24 November 2009

Mblajari Anak Sinau


Dadi ibu lan nduwe anak kuwe fitraeh wong wadon, sapa bae sing arane wong wadon (qodarulloh)bisa meteng lan nglairna anak. Tapi sing arane ndidik anak, mblajari anak kon dadi bocah sing sholeh sholehah lan pinter ora kabeh wong bisa sabar, contone inyong bae, lair dadi anak bontotan, ora nduwe adi, ora tau ngrasakna kepriwe ngrumati bocah cilik, ujug2 mbarang mbojo terus dititipi Alloh bocah loro lanang wadon. Sing arane menungsa, ya inyong kelebu ngonoh, kadang yang ora sabar ngadepi tingkah polaeh anak2 ke inyong, apamaning anake inyong loro esih cilik2, sing mbarep Fatih siki umure 2 taun 5 wulan, sing keloro Maryam 1 taun 4 wulan. Senenge pada nggawe mboke stres...umpamane bae angger esuk2 umah wis rapih diberesi, eeeh...dolanan neng kranjang desuntek kabeh...bar dolanan ora gelem mberesi...angger deprentah kon mberesi Fatih sing wis pinter ngomong ana bae alesane, ngelessss.....tapi kiye bocah2 loro ora njengkelna thok polaeh...angger lagi lucu tur nyenengi yaaaa mboke guli ngesuni ngasi pipine entong (apa iya sih mboke???)Alhamdulillah Fatih dewei neng Alloh utek sing mandan nyanthelan (ngakune ramane jere keturunane deweke, blehhh!!!)neng ngumah nguja inyong ora ngingu TV, dadi aben ndina kuwe neng ngumah sing moni murothal Al Qur'an mulai suratan dawa ngasi juz 30 suratan sing cindek2....ndean gara2 aben ndina desetelna murothal, Fatih ora tek waraih bisa nirokna dewek, Alhamdulillah siki wis bisa ngpalna Surat Al Fatihah, Al Ikhlas, Al Khautsar, karo Annas, kuwe sing apal ayat kabeh sekang ngarep tekan mburi, angger suratan liyane urung apal kabeh, ana sing apal ngarep ayat, tengah2 apa mburine thok...ya inyong karo ramane ora maksa bocaeh kudu kon apal, sesenenge bocah bae, syukur apal ora apal ya genah urung wayaeh. Donga2 sedina dina ya Alhamdulillah wis ana sing apal, kaya donga arep bubu, arep maem, mlebu hamam (kamar mandi), metu hamam, donga angger ana udan, lan nguculi klambi. Metode inyong angger Fatih kon teyeng ngapalna donga2 ya pada bae kaya ngapalna suratan Al Qur'an, tapi ora nganggo MP3 apa winamp tapi lewat hp, dadi inyong ngrekam suarane inyong neng hp lagi maca donga terus Fatih kon nyekel hp ne demonikna, desetel ULANG AKTIF dadi monine deulang terus, sebab krungu terus terusan dadi ne ya apal dewek. Inyong karo ramane cokan ngucap Alhamdulillah dewei anak Fatih karo Maryam. Angger Maryam polaeh urung kaya mamase tapi ya alhamdulillah perkembangane cepet, gemiyen teyeng njagong dewek (ora dijagongna) umur 5 wulan, umur 10 wulan wis teyeng mlaku, dadi gemiyen ya lucu pisan esih cilik uthuk uhtuk wis teyeng mlaku. Siki angger arep BAB wis teyeng ngomong EE...EE...pepop (cebok)...angger Maryam sing penting inyong ngajari karo omongan terus tindakan terus InsyaAlloh teyeng jalaran ana sing dadi panutan lan bisa deconto...yaaa Alloh paringna kula kesabaran lan ketekunan ngrumat ingkang panjenengan nitipken teng kula, mugi2 dados lare ingkang sholeh sholehah....Amin

Blogspot

Alhamdulillah...blog e inyong wis teyeng dibukak maning...ujare inyong wingi gara2 diuthek2 dadi ora teyeng debukak...jebule gara2 pak thifatul sembiring yah...wis lah sing penting siki wis bisa ndopok maning neng kene...

20 Oktober 2009

Ati-Ati Bahaya Plastik

Plastik yakuwe salah sawijining bahan sing gampang detemukna meh neng kabeh barang kebutuhan menungsa. Wiwit sekang botol nginum, panganan, pipa pralon, plastik laminating, untu palsu, compact disk (CD), kutex (pembersih kuku), mobil, mesin, pralatan kantor ngasi bungkus panganan. Sebab kuwe wis mesti awake dewek pernah nganggo lan nduwe barang-barang sing mengandung plastik. Salah sijining barang sing nganggo lan mengandung Bisphenol A yakuwe industri panganan lan inuman, plastik sing nggo nutup panganan, botol banyu mineral, lan botol bayi, tapi siki ya wis ana botol bayi lan penyimpan panganan sing ora mengandung Bisphenol A dadi aman dinggo mangan.
Plastik denggo sebab praktis, ora gampang pecah lan relatif murah, tapi plastik uga nduwe risiko meng lingkungan lan kesehatan. Sebab kuwe awake dewek mesti ngerti plastik-plastik sing aman denggo. Kiye arti sekang simbol-simbol sing biasane detemukna neng aneka produk plastik.

#1. PETE utawa PET (polyethylene terephthalate) biasa denggo nggo botol platik sing bening / transparan / tembus pandang kaya botol banyu mineral, botol jus, lan meh kabeh botol inuman liyane. Botol-botol sekang bahan #1 lan #2 derekomendasikan kur nggo sepisan, aja denggo nggo banyu anget apamaning panas. Buang botol sing wis suwe utawa wis keton mblaret mblaret.

#2. HDPE (high density polyehylene) biasane denggo nggo botol susu. Pada karo #1 PET, #2 uga derekomendasikan kur nggo denggo sepisan.

