21 Februari 2009

Maryam lulus ASI eksklusif

Alhamdulillah dina kiye Setu tanggal 21 Februari 2009 Maryam anak inyong wis umur 6 wulan. Hureeeee akhire inyong sukses aweh ASI eksklusif maring Maryam, bungah…bungah…bungah pisan rasane, lah iya wong gemiyen pas Fatih bayi inyong ora bias nusoni suwe sebab mriang malaria. Mangkane inyong duwe tekad sing gedeeeeee banget, kapanane inyong duwe anak maning arep tek susoni dewek ora nganggo susu formula susu formula an, seliane lewih bergizi ASI tur gratis ora ndadak tuku neng toko, kur gari jel nyot..nyot..wareg Maryam…mau esuk Maryam wis tek jajal kon mangan bubur, udu bubur cap SUN, Promina, Milna. apa Nestle, kiye langka sing mangan seliane Maryam, iya lah anu bubur cap mboke, alias inyong gawe dewek, sekang glepung beras putih, digawe bubur terus ditambaih madu semending, inyong sih wis nggoleti resep2 bubur nggo maryam, Alhamdulillah nemu akeh, dadi Maryam mangane akeh variasine, ben ora bosen. Iya inyong siki semangat banget aweh sing terapik nggo anak, apa baen, gemiyen pas fatih cilik ya iya, tapi rung ahli ngurus anak, mangane ya esih bubur instant, sing gampang guli gawene. Alhamdulillah Maryam bocaeh sehat (MasyaAlloh, Barokallohufiykum), lemu imlek..imlek..nggemesi pisan, raine jipleeek karo ramane. Eh..eh..cilik2 soten Maryam kye perkembangane (Masya Alloh) cepet pisan, umur 5 wulan lewih seminggu wis teyeng njagong dewek, seminggu maning teyeng nglangsur, terus siki wis mulai arep ngadeg2, cekelan karo barang2 sing neng pereke, kadang cekelan inyong, kadang ya cekelan kasur, inyong anu cokan maras, wong esih cilik menurute inyong. Gemiyen Fatih umur semeno ya esih ngaplang2 urung teyeng ngapa2, nglangsur nembe teyeng umur 7 wulan, mbrangkang 8 wulan, terus njagong dewek umur 9 wulan. Genah tek deleng2 beda banget antarane Fatih sing diempani susu formula karo Maryam sing diempani ASI, jyan ASI genah langka tandinge. Gemiyen inyong ngasi nlangsa ora teyeng nyusoni Fatih, angger ana wong sing lagi nyusoni anake rasane kepriwe kaya kuwe, iriiii, kesuh, sebel, capur bawur ora nggenah. Siki sih wis bungah, angger ana sing takon, anake disusoni apa??? Langsung njawab ASI thok, uuuh bangga pisan. Tapi ya…inyong ya cokan gumun maring wong sing Alhamdulillah diwei banyu ASI akeh lancar, sehat, ora lagi mriyang, koh malah anake disusoni sambung susu formula, apa babar blas ora disusoni ASI, padahal kiye wong ya anggur angguran neng ngumah alias udu wanita karier, ujare inyong ya eman2. Ujare nek diwei susu formula kuwe lewih apik ndean, padahal ya…selarang larang e susu formula, tetep lewih berkualitas ASI, jeer ana sing ngomong, angger susu larang ya kualitase apik, ora!!! Sepisan maning ora!!! Mayuh lah ibu-ibu sing urung meteng, sing lagi meteng, sing dela maning babaran, awake dewek aweh ASI meng bayi2ne dewek , minimal ASI eksklusif 6 wulan lah. Urip ASI…urip ASI…urip ASI…