrakan, wis desambut neng keluargane ibu kos. Bapak ibu Joko Sumaryono, Eko, wulan, lan mbah putri (siki wis seda). Wes mulai miwiti babagan urip anyar karo sing jenenge Tohid Al Muslim alias ramane. (critane bersambung, ramane wis bali macul)

10 Oktober 2008

Ramanefatih keracunan eMPe

Jan kawit wingi ramanefatih mbuh agi ketemper sengtan endi, kawit esuk tekan mbengi koh ketungkul usrek ingternetan baen, nyong sing penangsaran mbanjur baen melu niliki jan jane anu agi usrek ngapa, oalah jebule dheweke lagi jonjangan neng MP karo kanca batire sekang milis banyumasan, malah kae ana siji sing de jek ngeneh yakuwe kang sumarno wijaya sing dadi juragan anthurium neng mbekasi (kesuwun ya kang wis gelem ngendhong), nyong trus niliki buku tamune ramane sing neng MP jebul sing wis ngendhong ya lumayan akeh tapi mbarang tek waca siji2 jebul ya anu sing ngisi [tanpa "ng"] mung kanca glothakan neng milis karo ngapakdotcom thok hehe, trus nyong niliki posting bloge malah nlangsani pisan, tembe telu tulisane cindhek cindhek maning, jajal siy ngonoh rika tilik dewek ming umaeh ramane neng http://ramanefatih.multiply.com wagu pisan toli

NB: kanggo ramane-> mulane nek arep ngeblog konsultasi dhisit karo inyong ngko dadi ora ngisin isina heheh

07 Oktober 2008

MLM ?

Nggethingi nek agi de prospek, yaqin !

04 Oktober 2008

Sayah

Bada keloro wingi dina kemis nini karo kakine bocah alias mertuane inyong pada teka. Sekang purakerta numpak sepur logawa mangkat jam 7 esuk tekan jember jam 12 mbengi. Ndeyane ya pada karo wong2 liyane anggeran arep ketekan mertua mesti ithek nyiapna segalane,wiwit pangane ngasi nggon turune. Wong inyong anu nembe pindahan neng jember ya urung duwe apa2,nyiapna nggon turu kepeksane ya kur nggelar kasur palembang karo karpet thok. Biasa angger sedina dinane kur gradhak grudhuk wong papatan, siki ketambahan wong papat maning. Sing biasane adhang cukup rong kaleng, siki tambah dadi nem kaleng. Sayah...sayah...wingi sedina med apa2 ketemu dewek,mulai umbah2 klambi bocah sing njlimet lembut2,klambine inyong dewek karo ramane,ngurusi bocah,umbah2 grabah,terus ndlendeng pegawean ora rampung2. Dasar penyakite wong wadon,angger wis keselen ya lambene ndrememel ora mandeg2. Sapa maning sing olih semprotan nek udu ramane,apa enggane kon nyemprot mertuane ya ora patut pisan mbok. Genah lagi kesel2 dewek enggane langka sijia sing merek ngrewangi,lah dalaaah jadilah mbokefatih seperti pembantu di tempat sendiri. Bunek??? ya jelas...sapa wonge sing ora mangkel, gondok basa kerene. Bar maghrib inyong lagi umbah2 klambine maryam sing mambu pesing karo masang rai njekuthem,uthuk2 ramane teka "maksud hati" arep ngrewangi,wis kadung gela inyong banjur semaur "lah ora usah" wesss olih jawaban kaya kuwe ya ramane kebeneran pisan,jenggirat langsung menyat maning lunga jagongan karo dopokan maning. Nasib...nasib...ketekan mertua seminggu kaya setaun dadine. Tuluuung...

01 Oktober 2008

Alhamdulillah

Bena ora nganggo klambi anyar
Bena ora nana gorengan gedhang
Bena ora gawe jenang ketan
Bena ora sedia sirop lan limun
Bena ora nyembeleh basur apamaning ayam
Bena ora teyeng bali ndesa
Alhamdulillah nyong sekeluwarga teyeng badan kanthi sumringah !

