23 November 2007

Milis banyumasan....

Dhong winginane pas inyong agi ngenet iseng iseng inyong nge-search tembung banyumas neng yahoo search (asli ora agi promosi), ora nyana ora ngira kasil goletane yahoo search jebul pirang pirang akehe (tandha nek banyumas kuwe pancen ngetop, ya mbok sedulur ?), sekang pirang pirang kasil goletane yahoo mau tek pilah pilih jajal tek bukaki sing kira kira maen, lha neng antarane sing tek bukak mau ndilalaeh nyong nemu siji sing menurute inyong pas karo sing tek golet, yah nyong agi nggoleti forum neng internet sing bisa nggo gendhu2 rasa karo wong penginyongan utawa forum banyumasan, lha nek kaya kuwe sing tek golet mbok pas pisan karo milis banyumasan sing ngalamate neng banyumas@yahoogroups.com, trus baen link milis mau sing ana neng kasil goletane yahoo search tek klik lan inyong langsung bae ndaftar dadi anggota, ngesuke mbarang wis di setujoni pendaftarane inyong neng moderator milis banyumas sing biasa diundang ki lurah inyong banjur posting maring milis kuwe, postingan inyong sederhana baen yakuwe mung ngwawuhna (memperkenalkan) awake dhewek maring anggota milis liyane, eh jyan ora nyana babar blas respone maen pisan, jebul warga milis banyumas kuwe gemrapyak lan semedulur pisan, inyong ya dadi krasa bungah ora eram wis melu dadi anggota milis kuwe, yakin lah sumpah nyong ora nglombo, njajal melu nggabung baen sih ngonoh nek rika esih padha mandan awang awangen....

Fatih teyeng kemureb

Ora krasa ya seprana seprene ngrumati fatih siki wis 4.5 wulan,dina wingi tepate tanggal 21 november 2007 Alhamdulillah anak inyong si fatih wis teyeng kemureb,jan rasane inyong karo ramane fatih bungah pisan,ndeleng perkembangane bocah genah nyenengna,apa maning nek bocaeh sehat lan lincah. Jane sih lagi umur 3.5 wis miring2,tp rung teyeng kemureb,genthuwal genthuwel ora teyeng2 malah andon blekah blekuh suwe2 mewek we..we..we..Abong abonge wis teyeng kemureb,siki wis ora betah mlumah ngathang2,angger lagi diklambeni bar adus ya gagian kemureb,dolanan ya karo kemureb,ngasi ngising nguyuh be kemureb ha..ha..ha..Ujarku ya meneng2 kemureb anu lg dolanan dewek jebule deneng bokonge wis mbendol,ngising!!!

14 November 2007

nDhasku puyeeeng..@=]#;£%*

Jan inyong gregeten ora eram, wis ana telung dinaan kiye ndhasku koh rasane cekot2 puyeng pisan ora karuwan, jere pak mantri tah inyong kenang darah rendah alias tensine drop neng ngingsore normal, sebabe jerene kurang goline ngaso karo kurang olahraga, pancen tek rumangsani winginane dhong awal wulan inyong gole nyambut gawe ngebut ora eling wektu, dhur2an ana seminggu lewih inyong arang2 turu merga nggarap laporan sing de udag2 neng bos inyong sing neng jakarta, esuk sore ngasih mbengi ketungkul thik thek ngurusi laporan ngasi klalen madhang karo turu, akibate tembe krasa pas dina senen, ujug2 ndhas inyong krasa nggleyeng theng2an dhong neng kodhean, kringete kemrecek adhem byuk2an ora karuwan, trus bae inyong maring apotik seperlu priksa darah mbok kenang malaria, tapi alhamdulillah jebul mung tensine thok sing drop, neng pak mantri inyong mung kon sing akeh ngasone, mula kuwe kawit senen tekan mau inyong bener2 ngaso total ora ngapa2, rasane mboseni pisan sebab mung glalang gleleng ora nggenah, nonton tivi nambaih puyeng, mangkat ngodhe esih nggleyeng, turonan bae gulune cengeng, akhire mung plonga plongo kaya wong gendheng, oalah puyeee...eng puyeng...!!!

