_*Nasehate Ustadz DR.Safiq Riza Basalamah, MA hafidzhullah*
*💥APA SIH SING DADI UKURAN SUKSESE WONG UMAH UMAH?💥*
Sebagean penginyongan nduwe pinemu utawa anggepan nek wong umah umah kuwe teyeng darani sukses angger wis duwe rong perkara yakuwe :
1) Duwe anak sing akeh,
2) Dunya bandhane akeh.
Apa kaya kuwe?
Ningen nek menurute islam lan kenyataan jane ya ora kaya kuwe leh
Ora ngandel? Kiye buktine :
1.Bale somaeh 'Aisyah Radhiallaahu 'anha ora deparingi anak turun...
apa mbanjutan dhewek ngomong nek bale somah kuwe ora tentrem? Ora begja? Ora bungah?
2.Bale somaeh Fatimah Radhiallaahu 'anha mlarat pisan babagan dunya branane.
Saking mlarate Fatimah tau nahan kencot ngasi pirang dina ngantekan raine pucet kuning?
Banjur apa dhewek wani ngomong menawa bale somaeh dheweke meh bae bubrah? *YA JELAS BAEN ORA MBOKAN?*
Malah lanange dheweke (Fatimah) kuwe salah sewijine calon warga suwargane Gusti Allah Ta'ala
Masyaa Allah...
BENER, dadine wong wadon aja gemampang njaluk pegatan maring wong lanang mung sebab perkara perkara kaya sing neng dhuwur.
SEBAB ummahatul mukminin ora tau ngabot ngaboti lanange nganggo omongan sing ora apik
Semana uga dadine wong lanang aja gemampang ngomong *"Nyong ora duwe dunya, nyong ora pantes nggo ko hey bojone inyong..."*
Innalillaahi wa inna ilayhi rooji'un...
Ngerteni hey wong lanang, omongan kuwe toli malah wegah de rungu neng wong wadone rika padha.
Sebab para sahabate kanjeng Nabi ora padha nduweni sifat pungkes pengarepan.
*UKURANE UMAH UMAH SING SUKSES kanggone wong islam yakuwe*, *SEWISE NINGKAH, DHEWEKE* :
1. *Dadi tambah TAQWAne dheweke maring Gusti Alloh سبحانه وتعالى*
2. *Dadi tambah AMALAN2 SUNNAHe dheweke.*
3. *Dadi tambah SABARe maring sekabehe taqdire Gusti Alloh.*
4. *Dadi tambah semangate nekani majelis2 'Ilmu Allah.*
5. *Dadi tambah WEDIne sebab ngemut emut dina dheweke bakale pisah lan ngadhepi sidange Gusti Alloh sing adil.*
6. *Dadi tambah pengarep arepe wong sakeloron maring Gusti Alloh kon sangkane bisa mlebu lan de ningkahaken maning neng suwargane Gusti Alloh سبحانه وتعالى ora nganggo hisab...*
Masyaa Allaah,
BaarakAllaahu fiikum
*De terjemahna secara bebas neng Ramanefatih sekang grup WA mesjid taqwa kebondalem kirimane ustadz Machfulyono*
___🍃🕋🍃_
Tampilkan postingan dengan label Ngaji. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Ngaji. Tampilkan semua postingan
20 November 2016
30 Oktober 2016
Anake rika tiru sapa?
Kaya kuwe cokan krungu pas agi dhewek duwe anak ndilalaeh agi mandan angel domongi utawa gawe gela mangkele wong. Jan jane pertakonan kaya kuwe bena ketone sepele jebul ya nek miturute para ahli sing cokan nliti utawa ndopok babagan pendidikan anak ya bisa de teorikna leh. Jerene (eh kiye si mung jerene, percaya ya ngonoh, ora ya ngeneh) karakter utawane sifating anak kuwe de tentokna sekang patang perkara yakuwe :
- Sapa sing pertama dhewek ngajari utawa dekenal neng si anak. Umume ya wong tua karone (utamane ya si biyung) sing pertama tama ngajari utawa nyontoni si anak. Dadi aja kaget nek rika ndilalaeh bendinane nyontoni sing ora maen maring si anak terus siki kuwe bocah tiru rika tumindak sing ora maen. Mula kuwe dhewek dadine wong tua ya sebisa mungkin aweh conto sing apik maring si anak kon sangkane dhewek ora ngajog tembe mburine mengko.
- Sapa sing lewih sering ngajari utawa nyontoni maring anak. Dhewek dadi wong tua mungkin sebisa bisa si ngajari sing apik apik tapi jebul ana perkara liya sing juga gedhe pengaruhe maring si anak yakuwe sapa sing lewih sering ngajari utawa aweh contoh maring si anak. Biasane nek neng penguripan kota, bocah lewih sering srawung karo rewang utawa baby sitere tenimbang karo wong tuane mulane tindhak polaeh ya niru rewang utawa baby sitere tenimbang niru wong tuane.