30 September 2008

Ngesuk bada yah?

Alhamdulillah wis genah bada sidane ngesuk, meh kabeh sepakat tanggal 1 syawal tiba neng dina rebo tanggal 1 oktober, wis ora beda2 maning kaya taun wingi sing badane ora bareng, sing marakna mandan gawe kepriwe tumrape sebageyan wong. Nek miturut inyong dhewek tah ujarku nek badane bareng toli lewih grengseng, takbiran ya lewih rame, arep mangan mangan ya ora rikuh karo tanggane wong anu pancen wis wayaeh, arep ngendhong mesthi de sandhingi wong genah jere wis bada, wislah pokoke bada bareng lewih josss daripada bada dhewek2 kaya taun wingi

28 September 2008

Mudik ora mudik ya [ora] padha bae

Dhela maning bada, wong2 sing padha ngranto umume ya wis padha bali ndesa, tujuane silaturahmi karo sanak lan keluwarga, nyong ya jane kpengin melu kaya wong liya ningen urung bisa, anak esih cilik rong wulan be urung ana, daripada ngko neng dalan andon rekasa, dadi mendhing bada neng desane wong liya bena nelangsa, tapi bismillah baen lah ndeyan rampunga gole bada, sapa ngerti taun ngarep bisa, neng desane dhewek gole riyaya
mudik ora mudik pancen ora padha, gedhe cilik mesthi ana sing beda, kur kadhang ora tek rasa, kabeh kaya wis biasa, padhahal asline jelas ora biasa, lah tapi ya tek jorna daripada andon tambah nelangsa, pokoke sing jelas mudik ora mudik ya [ora] padha baen !

25 September 2008

Lan jan

Jyan kepriwe kiye, utang puasane inyong akeh temen, nyaure sing cokan mandan aras2en
eh ngomong2 badane tanggal pira yah? Urung becer kyeh, wegah umpel2an neng pasar wong anu agi prepegan soale

16 September 2008

Ngalem fatih lah, mumpung agi bombong

Alhamdulillah duwe anak 2 lanang wadon lucu2 lan lumrah2 ora ngrepoti pisan, sing mbarep si fatih bena esih umur 14wulan tapi jan pengertian pisan koh, ora rewel anggere lagi de sambi ngurusi adine yakuwe si maryam, polaeh cokan nggegeti lan merguyokna, athak uthuk ngetan ngulon ora gelem meneng, masalah mangan ya ora pilah pilih, apa sing de pangan rama biyunge ya mesthi gelem mangane, adus ora ngudu banyu anget, banyu adhem ya ora masalah, susu nek entong ya gelem de ganti madu apa susu kedele, turu ora ngudu de keloni nek wis ngantuk ya mapan dhewek, wislah pokoke jos pisan anake nyong kiye...Moga2 si maryam ya kaya kakange lah

14 September 2008

Tour de malang

Tanggal 10 wingi inyong ana keperluan maring malang, daripada ngebis sing marakna mumet inyong milih numpak motor etung2 karo turing, sekang jember mangkat bubar subuh kon ora patia panas, motor kirana winginane ya tes tek servis lan tek kumbah, ngeciput sekang jember liwat tanggul jatiroto lumajang, neng lumajang mandheg ngisi bengsin limolasewu perak, sekang lumajang ngenthirak nuju probolinggo liwat klakah, sekang probolinggo githir maring pasuruan liwat grati, neng grati mandan bingung dadi nyasar2 terut dalan cilik tapi alhamdulillah takon2 ya akhire ketemu pasuruan, neng pasuruan liren nglempengna beyekan sedhela, bar leyeh2 neng pasuruan banjur gipyak maring malang ora liren2 maning, tekan malang jam setengah sanga langsung mburu perlu ngasi jam 4 sore, sewise acara inyong karo kanca2 langsung maring resto konichi puncak dieng seperlu buka bersama, tekan nggon buka jam 5 sore lumayan suwe nunggu bukane, wong anu resto masakan jepang ya apa2 serba mentah lan kudu mbakar dhewek dadi jane ya anu ngrepoti, pas wayaeh buka mbarang de pangan jyan ora cocog blas karo ilat lan weteng banyumas, yakin nyong ora kpengin2a ngonoh maning nek ora de bayari

29 Agustus 2008

Anake inyong wis 2

Alhamdulillah
dina jemuwah tanggal 22 agustus 2008 jam 10 lewih 50 menit wektu jember, adine fatih wis resmi lair neng alam dunya. Jenenge "Maryam Al-Muslim" dawane 48cm abote 3,3kg mbrojol normal.
Jan sukur pisan kyeh wis genep sepasang anake inyong, fatih karo maryam !