13 November 2007

Ora keri inpormasi

Gandheng urip neng papua sing adoh sekang pradhaban, inyong sekeluwarga ora kpengin melu2 baen dadi kurang inpormasi alias gaptek jerene cah nom jaman siki, pirang2 cara tek lakoni nggo nggolet inpo2 sing paling gres, nonton tivi wis mesthi, maca koran nek dhong ramane fatih nggawa sekang kodhean (tapi seringe klalen nggawa), browsing neng internet saben sore nek agi duwe pulsa he..he..., lan sing trakhir tur mandan arang yakuwe tuku buku. Nek masalah nggolet buku jane neng papua ya ora patia angel banget, tapi sing dadi soal yakuwe regane sing ngedab edabi, kaya dhong wingi sore inyong karo bojo inyong tuku buku agama sing jumlaeh ana 4 buku regane 287ewu padhahal rega neng katalog situs resmi penerbite mung separone, tapi ya ora papa wong inyong maklum maring bakule sing ngadu nanggung ongkos kirim sing ora semendhing trus inyong tukune ya nganggo layanan delivery service sing ndeyan butuh ongkos bensin kanggo sing ngirim, pokoke urip neng papua kuwe nek ora bener2 siap ngetokna duit extra nggo tuku inpormasi ya bakale arep dadi wong sing mandan kuper tur ora mutu blas...Kaya kuwe mbok ramane?

10 November 2007

Sapa sing kepengin weruh fotone fatih? Cung...!!!

Anak inyong, Muhammad Fatih Al-Muslim, pancen nggemesi pisan, bocaeh blenthot bersih lan pipine gamol (asli nyong ora agi ngalem, tapi nyatane pancen kaya kuwe he..he...). Akeh kanca inyong sing padha urip neng jawa takon jane kayangapa tampange si fatih kuwe, memper ramane apa biyunge?,kenangapa fotone ora de posting neng blog kiye? Lan akeh pitakonan liya sing intine kepengin ngerti utawa weruh gambare anak inyong. Jane nyong ya tau duwe niat arep mosting fotone fatih nang blog kiye, tapi mbarang depikir pikir lan detimbang timbang kayane mendhing ora usah bae sebab ana alesan prinsip sing cukup kur inyong lan bojo inyong bae sing ngerti. Lha si kepriwe angger ana sing nggacek kpengin weruh fotone fatih? InsyaALLOH gampang bae, rika padha kur cukup ngirim email ming mbokefatih@gmail.com utawa ramanefatih@gmail.com sing isine ngomong njaluk fotone fatih, insyaALLOH nek kober lan ora ana alangan fotone fatih gageyan bae tek kirim ming emaile rika.

09 November 2007

Resepe mboke fatih

Sedulur sedulur kabeh, ana kabar anyar kanggo sing kepengin nambah ngelmu neng babagan kuliner, siki wis teka blog anyar sekang keluwarga Al-Muslim sing ngususna mosting resep2 panganan paling cihuiy, paling nylekamin, paling sedhep, paling gurih lan paling....(paling apa maning ya?), alamate www.resepemboke.blogspot.com, blog kuwe insyaAlloh arep di update minimal seminggu sepisan, sipate umum kanggo sapa baen (ora kur wong penginyongan thok) mulane ditulis nganggo basa indonesia. Inyong uga nampa kritik slentikan lan saran (termasuk sumbangan tulisan utawa resep) sekang sedulur kabeh sing bisa dilayangna maring mbokefatih@gmail.com utawa ramanefatih@acasa.ro utawa mbokefatih@acasa.ro utawa ramanefatih@gmail.com insyaALLOH nek pantes lan layak bisa tek posting neng blog kiye utawa blog resep. Kesuwun

Maknani Tauhid.....

Tauhid esih baen dianggep remeh temeh neng sebageyan menungsa. Padhahal wis dadi pepesthen menawa tauhid (aqidah) sing bener arep mujud maring apike ngamal lan tindhak tandhuk. Jaman dhisit, musyrikin quraisy ngyakini menawa Alloh ta'ala kuwe sing nggawe lan nguwasani alam dunya, sing aweh rejeki maring sekabehe mahluk gaweanNe. Tapi kuwe thok ora cukup ndadekna dheweke mlebu islam sebab aqidahe dheweke urung sempurna. Neng praktek pedinane dheweke tetep ndadekna latta, uzza, manat lan berhala liyane dadi sesembahan. Alesan sing deyakeni kabeh mau mung lantaran utawa wasilah sing merekna dheweke maring Alloh ta'ala. Ora ana bedane karo wong musyrik jaman siki sing nduwe "latta", "uzza", dan "manat" arupa kuburan wong2 (sing dianggep) soleh, panggonan wingit, nganti wong2 (nyata utawa dongeng) sing dikultusna ngantek nglewihi Alloh ta'ala lan rosulE. Kahanan mau paling ora dadi gambaran butheke pamahaman umat maring makna tauhid. Kabeh mau mangkat sekang anggepan sing salah maring makna tauhid lan syirik. Jaman rosululloh dakwah maring kaume, sing di adhepi yakuwe wong2 sing paham banget maring maknane "la illaha illalloh" lan konsekuensine. 'Lumrah' nek wong musyrik jaman semana nolak dakwahe rosululloh. Lha nek sing ana neng jaman siki yakuwe wong wong sing saben dina ngumandhangna "la illaha illalloh" tapi saben dinane perek karo praktek syirik. Kabeh mau nyata2 ana tapine akeh wong islam sing ketungkul ngurusi parte (biasane atas nama umat), demo nganah ngeneh, ngebom ngendi ora, dakwah nyepelekna tauhid, mretheli wulangan islam nganggo alesan liberalisasi mikir, malah ana sing nyuwarakna masalah "lintas agama". Pancen ucul sekang jiret syirik udu prekara gampang, apamaning nek wis dadi adat sing mbalung sumsum. Tapi kudu ana usaha nggo ngilangna syirik sing kaya kemaduan (benalu) tumrape tanduran, pilihane mung loro, desingkirna apa dejorna ngasih tandurane mati. (terjemahan bebas pengantar redaksi majalah asy syariah vol lll/no 30/1428H/2007)