#3. V utawa PVC (polyvinyl chloride) yakuwe plastik sing paling angel dedaur ulang. Plastik kiye bisa detemukna neng plastik pembungkus (cling wrap) lan botol-botol. Kandungan sekang PVC yakuwe DEHA (di ethyl hidroxyl amine) sing ana neng plastik pembungkus bisa bocor lan mlebu mring panganan berminyak angger depanasna, PVC duwe potensi bahaya nggo ginjal, ati lan abote awak.

#4. LDPE (low density polyethylene) biasa denggo nggo wadah panganan lan botol-botol sing amoh. Barang-barang sing nganggo kode #4 bisa dedaur ulang lan apik nggo barang barang sing perlu fleksibilitas tapi kuat. Barang sing nganggo kode #4 bisa deomong ora bisa dehancurna tapi tetep apik nggo wadah panganan.

#5. PP (polypropylene) yakuwe pilihan sing paling apik utamane sing berhubungan karo panganan lan inuman kaya wadah nggo nyimpen panganan, botol inuman lan sing paling penting botol inuman nggo bayi. Karakteristik e yakuwe biasane botol transparan sing ora bening utawa berawan. GOLET SIMBOL SING KAYA KIYE ANGGER TUKU BARANG BERBAHAN PLASTIK

#6. PS (polystyrene) biasane denggo nggo wadah panganan STYROFOAM, wadah inuman kanggo sepisan, lan liya liyane. Bahan polystyrene bisa mbocorna bahan styrene maring njero panganan. Bahan styrene bahaya kanggo otak lan sistem syaraf. Seliyane wadah panganan, styrene uga detemukna neng asap rokok, asap kendaraan, lan bahan kontruksi gedung. Bahan kiye kudu dehindari lan akeh negara bagian neng Amerika wis nglarang styrofoam nggo wadah panganan lan inuman.

#7. Other (biasane polycarbonate) bisa detemukna neng wadah panganan lan inuman kaya botol olahraga. Polycarbonate bisa ngetokna bahan utama ne yakuwe Bisphenol-A maring panganan lan inuman sing berpotensi ngrusak sistem hormon. HINDARI BAHAN PLASTIK POLYCARBONATE (inyong dewek weruh simbol kiye ana neng botol galon banyu mineral merk terkenal A**A)
(Dejukut sekang buletin Komet Kalbe group edisi wulan Oktober 2009)

27 September 2009

pitung dina seuwise lairan

anu kur nggo pengeling eling, sapa ngerti duwe anak maning......
seliyane nyiapna anggaran nggo tuku popok, minyak telon, bedak lan uba rampe liyane, perlu juga (kiye malah penting banget !!!) siap siap nggo nganakna acara pas dina kepitu sewise lairan yakuwe:

1. nasikah utawa cara ndesane inyong dijenengi aqiqah
lha sing perlu desiapna yakuwe anggaran nggo tuku wedhus lan bumbu bumbune,
nek anake lanang wedhuse loro lan nek wadon cukup siji baen
2. cukurane si bayi nek bisa de cukur gundhul
persiapane ya mung tuku silet utawa peso sing landhep nggo nyukure
3. nyiapna jeneng sing apik nggo si bayi
gari nggolet neng buku jeneng jeneng bocah sing de dol neng pasar utawa takon wong sing pinter njenengi bocah, sing penting jenenge apik lan ora mlanggar aturan agama
4. undang undang tanggane kon mangan iwak wedhus sing wis de masak utawa nek ora kober ya cukup de jujug jujugna baen maring tanggane (mayan ngirit ora ngumbaih pirng kotor heheh)
5. nek ora agi sibuk banget ya gagiyan baen ngetepet maring catatan sipil seperlu gawe akte lair ben ora kesingsal....

12 Mei 2009

Papuma (Pasir Putih Malikan)