Nggo sangu puasa kyeh

Bismillah....
Puasa mung gari pirang ndina maning, mula kuwe kanti njaluk rido sekang gusti Alloh nyong njajal nulis perkara2 sing bisa mbatalna puasa, yakuwe:
1.Mangan lan nginum sing de sengaja termasuk infus utawa suntikan sing ngandung zat pangan sing fungsine nggo ngganti panganan tumrape awak,
2.Jima' aliyas senggama neng wektu awan,
3.Al inzal yakuwe metune mani sing de sengaja neng wektu awan (nek ora sengaja kaya sebab ngimpi tah ora mbatalna puasa !),
4.Bekam (pengobatan sing carane kanti ngetokna getih kotor nganggo kop) mbatalna puasa kanggone sing mbekam karo sing dibekam (getih sing metu gara2 mimisen karo nyabut untu ora mbatalna puasa)
5.Mutah sing disengaja (nek mutah ora sengaja ora mbatalna puasa)

*de jukut lan de terjemahna kanti bebas sekang buletin al ilmu jember (http://assalafy.org)

13 Juli 2008

Kek Malesia

Ujarku sing jenenge kek Malesia kye anu apa, jebule anu roti bolu biasa. Kek sekang basa Inggeris CAKE, neng Malesia karo neng Batam dadine kek. Ya anu mandan penasaran sing arane kek Malesia, ramane Fatih njajal tuku, murah...sebungkus kur 500 perak, ana sing isi coklat, stroberi, coklat, krim, karo pandan. Angger depikir-pikir ya kayong murah temen ya, apa sing nggawe ngkana-ngkanane ora rugi, wong barang sing pada gawean Indonesia paling murah didol sewu neng warung-warung, malah ana sing ngasi rega sewu limangatus. Ora sih lagi ngalem produk gawean negarane wong liya, terus ora cinta karo prouduk Indonesia, inyong koh dadi seneng kuwe maring kek Malesia, anake inyong lanang ya melu-melu hobi mangan kek Malesia, tangi turu esuk-esuk ya clingak-clinguk nggoleti, angger wis ketemu langsung nyengir karo ngomong maem...maem...pancen anake inyong angger soal mangan nuruni mboke, seneng bangsane roti-rotian.

