21 Mei 2008

Jembatan Barelang


Tanggal abang wingi dina Selasa ramane Fatih prei guli ngode. Alhamdulillah ana tanggal abang dadi bisa kumpul neng ngumah. Anu wis biasa ngode klayaban montoran ndean, preian neng ngumah malah jere bingung arep ngapa, polaeh nggawe alesan jere melas inyong unggal dhina neng ngumah bae, sekalane preian ajek dolan." Mi...jere ko mbok pengen weruh jembatan Barelang, yuh pada plesiran maring nganah" lah wong dijek mlaku-mlaku dolan ya mayuh bae, neng ngumah ya ngapa, angger wis rampung gawean umah langka liyane maning terus mbethur alias turu. Mangkat gasik kang umah jam setengah sanga, ora keri nggawa uba rampe keperluane Fatih, ana wedang bening, susu, roti disogna blus maring tas. Bar ngiseni bensin penuh setengki werrrr...touring dilanjut...metung daerah Muka kuning terus ngasi ngliwati Tembesi Batu Aji, menggok ngetan luruuuus terus, mandan suwe guli montoran, tiang jembatan Barelang wis keton kang kadohan. Jembatan Barelang kuwe jembatan sing nyambungna pulau-pulau, jembatane ana telu tapi sing paling terkenal tur paling apik ya jembatan Barelang sing pertama. Barelang kuwe singkatan sekang Batam Rempang Galang, kuwe jeneng pulau-pulau, jere angger wis teka meng Batam aja klalen mampir maring jembatan Barelang. Genah wingi dina preian dadi neng ndalan ya rame wong arep pada plesiran, ana sing rombongan bis, mobil pribadi, carteran angkot, ana sing kur montoran kaya inyong karo ramana Fatih. ujarku malah seneng numpak montor ketimbang mobilan, bisa ndeleng kiwe tengen karo kenang semilir angin, seneng apa sebab ora nduwe mobil ya???? Ngliwati jembatan Barelang siji mlebu maring pulau cilik jenenge pulau Tonton terus ngliwati maning pulau setokok, mlakuuuuu terus jog pulau Rempang, ngaso sedela neng jembatan Barelang sing keloro, karo njagong nglempengna sikil karo beyekan ora keri pamer tilpun maring eyange Fatih neng Jawa, ngomong lagi plesiran maring jembatan Barelang. Mbarang kesele wis mandan ilang, lanjut maning montorane. Neng pulau apa ya inyong mandan klalen, neng pinggir ndalan ana gubuk cilik kang kayu terus dipasangi jaran kepang, mbarang dipereki ana tulisane Banyumasan, oh...ndean kye nggon kumpul-kumpul wong Banyumas, anu ora ana wonge dadi ya ora takon-takon, bablas bae, ora let suwe ana tulisan maning taman tejasari Purbalingga, gantian siki nggone wong Purbalingga. Bar pol pulau Rempang mlebu jembatan Barelang telu ana pulau Galang, lah neng kene ana nggon plesiran sing apik-apik (jerene...) tapi ya nggon plesirane anu ndeleng segara. Waduh dirasa-rasa beyekane wis kaya arep copot, apamaning inyong nggendong Fatih, tekan wates pulau Galang Baru inyong njaluk mbalik bae. Karepe ramane Fatih sih diterusna tekan pol pulau Galang, sisan nggawe jere, dadi pengalaman wis tau ngambah sekang ujung kulon pulau tekan ujung wetan pulau, tapi ya kepriwe maning inyong wis kesel pisan, pokoke nggaclek njaluk balik bae. Akhire ramane Fatih manut, balik arah bali maring ngumah, tekan ngumah sekitar jam siji awan, bar sholat dhuhur, madang, terus blek turu tekan sore, anu awak kesel turu ya dadi lali pisan. Ora apa-apa kesel, sing penting wis pengalaman tau ngambah Jembatan Barelang.

1 komentar:

Anonim mengatakan...

nek ana potone maen yu..