30 Desember 2008

Kemureb

1 Muharam 1430 H barengan tanggal 29 Desember 2008, Maryam anak inyong nomer loro wis genep 4 wulan 7 ndina umure. Alhamdulillah wis teyeng kemureb dewek.

09 Desember 2008

J-Lo


J-lo...??? anu apa kuwe mboke? Jenifer Lopez apa...? ooo....udhu...udhu...pengin ngerti?? kaya kiye critane si Jlo. Pirang ndina kepungkur ramane mbuh lagi kumat apa, apa klalen ora nginum obat, apa lagi ketempel sengtan endi ijig-ijig koh kemutan karo sing jenenge jander. Mulai nggoleti resep neng ingternet ngasi takon-takon maring kanca-kancane neng empeh, ben padha-padha wong Banyumas tapinen inyong ya ora tau krungu apa kuwe jander. Lah inyong takon maring ramane malah diguyu, jere mboke kowe wong Banyumas udhu sih, jander kuwe mbok panganan khas Banyumas, asale sekang glepung jagung ditambaih santen karo gula Jawa. Genah inyong seumur-umur ya ora tau weruh apa maning mangan ya tetep ngotot jander udhu panganane wong Banyumas (biasane ramane anu cokan ngarang dewek he..he..), nembe pas garwone kang khamsi posting jander neng bloge pakngapak inyong nembe percaya, oalah kaya kiye sing jenenge Jander alias bubur jagung. Bar kuwe ramane nggaclek njaluk digawekna jander, lah wong inyong blas ora tau gawe ya ora ngerti takerane bahan-bahan sepira, guli gawe kepriwe, adonane dadine kepriwe, tapi anu wong tercinta sing order ya sok-sokan percaya dewek baen bisa gawe. Inyong ngomong maring ramane ya inyong gelem gawe tapi instruksine kang rika ya, inyong kur gari nyampur-nyampur bahane.
Mboke : “Ma..ramane angger inyong kon nutu jagung dadi glepung tah ngedap, nganggo glepung jagung sing wis dadi bae ya, tuku neng tokone bu sus”
Ramane : “Lah apa ana sih glepung jagung sing wis dadi?”
Mboke : “Ya ana ramaneee...jenenge maizena, kae neng toko-toko bera didol”
Ramane : ”Maizena mbok sing nggo campuran angger lagi mangan roti, kae sing lengket-lengket warnane putih, inyong tau mangan pas neng hotel” (ngeyel)
Mboke : “Ya udhu, maizena ya glepung jagung” (melu ngeyel)
Ramane : “Udhu..!!!!” (tambah ngeyel)
Mboke : “ Kae jenenge mayoneis ramaneeee....” (mulai jengkel)
Ramane : “ Udhu, kae jenenge maizena” (tetep ngeyel)
(Inyong jengkel temenan kyeh, kabur mapan turu)
Eh..eh.. ramane ngomong maring biyunge pengin mangan jander, lah kae mertuane inyong ngomong daripada kesel-kesel nutu jagung mending nganggo glepung jagung sing wis dadi ya kuwe MAIZENA. Jen pancen angger domongi cokan ngeyel, nembe angger biyunge sing ngomong nggugu. Inyong ngomong ngasi lambene meniren maizena ya glepung jagung tetep ora percaya. Ngesuke inyong tuku maizena karo kelapa, neng dapur ramane sing ngomong ukurane, inyong kur gari nyampur.
(inyong ndelah maizena 100 gr meng baskom)
Ramane : “Kabehan bae mboke 200 gr, separo ya dadine sipet”
Mboke : “Santene semene?”
Ramane : “Tambah maning”
Mboke : “Gula jawane semene?”
Ramane : “Maning...mengko ora legi!”
Bahane wis dicampur kabeh terus dimasak neng kompor, jere kon nganggo geni cilik ya manut bae. Diaduk-aduk ngalor ngidul ngetan ngulon, deneng dadine mbrekicil-mbrekicil ya ora alus, ramane ngomong...mboke dadine tah ora kaya kiye, alus adonane...wih meneketehe wong inyong ora tau weruh jander wujude kaya apa ya tetep ngaduk bae. Neng mburine inyong, ramane wis berkicau terus udhu kaya kiye dadine...udhu kaya kiye dadine karo mlaku ngalor ngidul bolak-balik kaya gosokan.
Mboke : “Kiye wis mateng, njajal dicicipi ramane, kayangapa rasane!”
Ramane : “Enak..enak..tapi kiye tah udhu jander mbokeeeeee, bentuke ora kaya kiye.”
Mboke : “Lah dadine kiye apa ramaneeee???”
Ramane : “Kiye tah jenenge Jlo, Jander balo alias jander ora dadi.”
Wekekek ramane mangan karo gemuyu bae, inyong terus ngomong pokoke dientong guli mangan, inyong wis kesel-kesel gawe! He..he..he..akhire ramane mangan jander balo, wal wel diawel-awel dewek, ramane nggolet bala Fatih kon melu ngentongna Jlo, Fatih e nyicipi sethithik langsung kabur...emooooh...hi..hi..hi..melas temen ramane.