21 Mei 2008

Jembatan Barelang


Tanggal abang wingi dina Selasa ramane Fatih prei guli ngode. Alhamdulillah ana tanggal abang dadi bisa kumpul neng ngumah. Anu wis biasa ngode klayaban montoran ndean, preian neng ngumah malah jere bingung arep ngapa, polaeh nggawe alesan jere melas inyong unggal dhina neng ngumah bae, sekalane preian ajek dolan." Mi...jere ko mbok pengen weruh jembatan Barelang, yuh pada plesiran maring nganah" lah wong dijek mlaku-mlaku dolan ya mayuh bae, neng ngumah ya ngapa, angger wis rampung gawean umah langka liyane maning terus mbethur alias turu. Mangkat gasik kang umah jam setengah sanga, ora keri nggawa uba rampe keperluane Fatih, ana wedang bening, susu, roti disogna blus maring tas. Bar ngiseni bensin penuh setengki werrrr...touring dilanjut...metung daerah Muka kuning terus ngasi ngliwati Tembesi Batu Aji, menggok ngetan luruuuus terus, mandan suwe guli montoran, tiang jembatan Barelang wis keton kang kadohan. Jembatan Barelang kuwe jembatan sing nyambungna pulau-pulau, jembatane ana telu tapi sing paling terkenal tur paling apik ya jembatan Barelang sing pertama. Barelang kuwe singkatan sekang Batam Rempang Galang, kuwe jeneng pulau-pulau, jere angger wis teka meng Batam aja klalen mampir maring jembatan Barelang. Genah wingi dina preian dadi neng ndalan ya rame wong arep pada plesiran, ana sing rombongan bis, mobil pribadi, carteran angkot, ana sing kur montoran kaya inyong karo ramana Fatih. ujarku malah seneng numpak montor ketimbang mobilan, bisa ndeleng kiwe tengen karo kenang semilir angin, seneng apa sebab ora nduwe mobil ya???? Ngliwati jembatan Barelang siji mlebu maring pulau cilik jenenge pulau Tonton terus ngliwati maning pulau setokok, mlakuuuuu terus jog pulau Rempang, ngaso sedela neng jembatan Barelang sing keloro, karo njagong nglempengna sikil karo beyekan ora keri pamer tilpun maring eyange Fatih neng Jawa, ngomong lagi plesiran maring jembatan Barelang. Mbarang kesele wis mandan ilang, lanjut maning montorane. Neng pulau apa ya inyong mandan klalen, neng pinggir ndalan ana gubuk cilik kang kayu terus dipasangi jaran kepang, mbarang dipereki ana tulisane Banyumasan, oh...ndean kye nggon kumpul-kumpul wong Banyumas, anu ora ana wonge dadi ya ora takon-takon, bablas bae, ora let suwe ana tulisan maning taman tejasari Purbalingga, gantian siki nggone wong Purbalingga. Bar pol pulau Rempang mlebu jembatan Barelang telu ana pulau Galang, lah neng kene ana nggon plesiran sing apik-apik (jerene...) tapi ya nggon plesirane anu ndeleng segara. Waduh dirasa-rasa beyekane wis kaya arep copot, apamaning inyong nggendong Fatih, tekan wates pulau Galang Baru inyong njaluk mbalik bae. Karepe ramane Fatih sih diterusna tekan pol pulau Galang, sisan nggawe jere, dadi pengalaman wis tau ngambah sekang ujung kulon pulau tekan ujung wetan pulau, tapi ya kepriwe maning inyong wis kesel pisan, pokoke nggaclek njaluk balik bae. Akhire ramane Fatih manut, balik arah bali maring ngumah, tekan ngumah sekitar jam siji awan, bar sholat dhuhur, madang, terus blek turu tekan sore, anu awak kesel turu ya dadi lali pisan. Ora apa-apa kesel, sing penting wis pengalaman tau ngambah Jembatan Barelang.

10 Mei 2008

Prosedur ngurus ktp neng batam

Eh mbok menawa ana sing perlu, kyeh tek wei ngerti carane ngurus KTP SIAK neng batam :
1. Kanggo wong sing tembe ngranto neng batam nek kpengin gawe KTP SIAK aja klalen njaluk surat pindah ming dinas kependudukan kabupaten daerah asal (nek mung sekang kecamatan thok ora kanggo)
2. Lapor maring RT RW neng nggon anyar karo njaluk pengantar lapor tiba nggo gawe KTP SIAK
3. Pengantar sekang RT RW lan surat pindah sekang dinas kependudukan daerah asal digawa maring dinas kependudukan kota batam seperlu njaluk surat lapor tiba sing dadi syarat nggo ngurus KTP SIAK
4. Surat lapor tiba sekang dinas kpendudukan batam lan surat pindah sekang dinas kependudukan daerah asal degawa ming klurahan dilampiri fotokopi ijasah, akte lair lan buku nikah trus ngomong arep gawe KTP maring petugas kelurahan, biasane langsung deprentah kon ngisi blanko data penduduk
5. Berkas sing mau wis degawa ming klurahan lan wis de cap lurah trus degawa maring kecamatan, neng kecamatan berkas dipriksa lan poto nggo KTP, dewei tanda bukti pengurusan KTP nggo njikot KTP nek wis dadi sewulan maning
6. Nek wis sewulan, rika teka ming kecamatan nggawa tanda bukti pengurusan KTP nggo njukut KTPne
7. Rampung