Tanggal 9 Mei 2009....tanggal abang....vesak day alias dina waisak.....asiiiiiik mlaku-mlaku maning. Dong winginane preian mlaku-mlaku maring galaxy, siki gentian arep mlaku2 maring watu ulo. Jajal siy daerah Jember kabeh arep deambaih, ora ketang kudu nunggoni tanggal abang disit, lah iya nek ora tanggal abang ya langka supire, wong supire mangkat macul siy ya. Inyong sekeluarga mangkat bar dhuhur, benaeh Fatih wis athak ithik ora sabar pengen gagiyan mangkat, ya mayuh lah mangkat....tariiiik.....wuzzzz metu ngumah ngisi bensin disit neng dalan teuku umar terus mbalik maring arah kota seperlu njukut fulus disit, terus laju maning ngliwati prapatan pasar tanjung belok kiri, terus mlaku ngliwati rumah sakit IBI...hotel Panorama...ana prapatan maning belok kanan maring arah Tegal Besar....teruuus mlaku ketemu pertelon belok kanan sing arah kecamatan Jenggawah. Ora krasa jebule watu ulo kuwe adoh yah....apamaning mlebu daerah kecamatan ambulu ora ngira udan gedeeee ketambahan dalane banjir, padahal pas neng Jember puanaaas banget. Siji...loro...telu...mlaku bae yuh....udan ora dadi alangan, jalan teruuuus. Eh lah dalah mlaku bae deneng udane ora mandeg-mandeg yah, duh ngasi kesasar, pas neng prapatan kecamatan Ambulu kudune lurus malah supire belok kiri, mbuh dalan maring endi, tapi ana mangpangate dadi weruh pesareane Brawidjaya, eh mbuh kuwe temenan pesareane prabu Brawidjaya temenan apa udu ya ora ngerti, wong neng gapurane ana tulisane BRAWIDJAYA gede kaya kuwe. Akhire mbalik arah, ketemu prapatan sing mau belok kiri maring arah watu ulo. Alhamdulillah udane mandeg, ngliwati daerah pesisir, khas banget hawane wis adem...angine adem...mlaku terus deneng siy ora jog-jog laut yah...eh ndilalah pas neng tengah dalan ana plang gede penunjuk arah ana tulisane TANJUNG PAPUMA, siji..loro..telu...uteke inyong karo ramane klop MARING NGANAH BAE....ya wis lah akhire ra sida maring watu ulo, mbelok maring kanan mlebu dalan sing jog papuma. AllohuAkbar...jebule dalane maeeen pisan (waca:kewalikane), dalane rung deaspal!!! Waduh dud duh turut ndalan goyang goyang kanan kiri karo lambene ora keri moni ngomongi ramane kon ngati2, watune nek deidek pada mlayu maras mbok kepleset. Jane pemandangan neng kanan kiri dalan Subhanalloh apiiik, wit2 jati pada jejer duwur pisan. Alhamdulillah akhire metu sekang dalan watu2, loket papuma wis keton, mandeg tuku karcis 11.000 wong loro, terus mlebu meng lokasi, wow!!! Dalane munggah ana 30 drajat ndean, ana tulisane GUNAKAN GIGI SATU, manut aturan pindah gigi siji, Allohuakbar manjat...jat...jat...terus temuruuuun subhanalloh...subhanalloh...manjat maning...temurun maning....Alhamdulillah jog nggon parkiran. Pemandangane subhanalloh apik pisan, pantai ijo bersih, bebas sampah, pasir putih terus ana watu2 gede sing jejer2, dadi kemutan kaya dong neng papua, iya kurang lewih ya kaya kuwe lah rupane. Inyong karo maryam njur jagongan neng panggonan sing biasa nggo jagongan, fatih karo ramane merek meng laut. Jere ramane....angger ombake teka karo njunjung sikil (wedi banyu) karo ngomong glundung...glundung...glundung...buzzz (ombake pecah neng pantai), he..he...kegawa gawa monine angger dolanan game zuma. Ora krasa wis mlebu wektu ‘asar, inyong karo ramane njur goleti mushola arep sholat ‘asar disit seurunge bali ngumah. Nah pas inyong sholat jere ramane kandah2 kandah karo bapak2 pengunjung papuma, sebenere watu ulo kuwe jejeran karo papuma, dadi neng sebelah kirine papuma, sekang papuma ya keton. Angger watu ulo sing ngelola pemda nah angger papuma sing ngelola perhutani. Ana rong dalan sing bisa jog papuma, sepisan dalan sing deliwati inyong karo ramane, ngliwati kebon jati sing dalane watu2, sing keloro liwat dalan aspal, tapi joge watu ulo, angger deterusna gutul papuma, lewat ngeneh bayare pindo, sepisan mlebu watu ulo mbayar, terus mlebu maring papuma mbayar maning. Angger liwat dalan watu2, mbayar sepisan mlebu papuma, angger arep nerusna meng watu ulo ora mbayar maning. Dadi kaya kuwe critane....Alhamdulillah mau liwat dalan watu2 dadi ora mbayar dobel2 yah...Wis rampung sholate, inyong sekeluarga bali ngumah, turut ndalan ngasi jog Jember udan bae, Alhamdulillah pas adzan maghrib wis tekan ngumah.