- Sapa sing paling nyenengna goli ngajari utawa nyontoni. Biasane bocah lewih seneng nyonto utawa niru sapa sing cara ngajari utawa nyontonine lewih nyenengna.
- Sapa sing lewih depercaya ganing si anak. Terutama neng mangsa mangsa remaja bocah lewih seneng nyonto maring kanca batir sing depercaya tenimbang maring wong tuwa apa gurune.
Kuwe mau seperangan faktor sing duwe ppengaruh maring sifat karaktering anak. Mula aja padha kur padudon nek anake rika siki tingkah polaeh ora kaya sing dekarepna rika. Jajal de clinguk maning larah larahane anak bisa kaya kuwe.....
(De jukut secara bebas sekang materi penyuluhan pendidikan anake penyuluh kb)
Ora olih srandhalan neng kuburan
Kiye dalil de sunahnane nyopot srandhal pas ngambah kuburan, kaki ninine dhewek gemiyen ya jane cokan aruh aruh kon aja srandhalan pas maring kuburan, jebul ya ana haditse leh sedulur...
Deriwayatna sekang sahabat Basyir anake Khoshosiyah, deweke ngomong : "Nalikane nyong mlaku bareng karo Rosululloh, ana wong liwat lan mlaku neng kuburan nganggo srandhal, lha terus Rosululloh aruh aruh : hey wong sing duwe srandhal , copot srandhalmu !!!, wong mau mbanjur nylinguk, mbarang ngerti kuwe Rosululloh sing aruh aruh, dheweke langsung nyopot lan mbuang srandhale"
(Hadist Riwayat Abu Dawud, de shohehna neng Syeh Al Albani)

Label:
Ngaji
29 Agustus 2008
Nggo sangu puasa kyeh
Bismillah....
Puasa mung gari pirang ndina maning, mula kuwe kanti njaluk rido sekang gusti Alloh nyong njajal nulis perkara2 sing bisa mbatalna puasa, yakuwe:
1.Mangan lan nginum sing de sengaja termasuk infus utawa suntikan sing ngandung zat pangan sing fungsine nggo ngganti panganan tumrape awak,
2.Jima' aliyas senggama neng wektu awan,
3.Al inzal yakuwe metune mani sing de sengaja neng wektu awan (nek ora sengaja kaya sebab ngimpi tah ora mbatalna puasa !),
4.Bekam (pengobatan sing carane kanti ngetokna getih kotor nganggo kop) mbatalna puasa kanggone sing mbekam karo sing dibekam (getih sing metu gara2 mimisen karo nyabut untu ora mbatalna puasa)
5.Mutah sing disengaja (nek mutah ora sengaja ora mbatalna puasa)
*de jukut lan de terjemahna kanti bebas sekang buletin al ilmu jember (http://assalafy.org)

13 April 2008
Donga Istiftah
Mangsalah donga istiftah (sebageyan wong nyebut donga iftitah) menurut Syaikh Abdullah Bin Abdurrahman Ibnu Shalih Alu Bassam, hukum lan penjelasane kaya kiye :
1. sunnah hukume maca donga istiftah pas sholat
2. wektu nggo maca donga istiftah yakuwe neng antarane takbirotul ikhrom karo surat Al Fatihah pas rokaat pertama
3. Donga istiftah dewaca lirih neng sekabehe sholat
4. bahwasane Rosululloh ora ndawakna donga, lewih lewih neng sholat fardu berjamaah sing limang wektu
5. wajib nyonto lan niru Rosululloh masalah donga lan gerakan neng sejeroning sholat
6. khusyuk lan tumakninah pas lagi sholat
(terjemah bebas sekang buku "Taisirul 'Alam syarah Umdatul Ahkam" Penjelasan Hadist Ke 79 halaman 12, Penerbit : Cahaya Tauhid Press - Malang)

02 Maret 2008
Carane wudhu sing bener miturut Rosululloh
1. Niat wudhu neng njero ati (ora de lafalna, sebab rosululloh ora tau nglafalna niat)
2. Ngucapna "bismillah"
3. Ngumbah tlapakan tangan ping telu
4. Kemu lan nyerot banyu karo irung bareng2 trus de semprotna ping telu
5. Ngumbah rai ping telu
6. Ngumbah tangan ping telu (sekang pole jenthik tekan sikut)
7. Ngusap sirah lan kuping ping siji, carane yakuwe sarana nelesi tlapakan tangan trus di usapna sekang ngarep (wates normal thukule rambut) tekan githok terus de labasna ngusap kuping (tlunjuk de lebokna bolongan kuping terus jempole ngusap bagian jaba kuping)
8. Ngumbah sikil ping telu ( sekang jenthik sikil tekan entho2)
ndhisitna sing tengen timbang sing kiwe
(terjemahan bebas sekang buku "kunci ibadah praktis menurut tuntunan Rosululloh" terbitan hikmah ahlussunnah)

09 November 2007
Maknani Tauhid.....
