15 April 2009

Mlaku-mlaku Bareng Keluwarga

Mandhan suwe kiye inyong ora ngapdet blog, kayane wis ana sewulan lewih apa ya. Genah anu ketungkul umek ngurusi sodara bojo tercinta karo ngurusi Fatih Maryam. Enggane nembe be ngurubna kompi, Fatih Maryam ribut ana sing sira njaluk nginum, jajan, gendong, lah werna2 penjalukane, akhire ya ngenet kur tilik2 thok karo maca berita, wis, bar kuwe sipet maning. Kiye inyong arep crita pas preian andengane wingi kae, rencana tah ramane dejeki kancane sing manggon neng Surabaya kon meng nganah, mengko dejeki muter muter maring kebon binatang. Dimine tah semangat 45, eh mbarang depikir pikir maning, lah ngedap, Surabaya mbok panas banget, mengko malah dadi puyeng siraeh, apamaning numpakmobil, lah ketambahan gawe gara2 baen, ramane bisa-bisa mabok pitung ndina pitung mbengi. Ya wis lah akhire inyong karo ramane niat muter2 kota Jember baen nggo ngisi preian, ben ora sumpeg, arep maring watu ulo ya ndeleng apa, anane kur laut, gemiyen lagi neng Jayapura ya wis bosen ndeleng laut aben ndina, lah genah umaeh ngadepi laut. Bar sholat dhuhur, Fatih Maryam wis didhandhani, wis lengkap, mangkat lah inyong sekeluarga jalan2. Ora ngerti arep meng endi, sing penting mlaku baen nuruti dalan. Metu sekang perumahan belok kanan nglieati jalan letjend. Sutoyo, gutul pertelon Armed belok kiri, mandeg ana lampu bangjo, terus belok kanan maning maring arah Tegal Besar, teruuuus mlaku ora nggenah. Eh terus ana perumahan Tegal Besar Permai, njir inyong ngomong meng ramane njajal mlebu yuh ndeleng2 umaeh, apik2 apa ora, angger apik2 yah taun ngarep pindah. Waduh jebule ora mengini umaeh, ora akeh sing nganggoni tur panas pisan soale langka wit2witan gede. Ya wis lah metu baen sekang perumahan kuwe terus mlaku maning. Tekan pertelon sing nek belok kanan maring arah terminal Tawang Alun, inyong milih belok kiri dalan sing arah maring bandara. Njajal siy degoleti bandarane kayangapa rupane, jere wong2 pada ngomong ana bandara neng Jember. Sekang dalan gede, belok kanan kurang lewih 1500 meter mlebu dalan desa. Waduh waduh aja mbayangna kiye dalan maring bandara Noto Hadinegoro apike kaya dalan maring bandara sokarno-hatta, kiye dalan ambane kurang lewih kur 2 meter, alus tah iya ndean anu nembe deaspal, tapine sing tek gumuni, arep maring bandara koh ndadak blusukan maring kebon wit jarak. Inyong dadi gemuyu dewek karo ngomong maring ramane, lah angger dalane kaya kiye sih kepriwe, masa iya mbekayu Dewi Persik arep bali meng Jember ndadak mampir disit maring kebon jarak he..he..langka lampune, mestine angger mbengi ya peteng ndedet. Hu lah akhire gutul bandara Noto Hadinegoro, sepisan maning aja mbayangna kiye bandara kaya bandara Soeta Jakarta, Juanda Surabaya, Sentani Jayapura, Hang Nadim Batam apa bandara2 neng kota gede liyane, bandara Noto Hadinegoro Jember kiye gedonge cilik, karo stamplat malah gedean stamplat, kur ana telung nggon, sing tengah nggo terminal keberangkatan, sebelaeh nggo terminal kedatangan, sing sebelaeh maning mbuh nggo ngapa ora nana tulisane. Jyan inyong mikir2 kiye duwit sing nggo gawe bandara sepira yah, wis degawe kaya kiye malah kur denggo sedela, siki mangkrak ora oprasi maning. Sapa sing gelem enggane arep maring Surabaya kudhu ngetokna duwit 300 ewu, iya sedela thok tapi mbok eman2. Angger numpak sepur sih paling larang 20 ewu wis tekan Surabaya. Ya kuwe akhire langka sing numpak, akhire bandarane detutup, eman2 banget mbok sedulur???? Wis lah ngomongi bandarane wong Jember. Sekang Bandara inyong sekeluarga mlaku maning maring arah mbuh ngendi, sing inyong emut tah ngliwati desa Wirowongso, desa lengko terus mbuh apa maning. Nah...mbuh neng ndesa apa jenenge inyong klalen ana kebon karet nggone PTPN XII, daeraeh adem, soale akeh wit2an, ya kuwe wit karet, turut ndalan wit karet thok, eh ora nguja nemu nggon plesiran jenenge Super Galaxi. Disite tah arep ora mampir, tapi ya akhire parkir njajal mlebu nonton ana apa baen siy. Oalah jebule Super Galaxy kiye anu pusat perbelanjaan, tapi degabung neng sebelaeh karo nggo tempat hiburan. Sebelah toko ana taman sing detata rapi ana kembange, ana kebon binatang mini, banyu muncrat karo warung2 panganan. Fatih karo Maryam abane seneng pisan kon ndeleng kewan2, ana manuk kasuari, kidang, kancil, kethek, landak, manuk elang Jawa, manuk uhu alias burung hantu, iwak lan liya2 ne. Pas neng ngarep kandang manuk kasuari, inyong ngomong maring Fatih, tih kae burung kasuari eh Fatih guli nirokna ngomong bunung kacus ya inyong karo ramane gemuyu baen ngrungokna Fatih ngomong. Ora krasa mlaku2 neng Super Galaxy jebule wis mblebu wektu ngasar, akhire inyong sekeluarga bali meng ngumah, ora keri tuku dolanan bal abang nggo Fatih, kon bungah baline, angger Maryam tah esih cilik ya ora tukokna apa2. Seneng rasane bisa ngentongna wektu preian bareng2 keluwarga, ngesuk2 angger ana wektu pas dina prei, mlaku2 maning ben bocahan seneng (mboke ya seneng).