15 April 2009

Mlaku-mlaku Bareng Keluwarga

Mandhan suwe kiye inyong ora ngapdet blog, kayane wis ana sewulan lewih apa ya. Genah anu ketungkul umek ngurusi sodara bojo tercinta karo ngurusi Fatih Maryam. Enggane nembe be ngurubna kompi, Fatih Maryam ribut ana sing sira njaluk nginum, jajan, gendong, lah werna2 penjalukane, akhire ya ngenet kur tilik2 thok karo maca berita, wis, bar kuwe sipet maning. Kiye inyong arep crita pas preian andengane wingi kae, rencana tah ramane dejeki kancane sing manggon neng Surabaya kon meng nganah, mengko dejeki muter muter maring kebon binatang. Dimine tah semangat 45, eh mbarang depikir pikir maning, lah ngedap, Surabaya mbok panas banget, mengko malah dadi puyeng siraeh, apamaning numpakmobil, lah ketambahan gawe gara2 baen, ramane bisa-bisa mabok pitung ndina pitung mbengi. Ya wis lah akhire inyong karo ramane niat muter2 kota Jember baen nggo ngisi preian, ben ora sumpeg, arep maring watu ulo ya ndeleng apa, anane kur laut, gemiyen lagi neng Jayapura ya wis bosen ndeleng laut aben ndina, lah genah umaeh ngadepi laut. Bar sholat dhuhur, Fatih Maryam wis didhandhani, wis lengkap, mangkat lah inyong sekeluarga jalan2. Ora ngerti arep meng endi, sing penting mlaku baen nuruti dalan. Metu sekang perumahan belok kanan nglieati jalan letjend. Sutoyo, gutul pertelon Armed belok kiri, mandeg ana lampu bangjo, terus belok kanan maning maring arah Tegal Besar, teruuuus mlaku ora nggenah. Eh terus ana perumahan Tegal Besar Permai, njir inyong ngomong meng ramane njajal mlebu yuh ndeleng2 umaeh, apik2 apa ora, angger apik2 yah taun ngarep pindah. Waduh jebule ora mengini umaeh, ora akeh sing nganggoni tur panas pisan soale langka wit2witan gede. Ya wis lah metu baen sekang perumahan kuwe terus mlaku maning. Tekan pertelon sing nek belok kanan maring arah terminal Tawang Alun, inyong milih belok kiri dalan sing arah maring bandara. Njajal siy degoleti bandarane kayangapa rupane, jere wong2 pada ngomong ana bandara neng Jember. Sekang dalan gede, belok kanan kurang lewih 1500 meter mlebu dalan desa. Waduh waduh aja mbayangna kiye dalan maring bandara Noto Hadinegoro apike kaya dalan maring bandara sokarno-hatta, kiye dalan ambane kurang lewih kur 2 meter, alus tah iya ndean anu nembe deaspal, tapine sing tek gumuni, arep maring bandara koh ndadak blusukan maring kebon wit jarak. Inyong dadi gemuyu dewek karo ngomong maring ramane, lah angger dalane kaya kiye sih kepriwe, masa iya mbekayu Dewi Persik arep bali meng Jember ndadak mampir disit maring kebon jarak he..he..langka lampune, mestine angger mbengi ya peteng ndedet. Hu lah akhire gutul bandara Noto Hadinegoro, sepisan maning aja mbayangna kiye bandara kaya bandara Soeta Jakarta, Juanda Surabaya, Sentani Jayapura, Hang Nadim Batam apa bandara2 neng kota gede liyane, bandara Noto Hadinegoro Jember kiye gedonge cilik, karo stamplat malah gedean stamplat, kur ana telung nggon, sing tengah nggo terminal keberangkatan, sebelaeh nggo terminal kedatangan, sing sebelaeh maning mbuh nggo ngapa ora nana tulisane. Jyan inyong mikir2 kiye duwit sing nggo gawe bandara sepira yah, wis degawe kaya kiye malah kur denggo sedela, siki mangkrak ora oprasi maning. Sapa sing gelem enggane arep maring Surabaya kudhu ngetokna duwit 300 ewu, iya sedela thok tapi mbok eman2. Angger numpak sepur sih paling larang 20 ewu wis tekan Surabaya. Ya kuwe akhire langka sing numpak, akhire bandarane detutup, eman2 banget mbok sedulur???? Wis lah ngomongi bandarane wong Jember. Sekang Bandara inyong sekeluarga mlaku maning maring arah mbuh ngendi, sing inyong emut tah ngliwati desa Wirowongso, desa lengko terus mbuh apa maning. Nah...mbuh neng ndesa apa jenenge inyong klalen ana kebon karet nggone PTPN XII, daeraeh adem, soale akeh wit2an, ya kuwe wit karet, turut ndalan wit karet thok, eh ora nguja nemu nggon plesiran jenenge Super Galaxi. Disite tah arep ora mampir, tapi ya akhire parkir njajal mlebu nonton ana apa baen siy. Oalah jebule Super Galaxy kiye anu pusat perbelanjaan, tapi degabung neng sebelaeh karo nggo tempat hiburan. Sebelah toko ana taman sing detata rapi ana kembange, ana kebon binatang mini, banyu muncrat karo warung2 panganan. Fatih karo Maryam abane seneng pisan kon ndeleng kewan2, ana manuk kasuari, kidang, kancil, kethek, landak, manuk elang Jawa, manuk uhu alias burung hantu, iwak lan liya2 ne. Pas neng ngarep kandang manuk kasuari, inyong ngomong maring Fatih, tih kae burung kasuari eh Fatih guli nirokna ngomong bunung kacus ya inyong karo ramane gemuyu baen ngrungokna Fatih ngomong. Ora krasa mlaku2 neng Super Galaxy jebule wis mblebu wektu ngasar, akhire inyong sekeluarga bali meng ngumah, ora keri tuku dolanan bal abang nggo Fatih, kon bungah baline, angger Maryam tah esih cilik ya ora tukokna apa2. Seneng rasane bisa ngentongna wektu preian bareng2 keluwarga, ngesuk2 angger ana wektu pas dina prei, mlaku2 maning ben bocahan seneng (mboke ya seneng).

08 Maret 2009

UBUNTU 8.10

Wingi awan bali macul karo ngguyu-ngguyu ramane nidokna paketan isi cd. Jere ramane nembe dekirimi cd software ubuntu gratis sekang negara Netherland ngkana. Iya gratis tis, kur ngganti bea liwat kantor pos telungewu perak.


Inyong anu ra mudeng kuwe cd apa ya mung iya iya thok, banjur takon anu cd apa siy kuwe ramane? Dejawab neng ramane kiye anu cd ubuntu, lah apa maning kuwe inyong tambah ra ngerti. Kayan kayane tau krungu ubuntu, pernah maca neng dunyane si maya, tapi ya rung patiya paham pisan. Mbarang debukak kiye isine cd ana tulisane UBUNTU 8.10 DESKTOP EDITION karo stiker tulisan UBUNTU linux for human beings.


Lah genah anu ora mudeng ya inyong nyrocos takon maring ramane, njaluk deterangna apa anu panganan apa kuwe ubuntu. Mbarang wis dejelasna, oalah anu kaya kuwe jebule….anu pada bae karo Microsoft windows, dadi ubuntu linux kuwe anu sistem operasi. Wong inyong kur mbok mbok rumah tangga ya ora ngerti urusan kaya kuwe, ngertine ya kur lombok karo brambang. Gemiyen lagi esih sinau neng sekolahane mbah Soedirman inyong ngertine ya kur system operasi computer windows sing gawe perusahaan Microsoft, programe ya ngertine kur Microsoft word, excel, karo power point. Eeeh mbarang siki wis mandeg sinau neng sekolah formal koh metu bab bab anyar sing wis maju kaya kuwe. Balik maning maring crita kiye, ana setengah dina dewek ramane nginstal ubuntu linux neng kompi terus uthak uthek desinauni kepriwe guli ngoprasiknane. Tek akoni ramane kiye jyan anu wong calakan, apa2 pengen ngerti, angger rung teyeng dewek ya rung gelem mandeg, angger inyong ya ora ngerti ya uwis, ngenteni ana wong sing gelem maraih. Mbarang wis sore, kayane ramane wis menguasai ubuntu linux kiye, karo mbengok mbengok nyeluki inyong sing lagi nyusoni maryam, mbokeeee kiye wis dadi, ngeneh merek tek waraih cara nganggone ubuntu. Ben inyong kur anggota DPR (waca: dapur) sing kur pura ngumbaih, masak, nggosok, ngrumat anak bojo karo umah, tapine ramane kiye mesti aweh inpormasi apa apa sing anyar, jerene inyong kon aja dadi mbok mbok rumah tanga sing kuper, kuin bin gaptek dadi ora ngisin ngisina ramane (halah). Dewaraih sekarang awal2 mbukak ubuntu linux, ngisi username karo password, terus deterangna isine, eh jebule ya meh pada karo Microsoft windows, program sing nggo nulis2 nek neng windows arane Microsoft word, nek neng Ubuntu arane open office.org.word processor, trus angger Microsoft excel pada bae karo open office.org spreadsheet, lah angger Microsoft power point pada baen karo open office.org presentation. Sekilas rupane kiye program meh pada baen, tapi ya jenenge barang loro ya mesti ana bedane mbuh ketang semending. Wong inyong kiye dearani pinter ya ora, ning bodo ya ora, yaaa pas pas an lah kaya kuwe, dewaraih sepisan InsyaAlloh ya teyeng (nek agi ora klalenan he..he..), mengko toil angger wis sering weruh tur nganggo bisa lancer dewek. “Lah nggaya temen mboke, nganggoni ubuntu arep nggo ngapa????” lah pengangguran soten angger akhir bulan karo awal bulan inyong keduprukan ngrewangi ramane nggaweni lapuran wulanan, yah pokoke simbiosis mutualisme lah, pada2 untung, ramane untung lapurane ana sing nggarapna, lah inyong untung olih upah sekang ramane, apa baen sekarepe inyong, njaluk detukokna apa asal ora larang bae mesti detukokna ramane. Wis lah pokoke siki kompine inyong ben rupane ora maen tapi isine maen, kari arep milih arep nganggo Microsoft windows apa ubuntu. Kesuwun ya ramane wis maraih inyong, ora salah inyong gelem dadi bojone rika he..he..he..suwun…suwun...suwun...