03 Mei 2008

Kècèndak Mriang

Dina Jum'at minggu wingi critane banyu ledeng neng nggone inyong sat nggereng ora mili blas. Ora teyeng umbah-umbah klambi, asah-asah prabot, adus be sedina kur sepisan. Klambi kotor mundung2 segunung, prabotan kotor ya mundung2, jan pokoke bunek guli ndeleng. Alhamdulillah jam 11 mbengi banyune mili. Jan-jane inyong krasa awake wis mandan ora kepenak, tapine wis risih pisan ndeleng umah mambrah2 karo mikir kye banyu paling jam 5 esuk wis mati maning, daripada uput-uput tangi umbah2 mending mbengi2 sisan nggawe. Ramane Fatih kon ngrewangi mbilasi kumbahan, dienteni ya ora merek2, detiliki neng kamar oalah buset jebule malah wis ngorok disit, asem lah...akhire usrak usruk umbah2 dewek rampung jam 1 esuk. Inyong wis krasa KO langsung mapan turu. Mbarang tangi awak dadi tambah ora kepenak, sumeng, bengel, nggo ngeleg lara, lah mbuh ora karu karuan pisan pokoke. Dina senen priksa maring dokteran, jere kenang radang tenggorokan, tapine inyong digawe gumun bayaran dokter neng batam luaraaang pisan, malah murah dong agi neng jayapura, ya ora pa2 lah sing penting bisa waras. Urung be inyong mari ngesuke ketambahan Fatih anget, dela dela jebras jebres wain, jog2ane flu karo watuk. Ramane esih merdeka, esih bregas waras. Ana bae sing nggawe mangkel ati, wong lagi susah, mriang, nggawa awake dewek be krasane abot, kaeh ramane dijaluki tulung ana ping satus kon ngrewangi umbah2 klambi koh megel2 ora gelem, ujare inyong sekalane inyong mriang rewang2 angger sehat ya ora, ya wis kepriwe maning dasar settingane kawit ganu genah kaya kuwe, asli watek gawan cilik ora tau dikon ngapa2 neng ngumah dadi kegawa tekan gede tua wis duwe bojo karo anak. Ana seminggu inyong guli mriang, siki gari watuk sing esih cegrak cegrik ora mari2. Jane angger bisa akeh istirahate ya ora suwe guli mriang, lah angger turu bae sing ngemek kumbahan klambi karo grabah sapa, resik2 umah, nggosok, masak trus momong Fatih sapa nek udu inyong, wong ramane langka sijia sing doyan. Krasa enteng setitik ngumbaih klambi karo grabah, enteng maning mlaku becer trus masak, walhasil awake keselen panase munggah maning, nginum obat, adem kringeten, gari gigilen, kaya kuwe bolak balik, duh gusti Alloh paringna sabar. Mulai dina wingi ketambahan ramane melu2 nggo ngeleg gulune lara, puyeng, karo mbuh apa maning kae sing dirasa. Jalarane pas bedug2 panas ngethak2 ujare nginum es teh seger pisan, seger pas kuwe thok buntute gulune lara trus mriang.

25 April 2008

13 April 2008

Donga Istiftah

Mangsalah donga istiftah (sebageyan wong nyebut donga iftitah) menurut Syaikh Abdullah Bin Abdurrahman Ibnu Shalih Alu Bassam, hukum lan penjelasane kaya kiye :
1. sunnah hukume maca donga istiftah pas sholat
2. wektu nggo maca donga istiftah yakuwe neng antarane takbirotul ikhrom karo surat Al Fatihah pas rokaat pertama
3. Donga istiftah dewaca lirih neng sekabehe sholat
4. bahwasane Rosululloh ora ndawakna donga, lewih lewih neng sholat fardu berjamaah sing limang wektu
5. wajib nyonto lan niru Rosululloh masalah donga lan gerakan neng sejeroning sholat
6. khusyuk lan tumakninah pas lagi sholat


