30 Oktober 2016

Anake rika tiru sapa?

Kaya kuwe cokan krungu pas agi dhewek duwe anak ndilalaeh agi mandan angel domongi utawa gawe gela mangkele wong. Jan jane pertakonan kaya kuwe bena ketone sepele jebul ya nek miturute para ahli sing cokan nliti utawa ndopok babagan pendidikan anak ya bisa de teorikna leh. Jerene (eh kiye si mung jerene, percaya ya ngonoh, ora ya ngeneh) karakter utawane sifating anak kuwe de tentokna sekang patang perkara yakuwe :

  1.  Sapa sing pertama dhewek ngajari utawa dekenal neng si anak. Umume ya wong tua karone (utamane ya si biyung) sing pertama tama ngajari utawa nyontoni si anak. Dadi aja kaget nek rika ndilalaeh bendinane nyontoni sing ora maen maring si anak terus siki kuwe bocah tiru rika tumindak sing ora maen. Mula kuwe dhewek dadine wong tua ya sebisa mungkin aweh conto sing apik maring si anak kon sangkane dhewek ora ngajog tembe mburine mengko.
  2. Sapa sing lewih sering ngajari utawa nyontoni maring anak. Dhewek dadi wong tua mungkin sebisa bisa si ngajari sing apik apik tapi jebul ana perkara liya sing juga gedhe pengaruhe maring si anak yakuwe sapa sing lewih sering ngajari utawa aweh contoh maring si anak. Biasane nek neng penguripan kota, bocah lewih sering srawung karo rewang utawa baby sitere tenimbang karo wong tuane mulane tindhak polaeh ya niru rewang utawa baby sitere tenimbang niru wong tuane.
  3. Sapa sing paling nyenengna goli ngajari utawa nyontoni. Biasane bocah lewih seneng nyonto utawa niru sapa sing cara ngajari utawa nyontonine lewih nyenengna.
  4. Sapa sing lewih depercaya ganing si anak. Terutama neng mangsa mangsa remaja bocah lewih seneng nyonto maring kanca batir sing depercaya tenimbang maring wong tuwa apa gurune.
Kuwe mau seperangan faktor sing duwe ppengaruh maring sifat karaktering anak. Mula aja padha kur padudon nek anake rika siki tingkah polaeh ora kaya sing dekarepna rika. Jajal de clinguk maning larah larahane anak bisa kaya kuwe.....

(De jukut secara bebas sekang materi penyuluhan pendidikan anake penyuluh kb)

Ora olih srandhalan neng kuburan

Kiye dalil de sunahnane nyopot srandhal pas ngambah kuburan, kaki ninine dhewek gemiyen ya jane cokan aruh aruh kon aja srandhalan pas maring kuburan, jebul ya ana haditse leh sedulur...


Deriwayatna sekang sahabat Basyir anake Khoshosiyah, deweke ngomong : "Nalikane nyong mlaku bareng karo Rosululloh, ana wong liwat lan mlaku neng kuburan nganggo srandhal, lha terus Rosululloh aruh aruh : hey wong sing duwe srandhal , copot srandhalmu !!!, wong mau mbanjur nylinguk, mbarang ngerti kuwe Rosululloh sing aruh aruh, dheweke langsung nyopot lan mbuang srandhale"

(Hadist Riwayat Abu Dawud, de shohehna neng Syeh Al Albani)