21 Februari 2009

Maryam lulus ASI eksklusif

Alhamdulillah dina kiye Setu tanggal 21 Februari 2009 Maryam anak inyong wis umur 6 wulan. Hureeeee akhire inyong sukses aweh ASI eksklusif maring Maryam, bungah…bungah…bungah pisan rasane, lah iya wong gemiyen pas Fatih bayi inyong ora bias nusoni suwe sebab mriang malaria. Mangkane inyong duwe tekad sing gedeeeeee banget, kapanane inyong duwe anak maning arep tek susoni dewek ora nganggo susu formula susu formula an, seliane lewih bergizi ASI tur gratis ora ndadak tuku neng toko, kur gari jel nyot..nyot..wareg Maryam…mau esuk Maryam wis tek jajal kon mangan bubur, udu bubur cap SUN, Promina, Milna. apa Nestle, kiye langka sing mangan seliane Maryam, iya lah anu bubur cap mboke, alias inyong gawe dewek, sekang glepung beras putih, digawe bubur terus ditambaih madu semending, inyong sih wis nggoleti resep2 bubur nggo maryam, Alhamdulillah nemu akeh, dadi Maryam mangane akeh variasine, ben ora bosen. Iya inyong siki semangat banget aweh sing terapik nggo anak, apa baen, gemiyen pas fatih cilik ya iya, tapi rung ahli ngurus anak, mangane ya esih bubur instant, sing gampang guli gawene. Alhamdulillah Maryam bocaeh sehat (MasyaAlloh, Barokallohufiykum), lemu imlek..imlek..nggemesi pisan, raine jipleeek karo ramane. Eh..eh..cilik2 soten Maryam kye perkembangane (Masya Alloh) cepet pisan, umur 5 wulan lewih seminggu wis teyeng njagong dewek, seminggu maning teyeng nglangsur, terus siki wis mulai arep ngadeg2, cekelan karo barang2 sing neng pereke, kadang cekelan inyong, kadang ya cekelan kasur, inyong anu cokan maras, wong esih cilik menurute inyong. Gemiyen Fatih umur semeno ya esih ngaplang2 urung teyeng ngapa2, nglangsur nembe teyeng umur 7 wulan, mbrangkang 8 wulan, terus njagong dewek umur 9 wulan. Genah tek deleng2 beda banget antarane Fatih sing diempani susu formula karo Maryam sing diempani ASI, jyan ASI genah langka tandinge. Gemiyen inyong ngasi nlangsa ora teyeng nyusoni Fatih, angger ana wong sing lagi nyusoni anake rasane kepriwe kaya kuwe, iriiii, kesuh, sebel, capur bawur ora nggenah. Siki sih wis bungah, angger ana sing takon, anake disusoni apa??? Langsung njawab ASI thok, uuuh bangga pisan. Tapi ya…inyong ya cokan gumun maring wong sing Alhamdulillah diwei banyu ASI akeh lancar, sehat, ora lagi mriyang, koh malah anake disusoni sambung susu formula, apa babar blas ora disusoni ASI, padahal kiye wong ya anggur angguran neng ngumah alias udu wanita karier, ujare inyong ya eman2. Ujare nek diwei susu formula kuwe lewih apik ndean, padahal ya…selarang larang e susu formula, tetep lewih berkualitas ASI, jeer ana sing ngomong, angger susu larang ya kualitase apik, ora!!! Sepisan maning ora!!! Mayuh lah ibu-ibu sing urung meteng, sing lagi meteng, sing dela maning babaran, awake dewek aweh ASI meng bayi2ne dewek , minimal ASI eksklusif 6 wulan lah. Urip ASI…urip ASI…urip ASI…