(terjemah bebas sekang buku "Taisirul 'Alam syarah Umdatul Ahkam" Penjelasan Hadist Ke 79 halaman 12, Penerbit : Cahaya Tauhid Press - Malang)

12 April 2008

Mastitis

Kanggo ibu-ibu sing lagi pada nyusoni bayi apa sedela maning nyusoni, inyong duwe artikel sing mandan maen kyeh, moga-moga ana gunane...
Mastitis (radang payudara) sering dealami ibu-ibu sing lagi pada nyusoni bayi. Tandane, kulit payudara abang lan bengkak, nek deusap krasa panas, terus payudara rasane lara ora eling.
Carane nyegah radang payudara (mastitis):
1. ASI sing kelewihen cepet-cepet detokna, angger numpuk nyebabna penyumbatan neng payudara lan ujung-ujunge radang.
2. Bayi desusoni sering-sering bae.
3. Nek payudara wis krasa penuh ASI, bayi debujuk kon nyusu, ibu-ibu aja nunggoni ngasi bayi nangis kencoten.
Carane ngatasi radang payudara (mastitis):
1. Istirahat sing cukup.
2. Payudara dikompres karo banyu anget lan adem, gantian.
3. Nggon sing lara dipijet nggo ngurangi penyumbatan ASI.
4. Sing penting aja ngasi mandeg guli nyusoni bayi.
5. Bayi lewih sering desusoni neng payudara sing kenang radang.
6. Nek radang ora mari-mari, gagean berobat maring dokter
(Artikel sekang buku "PERAWATAN PAYUDARA DALAM MASA KEHAMILAN DAN MENYUSUI" Kalbe Farma-Health Food Division)

09 April 2008

Lah akhire bisa internetan maning...

Kulo nuwun sedulur....ngapunten ya nembe teyeng posting maning, critane komputer lawase bodol, engger denggo online byar pet byar pet bae. Alhamdulillah siki wis deganti dadi ya wis bisa aktip maning (biasane be ora aktip mbok lah he..he..) neng Batam kene critane nek golet barang-barang elektronik lumangyan kepenak, dadi wingi ramane Fatih golet karo kancane neng pasar barang elektronik. Pirang ndina bae mubeng-mubeng golet sing cocok ngasi bali mbengi akhire kesasar baline ora ngerti dalan gutul ngumah (maklum lah anu esih anyar sih neng Batam), akhire wingi olih sing pas. Komputer wis joss, terus neng ngumah blogge deothak-athik njajal gawe shoutbox, eh malah dadi...wis ngonoh rika nek pada dolan maring blogge inyong absen disit ya...

02 Maret 2008

Carane wudhu sing bener miturut Rosululloh

1. Niat wudhu neng njero ati (ora de lafalna, sebab rosululloh ora tau nglafalna niat)
2. Ngucapna "bismillah"
3. Ngumbah tlapakan tangan ping telu
4. Kemu lan nyerot banyu karo irung bareng2 trus de semprotna ping telu
5. Ngumbah rai ping telu
6. Ngumbah tangan ping telu (sekang pole jenthik tekan sikut)
7. Ngusap sirah lan kuping ping siji, carane yakuwe sarana nelesi tlapakan tangan trus di usapna sekang ngarep (wates normal thukule rambut) tekan githok terus de labasna ngusap kuping (tlunjuk de lebokna bolongan kuping terus jempole ngusap bagian jaba kuping)
8. Ngumbah sikil ping telu ( sekang jenthik sikil tekan entho2)
ndhisitna sing tengen timbang sing kiwe

(terjemahan bebas sekang buku "kunci ibadah praktis menurut tuntunan Rosululloh" terbitan hikmah ahlussunnah)

