21 Mei 2008

Jembatan Barelang


Tanggal abang wingi dina Selasa ramane Fatih prei guli ngode. Alhamdulillah ana tanggal abang dadi bisa kumpul neng ngumah. Anu wis biasa ngode klayaban montoran ndean, preian neng ngumah malah jere bingung arep ngapa, polaeh nggawe alesan jere melas inyong unggal dhina neng ngumah bae, sekalane preian ajek dolan." Mi...jere ko mbok pengen weruh jembatan Barelang, yuh pada plesiran maring nganah" lah wong dijek mlaku-mlaku dolan ya mayuh bae, neng ngumah ya ngapa, angger wis rampung gawean umah langka liyane maning terus mbethur alias turu. Mangkat gasik kang umah jam setengah sanga, ora keri nggawa uba rampe keperluane Fatih, ana wedang bening, susu, roti disogna blus maring tas. Bar ngiseni bensin penuh setengki werrrr...touring dilanjut...metung daerah Muka kuning terus ngasi ngliwati Tembesi Batu Aji, menggok ngetan luruuuus terus, mandan suwe guli montoran, tiang jembatan Barelang wis keton kang kadohan. Jembatan Barelang kuwe jembatan sing nyambungna pulau-pulau, jembatane ana telu tapi sing paling terkenal tur paling apik ya jembatan Barelang sing pertama. Barelang kuwe singkatan sekang Batam Rempang Galang, kuwe jeneng pulau-pulau, jere angger wis teka meng Batam aja klalen mampir maring jembatan Barelang. Genah wingi dina preian dadi neng ndalan ya rame wong arep pada plesiran, ana sing rombongan bis, mobil pribadi, carteran angkot, ana sing kur montoran kaya inyong karo ramana Fatih. ujarku malah seneng numpak montor ketimbang mobilan, bisa ndeleng kiwe tengen karo kenang semilir angin, seneng apa sebab ora nduwe mobil ya???? Ngliwati jembatan Barelang siji mlebu maring pulau cilik jenenge pulau Tonton terus ngliwati maning pulau setokok, mlakuuuuu terus jog pulau Rempang, ngaso sedela neng jembatan Barelang sing keloro, karo njagong nglempengna sikil karo beyekan ora keri pamer tilpun maring eyange Fatih neng Jawa, ngomong lagi plesiran maring jembatan Barelang. Mbarang kesele wis mandan ilang, lanjut maning montorane. Neng pulau apa ya inyong mandan klalen, neng pinggir ndalan ana gubuk cilik kang kayu terus dipasangi jaran kepang, mbarang dipereki ana tulisane Banyumasan, oh...ndean kye nggon kumpul-kumpul wong Banyumas, anu ora ana wonge dadi ya ora takon-takon, bablas bae, ora let suwe ana tulisan maning taman tejasari Purbalingga, gantian siki nggone wong Purbalingga. Bar pol pulau Rempang mlebu jembatan Barelang telu ana pulau Galang, lah neng kene ana nggon plesiran sing apik-apik (jerene...) tapi ya nggon plesirane anu ndeleng segara. Waduh dirasa-rasa beyekane wis kaya arep copot, apamaning inyong nggendong Fatih, tekan wates pulau Galang Baru inyong njaluk mbalik bae. Karepe ramane Fatih sih diterusna tekan pol pulau Galang, sisan nggawe jere, dadi pengalaman wis tau ngambah sekang ujung kulon pulau tekan ujung wetan pulau, tapi ya kepriwe maning inyong wis kesel pisan, pokoke nggaclek njaluk balik bae. Akhire ramane Fatih manut, balik arah bali maring ngumah, tekan ngumah sekitar jam siji awan, bar sholat dhuhur, madang, terus blek turu tekan sore, anu awak kesel turu ya dadi lali pisan. Ora apa-apa kesel, sing penting wis pengalaman tau ngambah Jembatan Barelang.