15 Januari 2009

Sakinah

Nyuwun sewu kye inyong kur arep nulis thok...pengen crita...angger ana sing ora seneng karo tulisane inyong ya gageyan di “close” bae blog e inyong. Ora nguja anding wingi mbengi, biasa lagi mlaku2 neng internet koh nemu tembung TA’ARUF eh njajal tek bukak, jebul isine anu tulisan komentar2 soal sinetron Ta’aruf . Mandan tertarik komen2 ne ya ana sing mandan karo nggrundel, kesuh, tapi ya ana sing ndukung alias penggemar berat sinetron kyeh. Inyong karo ramane genah ora ngingu TV dadi ora ngerti ana sinetron kaya kiye sing rame dadi bahan pembicaraan , ya siki mbuh kuwe sinetrone wis bubar apa urung, inyong kur arep komen semending karo tokoh utama wadon sing dijenengi SAKINAH sing dadi tokok e asline jenenge Razz Florean (kye inyong ngerti ya sekang internet). Dicritakna wong wadon kye muslimah berjilbab tur nganggo cadar (kye sinetron kena pengaruh booming film AAC apa yah???) ningkah karo wong lanang jenenge FAUZAN sing dadi Sahrul Gunawan, anu ora berdasar cinta (Apamaning pacaran???) dadine rumah tanggane runyem ora harmonis (sing harmonis ya mboke karo ramane Fatih he..he..). Sengertine inyong neng dunia nyata akeeeeh banget wong sing ningkah anu kenal sedela istilaeh basa wong2 kuwe ta’aruf ya Alhamdulillah pada lancar2 bae, kuwe sebab ningkah e nggolet ridho Alloh semata. Eh balik maning Sakinah, inyong maca neng internet kyeh, dicritakna bar pegatan karo Fauzan langsung ningkah karo dr.Ruben trus meteng, akhire ora ngerti ramane sapa. Lah angger neng dunia nyata, wong sing kaya Sakinah kuwe semending mending ya mestine pernah melu ngaji, masa ora ngerti masalah masa iddah (kye sing akeh diprotes penonton), nembe bae pegatan koh langsung kawin maning karo wing liya, wong bodo, sing ora sekolah duwur istilaeh wong awam be ya ngerti karo bab masa iddah. Terus maning (esih maca sekang internet) Sakinah mbukak cadar e neng ngarep wong lanang udu bojone apa mahrom e????? Neng dunia nyata inyong yaqqqqin nek sing tau melu ngaji ora kaya kuwe. Lah maning kyeh, inyong ndeleng neng internet, lagi pas pengantenan si Sakinah kye nganggo klambi kebaya, kudung modern warna putih kaya Inneke tapi koh nganggo cadar????? Aneh!!!! Sengertine inyong wong sing kaya Sakinah kuwe angger lagi mantenan ya tetep nganggo klambi longgar istilaeh klambi abaya, trus tetep kudungan gede, dadine ya aneh mbok ndeleng klambi sing dinggo Sakinah???? Inyong be ya gemuyu dewek Inyong kur aweh nasehat maring sing tukang gawe crita sinetron kuwe, mbok iya angger arep nguripna tokoh kye ditiliki ndisit neng dunia nyata biasane kepriwe, dadi angger wis diunggahna neng sinetron ora ganjil tur akeh sing protes, ya jelazzz bae akeh sing protes (termasuk inyong), ora..ora..inyong ora nyalahna Sakinah (mbak sakinah aja jengkel karo inyong!!!) inyong 100% nyalahna sing gawe crita, critane wagu, ora pas karo kenyataan, inyong jengkel kyeh, apamaning maring penggambaran tokoh sakinah e, njajal ra usah digawe tokoh nganggo cadar, cukup nganggo kudung thok, nganggo cadar gitu loh (basane cah2 gaul) dicritakna kaya kuwe, inyong ora rila...inyong ora rila...inyong telat yah guli ngerti masalah kiye, ya sepisan maning genah inyong ra nduwe TV ya ora tau ngikuti sing jenenge sinetron, apamaning sinetron Indonesia sing biasane kur nguber peringkat duwur thok. Ganengan sih ya pas lagi inyong karo ramane bali meng ndesa numpak sepur logawa, ana tukang ngamen, karo liwat karo ngomong ana Sakinah...ana Sakinah...lah inyong anu ora mudeng ya meneng bae, pikire inyong kae wong mbuh ngomong apa...mangsude apa...mbarang inyong ngerti oooooh kae toh mangsude....(mangsude apa mboook????) mbuh lah..wis..wis..bubar..bubar..

14 Januari 2009

Latung oh latung....


Minyak gas...lengo gas...lenga latung...minyak tanah...jeneng beda-beda tergantung neng daerah endi tapine barange pada, angger inyong sih biasane ngarani lenga latung (wong Banyumas sih...). Kye inyong arep crita, ora nana angin ora nana udan ujug2 koh inyong diwei ngerti angger mulai wulan Januari 2009 lenga latung neng komplek nggone inyong arep ora nana, agen mitan neng ngarep umahku ngomong wulan Januari wis ora dijujugi maning. Dong agi inyong nembe sekitar sewulan neng Jember dijaluki KK nggo pembagian kompor karo tabung gratis kang pemerintah, tapine wong nembe bae pindah esih beres2 ketambahan terus babaran Maryam ya ramane urung sempet gawe KK karo KTP, alhasil ya ora olih jatah kompor gas karo tabung cilik 3 kg. Ganu tah niate arep tuku sing 12 kg kaya sing dong neng Batam, tapi takon2 jere regane sekitar 600 ngasi 700 ewu, lah eman2 pikire inyong karo ramane, kae tabung sing neng Batam arep digawa meng Jember ya kepriwe carane, numpak pesawat mbok ora olih nggawa tabung gas, mengko nek meledak lah inyong kon tanggung jawab, akhire tuku kompor Hock neng Pasar Tanjung Jember, pira yah lagi kae regane inyong klalen, pas semono lenga latung esih lancar, tuku ya ora usah adoh2, neng ngarep umah agen e, regane dong kae esih 3250 seliter e.