Jayapura susah banyu

Wis ana telung mingguan ndean olehe jayapura kangelan banyu, ledheng ora mili trus udan ya melu baen ora mudhun2, wong wong padha kiter gole nggolet banyu, ana sing tuku tengkian ana uga sing tuku galonan, pokoke banyu siki dadi barang langka sing dinggo goletan. Gara2 ledheng macet ora mili neng nggon ngodhene inyong malah nlangsani pisan, kabeh bingung nek arep ngising apa nguyuh sebab bak pnampungan sing neng wc ya wis asat kawit minggu wingi, banyu galonan sing tujuwane nggo pranti nginum siki dadi cepet entong sebab digawani ming wc nggo srana cewok nek bar nguyuh apa ngising, ambu pengak lan pesing wis dadi ambu wajib nek mlebu wc sebab goli nyiram padha ora bersih merga banyune mung mungan kur nggo cewok, mulane siki inyong paling wegah nek kong mlebu wc neng kodhean, mendhing bali ming umah sing sepethil pethil ledhenge esih mili nek inyong kebelet nguyuh apa ngising. Banyu pancen dadi barang mewah neng jayapura, sumber tuk ora nana, gawe sumur tanahe wadas, langganan pdam ya sering macete daripadha miline, jan kapan ya jayapura nduwe sumber banyu sing apik ben inyong mandan ringan ora ngrengga biaya tambahan nggo tuku banyu galon?

08 November 2007

Mbuh kenang apa

Jan nuwun sewu sedulur, inyong mandan suwe ora mosting tulisan. Jan2e kawit wingi inyong wis niat mosting grundhelan, tapi sing dadi masalah inyong kangelan olehe mlebu ming kontrol panel. Sebabe apa? Mbuh nyong ora ngerti, pokoke saben2 login mesthi malah mlebu maring google account, nyong bingung campur mumet nggolet cara kepriwe ben bisa login, kabeh2 wis tek jajal de klik tapi ya kasile nihil alias ndol gedhe. Alhamdulillah siki wis teyeng login maning bena ndadak gawe blog anyar nggo pancadan mlebu yakuwe www.resepemboke.blogspot.com sing rencanane nggo pranti mosting resep2 buket mbleketaket khas mboke fatih...Nek kober mampir ya..

05 November 2007

Kabar sekang kanca

Pas dina kemis wingi tanggal 1 november esuk2 inyong olih sms,tek bukak hpne jebule sekang early,kanca inyong sing neng tegal,kye bocah ngabari jere wis babaran wingi tanggal 30 oktober,bayine lanang,Alhamdulillah...inyong esih kemutan setaun kepungkur si early cokan sms jere ora meteng2,sukur siki wis bisa nggendong ngenong2 bayi,sing lewih bungah ya bojone early,sing deimpen2 kelakon duwe anak lanang,mbok kaya kuwe kang sodik..rika bungah pisan mbok? Bar olih kabar sekang early inyong sms kanca inyong siji maning si ika sing melu bojone neng batam,takon wis ngerti apa urung nek early wis babaran,si ika semaur jere urung ngerti,mandan suwe guli sms-an,eh jog-jogane ika ngomong jere wis telat haid,maring dokteran priksa nembe keton kanthonge,jere kon priksa 2 minggu maning,ndeyan wis keton bakal bayine, Alhamdulillah ika metenge gelis,wong nembe pengantenan wingi lagi arep puasa tanggal 11 september,lah siki inyong lagi ngenteni kabar sekang emon alias emi,mbuh kae bocah wis meteng apa urung,muga2 cepet nyusul ya em..tek enteni kabare..