Tauhid esih baen dianggep remeh temeh neng sebageyan menungsa. Padhahal wis dadi pepesthen menawa tauhid (aqidah) sing bener arep mujud maring apike ngamal lan tindhak tandhuk. Jaman dhisit, musyrikin quraisy ngyakini menawa Alloh ta'ala kuwe sing nggawe lan nguwasani alam dunya, sing aweh rejeki maring sekabehe mahluk gaweanNe. Tapi kuwe thok ora cukup ndadekna dheweke mlebu islam sebab aqidahe dheweke urung sempurna. Neng praktek pedinane dheweke tetep ndadekna latta, uzza, manat lan berhala liyane dadi sesembahan. Alesan sing deyakeni kabeh mau mung lantaran utawa wasilah sing merekna dheweke maring Alloh ta'ala. Ora ana bedane karo wong musyrik jaman siki sing nduwe "latta", "uzza", dan "manat" arupa kuburan wong2 (sing dianggep) soleh, panggonan wingit, nganti wong2 (nyata utawa dongeng) sing dikultusna ngantek nglewihi Alloh ta'ala lan rosulE. Kahanan mau paling ora dadi gambaran butheke pamahaman umat maring makna tauhid. Kabeh mau mangkat sekang anggepan sing salah maring makna tauhid lan syirik. Jaman rosululloh dakwah maring kaume, sing di adhepi yakuwe wong2 sing paham banget maring maknane "la illaha illalloh" lan konsekuensine. 'Lumrah' nek wong musyrik jaman semana nolak dakwahe rosululloh. Lha nek sing ana neng jaman siki yakuwe wong wong sing saben dina ngumandhangna "la illaha illalloh" tapi saben dinane perek karo praktek syirik. Kabeh mau nyata2 ana tapine akeh wong islam sing ketungkul ngurusi parte (biasane atas nama umat), demo nganah ngeneh, ngebom ngendi ora, dakwah nyepelekna tauhid, mretheli wulangan islam nganggo alesan liberalisasi mikir, malah ana sing nyuwarakna masalah "lintas agama". Pancen ucul sekang jiret syirik udu prekara gampang, apamaning nek wis dadi adat sing mbalung sumsum. Tapi kudu ana usaha nggo ngilangna syirik sing kaya kemaduan (benalu) tumrape tanduran, pilihane mung loro, desingkirna apa dejorna ngasih tandurane mati. (terjemahan bebas pengantar redaksi majalah asy syariah vol lll/no 30/1428H/2007)
30 Oktober 2007
Pandhasi bebungahe menungsa
Ibnul Qoyyim rohimahulloh neng kitab Al Fawaaid ngendika : "Sebenere pandhasi (indonesia = dasar, pondasi) bebungah (indonesia = kebahagiaan) menungsa ana telu, lan pandhasi2 kuwe nduweni mungsuh dhewek2, sapa wonge kelangan salah siji pandhasi kuwe dheweke arep nemoni mungsuhe : (1) Tauhid mungsuhe syirik, (2) sunnah mungsuhe bid'ah, (3) ketaatan mungsuhe kemaksiatan. Lan telung pandhasi kuwe nduweni mungsuh sing padha yakuwe adohe ati sekang rasa ngarep arep maring Alloh Ta'ala lan maring janji janjine Alloh Ta'ala, lan adohe ati sekang rasa wedi maring Alloh Ta'ala lan ancaman ancamane Alloh Ta'ala." (terjemahan bebas tulisan neng majalah assalaam no VI / tahun II - 2006 M / 1427 H)
25 Oktober 2007
Nggolet ngelmu
Nggolet ngelmu kuwe jan prekara sing penting pisan kanggone wong urip, nanging nuntut ngelmu uga ana aturan lan carane. Para ngulama wis akeh sing aweh pitutur lan pituduh, kayata : Sahnun bin sa'id rohimahulloh ngendika: "wong sing paling wani ngetokna / nggawe fatwa yakuwe wong sing paling sethithik ngelmune, dheweke mung nduwe ngelmu se-BAB thok tapi ujare dheweke nduweni sekabehe". Imam Hasan Al Bashri rohimahulloh ngendika: "menawa salah sijine wong nuntut ngelmu,maka bisa dideleng sekang khusyune, pendelengane, lesane, tangane, sholate, lan zuhude..Nek salah sijine wong olih salah sawijining bab ngelmu trus dheweke ngamalna, maka kuwe lewih apik kanggo dheweke tinimbang dunya lan isine" Imam Az-Zuhri rohimahulloh ngendika maring Yunus bin Yazid: "kowe aja ngrasa sombong maring ngelmu, sebab ngelmu kuwe lembah2, sing endi baen kowe nglakoni (nempuh), dheweke arep ngalahna kowe seurunge kowe butul, lan kowe aja njukut ngelmu sebregan (skaligus), sebab sapa wonge sing njukut ngelmu sebregan sisan arep ilang uga sebregan sisan ngelmune, mula kuwe njukuta ngelmu sethithik sethithik sedawane awan lan mbengi"
Langganan:
Postingan (Atom)