Eeh wingi lagi wis mlebu wulan Januari, pada crita2 jere wis 5000 seliter e, waduh payah pisan kyeh, untunge lagi wulan Desember pas diomongi lenga latung arep ora dijujugi maning inyong tuku 10 liter sisan, regane wis 4200. Inyong nek tuku 10 liter bisa ngasi sewulan lewih nembe entong, lah wong anu paling nggo masak, nggodog banyu nggo ngisi tremos karo nggodog banyu nggo adus Maryam, ngasi bakul lenga latung e be gotak, kye mboke ngirit temen yah, ora sering tuku lenga latung, ora tau masak apa? He..he..ngirit jere pangkal sugih ya...asal aja dadi ngirit sebab pailit duit he..he..he..Lah ya kepriwe maning wong lenga latung wis ora lancar, nek ana regane ya larang, ndilalah ramane ditawani neng kancane tuku tabung gas 12 kg, bareng2 rombongan dadi mandan murah 500 ewu, ya ora pa pa lah, kari tuku kompore mengko. Sementara siki kompor Hock e esih dinggo sebab lenga latung e esih kira2 5 liter, jarang masak wong anu ramane ora neng ngumah, seringe tuku sing wis mateng bae. Iseng2 sih inyong takon, lah lenga latung ora nana sih pada maring endi, jere angger wong2 sing neng kota Jember siki arep dikon nganggo kompor gas kabeh, lah lenga latung di dol neng desa2 pinggiran sing jere esih pada nganggo kompor biasa. Tapi ujarku ya epektip, lah buktine wingi arep ana sing ngedol kompor gas karo tabung jatah, jere esih wedi nganggo kompor gas, lah siy kepriwe, anu gratisan koh didol???? Didol rega 175 ewu, ya bathi mbok?? Ramane wis karus tuku tabung gede, kuwe arep dituku kompore thok ora olih, ya wis mending tuku neng toko bae, tambah semending wis olih kompor gas sing loroan. Mengko2ne kompor Hock e pensiun, mlebu maring gerduse maning, eh mbok menawa lenga latung regane mudun maning tur gampang digolet.

13 Januari 2009

Umah kontrakan...umah kenangan...


Kye umah kontrakan pertama sing neng Jayapura, nggon bulan madu...nggon Fatih lair...PERUMAHAM BUMI TERATAI INDAH (PERUM SOSIAL) DOK VIII ATAS

Kye umah kontrakan keloro sing neng Batam, ora sempat moto, dadi diunggah sekang web e sing nduwe perumahan...PERUMAHAN BUKIT PALEM PERMAI BATAM CENTRE

Kye umah kontrakan ketelu sing neng Jember, siki esih manggon neng kene...nggon Maryam lair...PERUMAHAN KEBONSARI INDAH


Umah kontrakan kepapat, Perumahan Taman Gading Blok GG 20 Tegal Besar Jember Jawa Timur....pindah sekang perum kebonsari indah per 20 Juni 2009

10 Januari 2009

Bedane Fatih karo Maryam

Pertama
Fatih : Jelas kye anak inyong mbarep lanang sing Masya Alloh gagah
Maryam : Anak inyong keloro wadon sing Masya Alloh maniiiiiz

Keloro
Fatih : Laire neng Jayapura Papua, neng RSAL Lantamal IX Hamadi, neng kamar VIP sing dipane nganggo remot he..he..
Maryam : Lair neng Jember Jawa Timur, neng bidan Sri Murtini Kebonsari (levele mudun, ngarah sing perek umah, RS rujukan global asuransi adoooooh)

Ketelu
Fatih : Lair bobote kur 2 kilo, dawane 45 cm
Maryam : Lair bobote 3,3 kilo dawane 48 cm

Kepapat
Fatih : Kulite putih bersih (nuruni mboke)
Maryam : Kulite sawo mateng (nuruni ramane)

Kelima
Fatih : Kupinge cap lang (siap2 mabuuuur) nuruni sekang keluargane mboke
Maryam : Kupinge bentuke biasa bae

Keenem
Fatih : Raine mirip mboke agi dong cilik (jere eyang...wong2 tangga umeh inyong...)
Maryam : Raine fotokopine ramane, angger dijejerna langka sing dibuang (Shohih akeh sing ngakoni)

Kepitu
Fatih : Mimi ASI kur sewulan bar kuwe mimi SGM (inyong mriang malaria, banyu ASI ne mampet)
Maryam : Alhamdulillah mimi ASI thok seprene, Insya Alloh ASI eksklusif 6 wulan terus tambah MPASI, ASI ne lanjut ngasi 2 taun (Amin)

Kewolu
Fatih : Umur 4 wulan lewih seminggu nembe teyeng kemureb maring sisih kanan
Maryam : Umur 4 wulan lewih seminggu wis teyeng kemureb maring sisih kanan, kiri, terus mbalik awak maning

Kesanga
Fatih : Umur 4 wulan wis diwei MPASI (inyong keweden fatih kurang gizi sebab ora nginum ASI)
Maryam : Umur 4 wulan urung maem MPASI

(semene disit...)