Papua rusuh maning

Papua, dhaerah sisih wetan indonesia kuwe pancen unik luar biasa. Pendhudhuk asline asale skang ras melanesia (ras sing nduweni ciri utama rambut kriwil karo kulit ireng ndhetheng). Bena asale sekang ras sing padha tapi neng kenyataan pedinane wong papua kuwe urip kepisah pisah mbentuk komunitas utawa suku dhewek2 sing dipimpin neng ondoafi utawa kepala suku. Paseduluran lan kekompakan antar anggota suku pancen gedhe pisan tapi nek karo suku liyane malah ora bisa padha akur, mesthi ana baen sing nggo jalaran nggo padudon, mulane ora gumun nek neng papua kuwe meh saben wulan ana perang suku. Conto sing esih anget tembe baen kedadian yakuwe perang antarane suku amungme karo suku dani neng timika, penyerbuan suku paniai maring polres lan perumahan pendatang neng mimika, lan geger liyane sing ora kesorot tivi kaya gropyokan wong wamena sing neng kayubatu ganing wong wamena sekang pos 7 sentani. Nek dirunut kabeh geger lan rusuh neng papua jane sebabe mung sepele yakuwe kurange kesejahteraan lan pendhidhikan, saben rusuh mesthi polpolane njaluk bakar batu (pesta mangan babi) nggo sarat dame, dadi neng nalare wong papua kuwe nek bubar perang mesthi bisa mangan enak tur wareg, dheweke ora ngerti cara liya nggo mangan enak merga kurange pendhidhikan, nek weruh suku liya urip mandan kpenak dianggepe nyolong dunya bandha sukune dhewek trus bae usil njaluk padudon sing akhire biasane geger, bar geger pesta bakar batu trus dame tapi ora nana jaminan ora geger maning nek wis padha kencoten maning bubar bakar batu....

02 November 2007

Dopokan kanca lawas batir ngarit

Mau dhong pas agi ngarit, inyƶng ktemu karo kanca kanca inyong dhong esih sekolah neng ndesa sing kebeneran padha karo inyong melu trans golet penguripan neng papua, ana kang herman sing tembe baen mbojo, ana kang ferdy sing mbuh kapan olehe mbojo lan ana kang dayat sing asli jogja tapi tau urip neng purakerta. Dopokan karo kanca lawas pancen gayeng pisan, kang herman crita pengalamane dhong dadi penganten nganggo gaya jogja, kang ferdy crita semi promosi enake baksone bu neny sing ana neng alun2 purbalingga, lha inyong karo kang dayat mung ngegongi dopokan buket kuwe supaya tambah gayeng. Tapine dopokan sing miturut inyong paling gayeng yaa dopokan masalah baksone bu neny, soale inyong karo bojo inyong wis tau nyicipi dhewek scara gratisan setaun kepungkur, baksone pancen sedhep gurih mandan kanyel mula ora gumun langganane butul ngendi ora, sing dodol jenengane bu neny sing ora liya ya biyunge kang ferdy, pokoke wajib de jajal mampir maring warung baksone bu neny nek rika padha dolan maring purbalingga. Lha siki sing tek tunggoni yakuwe kiriman resep baksone bu neny sing jere arep di kirim neng kang ferdy, tek enteni temenan lho kang....

01 November 2007

Tanggal abang versi ramane fatih

Salah sijine keuntungan ngodhe adoh sekang kantor pusat yakuwe anane kebebasan kanggo nemtokna tanggal abang utawa dina prei, kaya dina kemis kiye sing miturut kalender nasional tanggal ireng tapi neng kalendere inyong tanggale abang, soale kalender inyong kuwe tanggal abang karo irenge ditemtokna dening kondhisi cuaca kesibukan lan keperluan, nek esuk2 langite mendhung otomatis tanggale langsung malik werna sekang ireng dadi semu abang, nek mendhunge sida dadi udan wis mesthi tanggale langsung dadi abang jembrang alias prei olihe ngodhe, tapi nek mendhunge ilang ora dadi udan ya otomatis tanggalane mbalik maning dadi ireng alias ngodhene ora prei, lha kbeneran dina kiye mendhung sing kawit esuk wis sida dadi udan lan kanti otomatis tanggalane dadi abang, inyong ora mangkat olehe ngodhe, glibad glibed ndolani si fatih sing agi lucu lucune, biyunge fatih ya pethane keton bungah sebab ana sing ngrewangi momong si fatih, karo medang kopi lawuh kacang goreng inyong skeluwarga nonton tivi sing acarane agi lumayan apik, pokoke dina kemis kiye inyong skeluwarga ngapa2 bareng, jan rasane bungah pisan dadi klalen agi urip adoh sekang kluwarga sing neng ndesa, ora ngajog sepethil2a lunga sekang jawa...!!! Kaya kuwe mbok, sedulur ?