10 Mei 2008

Prosedur ngurus ktp neng batam

Eh mbok menawa ana sing perlu, kyeh tek wei ngerti carane ngurus KTP SIAK neng batam :
1. Kanggo wong sing tembe ngranto neng batam nek kpengin gawe KTP SIAK aja klalen njaluk surat pindah ming dinas kependudukan kabupaten daerah asal (nek mung sekang kecamatan thok ora kanggo)
2. Lapor maring RT RW neng nggon anyar karo njaluk pengantar lapor tiba nggo gawe KTP SIAK
3. Pengantar sekang RT RW lan surat pindah sekang dinas kependudukan daerah asal digawa maring dinas kependudukan kota batam seperlu njaluk surat lapor tiba sing dadi syarat nggo ngurus KTP SIAK
4. Surat lapor tiba sekang dinas kpendudukan batam lan surat pindah sekang dinas kependudukan daerah asal degawa ming klurahan dilampiri fotokopi ijasah, akte lair lan buku nikah trus ngomong arep gawe KTP maring petugas kelurahan, biasane langsung deprentah kon ngisi blanko data penduduk
5. Berkas sing mau wis degawa ming klurahan lan wis de cap lurah trus degawa maring kecamatan, neng kecamatan berkas dipriksa lan poto nggo KTP, dewei tanda bukti pengurusan KTP nggo njikot KTP nek wis dadi sewulan maning
6. Nek wis sewulan, rika teka ming kecamatan nggawa tanda bukti pengurusan KTP nggo njukut KTPne
7. Rampung

03 Mei 2008

Kècèndak Mriang

Dina Jum'at minggu wingi critane banyu ledeng neng nggone inyong sat nggereng ora mili blas. Ora teyeng umbah-umbah klambi, asah-asah prabot, adus be sedina kur sepisan. Klambi kotor mundung2 segunung, prabotan kotor ya mundung2, jan pokoke bunek guli ndeleng. Alhamdulillah jam 11 mbengi banyune mili. Jan-jane inyong krasa awake wis mandan ora kepenak, tapine wis risih pisan ndeleng umah mambrah2 karo mikir kye banyu paling jam 5 esuk wis mati maning, daripada uput-uput tangi umbah2 mending mbengi2 sisan nggawe. Ramane Fatih kon ngrewangi mbilasi kumbahan, dienteni ya ora merek2, detiliki neng kamar oalah buset jebule malah wis ngorok disit, asem lah...akhire usrak usruk umbah2 dewek rampung jam 1 esuk. Inyong wis krasa KO langsung mapan turu. Mbarang tangi awak dadi tambah ora kepenak, sumeng, bengel, nggo ngeleg lara, lah mbuh ora karu karuan pisan pokoke. Dina senen priksa maring dokteran, jere kenang radang tenggorokan, tapine inyong digawe gumun bayaran dokter neng batam luaraaang pisan, malah murah dong agi neng jayapura, ya ora pa2 lah sing penting bisa waras. Urung be inyong mari ngesuke ketambahan Fatih anget, dela dela jebras jebres wain, jog2ane flu karo watuk. Ramane esih merdeka, esih bregas waras. Ana bae sing nggawe mangkel ati, wong lagi susah, mriang, nggawa awake dewek be krasane abot, kaeh ramane dijaluki tulung ana ping satus kon ngrewangi umbah2 klambi koh megel2 ora gelem, ujare inyong sekalane inyong mriang rewang2 angger sehat ya ora, ya wis kepriwe maning dasar settingane kawit ganu genah kaya kuwe, asli watek gawan cilik ora tau dikon ngapa2 neng ngumah dadi kegawa tekan gede tua wis duwe bojo karo anak. Ana seminggu inyong guli mriang, siki gari watuk sing esih cegrak cegrik ora mari2. Jane angger bisa akeh istirahate ya ora suwe guli mriang, lah angger turu bae sing ngemek kumbahan klambi karo grabah sapa, resik2 umah, nggosok, masak trus momong Fatih sapa nek udu inyong, wong ramane langka sijia sing doyan. Krasa enteng setitik ngumbaih klambi karo grabah, enteng maning mlaku becer trus masak, walhasil awake keselen panase munggah maning, nginum obat, adem kringeten, gari gigilen, kaya kuwe bolak balik, duh gusti Alloh paringna sabar. Mulai dina wingi ketambahan ramane melu2 nggo ngeleg gulune lara, puyeng, karo mbuh apa maning kae sing dirasa. Jalarane pas bedug2 panas ngethak2 ujare nginum es teh seger pisan, seger pas kuwe thok buntute gulune lara trus mriang.