09 Januari 2009

Detinggal rakernas

Gemiyen setaun kepungkur tepate Januari 2008 inyong wis tau crita yah detinggal rakernas neng ramane maring Bali. Eh..siki koh inyong karo bocahan detinggal rakernas maning neng Bandung. Sebenere sih rakernas e mulai tanggal 12 ngasi 17 Januari 2009, tapi wingi wis mangkat, maring Surabaya disit, anu pesawate mabur gasik pisan jam 4.30 WIB, uput2 bar subuh, daripada keri mending nginep neng Surabaya, maring Surabaya numpak sepur Sri Tanjung sekang stasiun Jember jam 09.00 WIB. Mudun Jakarta langsung meng Cipanas Bogor ana training disit telung ndina kawit tanggal 9 ngasi 11 Januari 2009. Lah nembe detinggal sedina be krasane neng umah sepiiiiii, iya sih ana bocahan Fatih karo Maryam sing ora mandeg2 guli moni, tapi ya krasa sejen bae. Angger diitung-itung inyong wis detinggal rakernas ping telu, sing pertama gemiyeeen lagi esih neng Jayapura, urung ana buntute, rakernas neng Bali, sejatine wulan Juli 2008 ana rakernas neng Jogja tapine pas bareng karo lairan Fatih dadi ijin ora melu. Jadwal rakernas setaun pindo wulan Januari karo wulan Juli, tapi jere ramane angger rakernas sing wulan Januari sing seneng, lewih akeh happy...happy ne daripada meeting e. Anggeranu ramane cokan ngledeki inyong, mboook melas temen rika ra tau turu neng hotel, angger turu neng hotel bintang-bintang ndean kaya wong ndesa, wong kabeyan serba otomatis, hihihi inyong mbayang2na ya ndean bener kweh omongane ramane, jere ramane ana kamar mandi sing ora nana panthuran banyune apamaning bak mandi, dadi angger bar BAB apa BAK kudu nemu nggon sing pas karo sensor, ngadeg neng kono, banyune terus metu, angger kemajuan apa kemunduren semending bae ora bakal metu kuwe banyune. Alhamdulillah mbarang ramane macul neng perusahaan sing siki apa2 terjamin terus dadi nambah pengalaman, sing mikine ora ngimpi2a numpak motor mabur, siki wis bolak balik numpak angger pindahan loker apa mangkat mulih rakernas. Inyong ya semono uga, ra pernah babar blas ngimpi numpak montor mabur, eh Alhamdulillah gusti Alloh paringna kesempatan numpak, sing ora tau ngimpi2a maring Papua karo Batam Alhamdulillah bisa meng nganah. Biasane angger wis rong taun neng daerah endi terus ana pergantian loker, lah kiye sing cokan gawe seru, deg deg an arep depindah ngendi ya...? gemiyen pas neng Papua, inyong ndongane kon depindah meng Batam, eh syukur kelakon, ben kur 6 wulan terus depindah maning meng cabang anyar neng Jember (gemiyen cabang Jember neng ngisore cabang Malang). Tapi ya disukuri bae dipindah meng Jember, sayuran murah, kontrakan murah, ben ora diwei tunjangan kemahalan tapi ya Alhamdulillah ora tekor. Ramaneeee aja klalen bali kang Bandung nggawa olih2 ya....

08 Januari 2009

Speedy

Rong minggu kepungkur, sore-sore bali ngode karo jagongan neng ruang tamu ramane kandah miki tes mampir nonton pameran neng plasa telkom jalan gadjah mada Jember. Ana program nggo internetan sekang telkom sing ramane tertarik yakuwe telkom pre paid. Takon-takon maring sales e sing jaga eh jere sales e malah ora teyeng njelasna, apa ramane sing guli takon kakehen dadi sales e bingung. Akhire mudun terus takon maring CS e, eh malah kye lewih pinter guli njelasna, ya ramane betah guli takon (apa pedhe CS e wadon ndean dadi betah takon2). Njelasna ngalor ngidul malah ramane akhire tertarik masang speedy, tapi wong nggonku rung nyambung tilpun dadi ya kudu masang dimin. Takon2 jere masang gratis, kur mbayar administrasi 10.000 thok, jyan cocok maricok pas karo impen kyeh, angger gratisan tah gelem pasang kweh. Ramane ngomong maring CS e angger temenan gratis tah gelem pasang, angger nglomboni tah ya ora sida. Mbalik maning maring ngumah kyeh, urung be rampung guli crita2 neng ngumah ujug2 ana wong dodog dodog lawang, ditiliki deneng sih nganggo mobil kopegtel (koperasi pegawai telkom) siy arep ngapa ya??? Njur ramane metu, takon arep perlu apa, eh pegawe kopegtel e ngomong arep pasang kabel tilpun. Tuiiiing kepriwe critane koh wis arep dipasang kabel tilpun, wong daftar be urung, ngisi formulir ya urung, apamaning aweh syarat e, inyong karo ramane ya gumun karo gemuyu dewek, tapi ya wis ben jor na bae, kae pegawe khan kur nglakoni tugas ora ngerti urusan pendaftarane. Oalah Jember..Jember..kota sing aneh. Akhire ngesuke ramane teka meng telkom seperlu ngurus pendaftaran tilpun karo speedy, eh temenan koh masang tilpune gratis kur mbayar administrasi 10.000 karo materai 6.000 wis kuwe thok, langsung kring. Jere sih jaman siki akeh sing nganggo tilpun tangan dadi tilpun umah ra patiya payu, dadine nek ana sing arep pasang dengan suka cita telkom cepet2 masangna kabel, njajal angger neng kota2 gede kaya Jakarta apa Surabaya mesti angele pool masang tilpun umah, wis langka jaringane lah apa lah mbuh. Sing nginstal speedy ora bareng karo sing masang kabel tilpun, sejen wong, kye ramane gelem masang speedy ya sebab modeme gratis setaun, bar kuwe bisa dadi hak milike dewek, lah pokoke angger sing moni gratisan ya genah akeh sing mburu. Daripada tuku modem GSM larange poool ngasi setuja punjul, yah mending kye mboook? Let pirang ndina wong sing nginstal speedy ne teka, eh ndilalah koh kompine inyong ora nana LAN e apa mbuh kae lah inyong ra ngerti, akhire udan2 ramane ngoyos nggoleti kuwe barang, ngubengi kota Jember toko peralatan kompi langka sing bukak, akhire mampir meng rentalan kompi ne kanca ne. Alhamdulillah olih tapi anu bekas diregani 15.000, padahal angger sing anyar jere ngasi 50.000, yah lumangyan. Tapi angger ora kena dinggo ya kon diblekna maning, tapi Alhamdulillah teyeng dinggo kye buktine inyong wis bisa internetan karo mbah speedy. Wis jyan pokoke mbarang wis pasang speedy guli internetan jozz banget, loading e wuzz..wuzz..wuzz..ora kaya lagi nganggo modem tilpun tangan uthuk..uthuk gutul ngendi, kadang pedot neng tengah ndalan, lah pokoke ra kepenak. Matur nuwun gusti Alloh ingkang ngaturi rizki ngge ramane dados saged pasang speedy .......