18 Februari 2008

Pindahan maring Batam

Dong kae inyong wis crita ya detinggal ramanefatih sewulan maring jayapura. Lah awal wulan Februari 2008 critane ramanefatih pindah guli nyawah neng batam, wong inyong karo Fatih esih neng ndesa dadi mengko methuk ramane neng jakarta nggone bibine inyong. Rencanane mengko ramane nusul ngonoh kaya kuwe. Ora denyana ora dekira mbarang teka maring Jakarta malah udan gede pisan sedina sewengi. Hobine Jakarta nek udan kaya kuwe ya banjir, Alhamdulillah nggone bibine ora kebanjiran. Inyong nonton berita neng TV, jerene lapangan montor mabur Soeta detutup sementara sebabe cuacane ala. Inyong ya dadi was2, wong dina kuwe ramanefatih mabur kang Jayapura maring Jakarta. Tek tunggoni tilpune deneng ora moni2, mbok menawa ramane tilpun. Inyong njajal tilpun nganah ya ora nyambung, jan tambah kebat kebit atine. Ndilalah neng TV ana no tilpun bandara, dadi inyong njalal tilpun meng nganah takon apa pesawat sekang Jayapura wis mudun, dejawab jere lagi mudun disit neng Semarang, wis mandan lega atine. Ora let suwe ramane tilpun jere tekan Jakartane telat nunggoni lapangan montor mabure dibukak maning. Alhamdulillah jam 18.00 wib ramane tekan Jakarta. Tekan ngeneh masalaeh urung rampung, gara2 banjir ora nana taksi apa Damri sing bisa njujugna maring kota, alhasil ramane ora sida maring nggone bibine inyong, nginep neng bandara, inyong sing nusul nganah. Gara2 banjir maning inyong telat tekan bandara, ketinggalan pesawat. Inyong dadi ngresula dewek, jan inyong tah emoh kon urip neng Jakarta "cape deh". Akhire olih pesawat sore, Alhamdulillah bisa tekan Batam. Welcome to Batam...

13 Januari 2008

De tinggal dhèwèkan

Wingi jam 1an awan inyong jujug ramanefatih maring terminal purakerta, dhèwèke arep lunga maring denpasar seperlu nekani kumpulan para kuli sing de anakna saben 6wulan sepisan, jyan rasane koh abot pisan ngesotna ramanefatih numpak bis dhewekan, wong biasane ngendi2 inyong disèngi eh siki enggane nyong de tinggal thila thilo dhewekan neng umaèh ninine fatih, lah mbuhlah tek gawe sante baen jajal...

09 Januari 2008

Mudik maring Jawa

Kulonuwun...nyuwun sewu kyeh kayong mandan suwe ora posting2, anu ora kober. Critane inyong se anak bojo lagi bali ndesa, wong tes ndandeng adoh pisan dadi bali pada akeh sing mburu kepengin ketemu. Apamaning siki baline nggawa buntut siji, ora weruh dong bayi ngerti2 wis gede. Inyong arep crita kyeh, perjalanan Jayapura-Jakarta-Margasana meh sedina sewengi, jane sih numpak montor mabure kur 7 jam, sing suwe sekang Jakarta-Margasana. Lagi sekang Ujung Pandang (Makasar)-Jakarta cuacanane mandan ora cerah, dadi neng njero montor mabur rasane wis ora karu-karuan pisan. Gemradag...kadang ijig2 mudun, munggah maning, goyang kanan goyang kiri, jan mbuh lah kayane arep tiba montor mabure. Anu ora biasa dadi inyong deg deg an lemes pisan, Fatih tek cekeli kenceng mbok ngasi gigal. Lambene inyong ngasi ndower bola bali nyebut. Sing tek gumuni ramane Fatih koh anteng adem ayem bae, tek takoni apa njenengan ora maras? Jere ganu wis tau ngalami sing lewih ngeri sekang siki, dadi ya sante bae. Sante bae..sante bae..mbaeh..jantunge wis kaya arep copot koh, ambekan be ngasi ngos2an saking wedine. Inyong dadi mbayangna setaun kepungkur penumpang Adam Air sing ilang nyemplung segara ndean kana2ne wedine kaya inyong, malah lewih2 ndean. Sukur Alhamdulillah bisa tekan ngumah Margasana waras slamet ketemu wong tua lan sanak sedulur ora ketang krasa lemese esih kegawa-gawa. Oalah buset..buset..