27 September 2009

pitung dina seuwise lairan

anu kur nggo pengeling eling, sapa ngerti duwe anak maning......
seliyane nyiapna anggaran nggo tuku popok, minyak telon, bedak lan uba rampe liyane, perlu juga (kiye malah penting banget !!!) siap siap nggo nganakna acara pas dina kepitu sewise lairan yakuwe:

1. nasikah utawa cara ndesane inyong dijenengi aqiqah
lha sing perlu desiapna yakuwe anggaran nggo tuku wedhus lan bumbu bumbune,
nek anake lanang wedhuse loro lan nek wadon cukup siji baen
2. cukurane si bayi nek bisa de cukur gundhul
persiapane ya mung tuku silet utawa peso sing landhep nggo nyukure
3. nyiapna jeneng sing apik nggo si bayi
gari nggolet neng buku jeneng jeneng bocah sing de dol neng pasar utawa takon wong sing pinter njenengi bocah, sing penting jenenge apik lan ora mlanggar aturan agama
4. undang undang tanggane kon mangan iwak wedhus sing wis de masak utawa nek ora kober ya cukup de jujug jujugna baen maring tanggane (mayan ngirit ora ngumbaih pirng kotor heheh)
5. nek ora agi sibuk banget ya gagiyan baen ngetepet maring catatan sipil seperlu gawe akte lair ben ora kesingsal....

5 komentar:

ummu rofiif mengatakan...

siapa yang lahiran umm?

Anonim mengatakan...

jazakillah khair umm atas inpormasinya ^^, o ya umm, nek arep nguburke ari-ari bayi ning ndi ya umm? ning kuburan utawa ning ngendi bae bebas? soale umahe inyong ora ana lemahe (semenan kabeh). terus apike nyukur rambut bayi nganti gundul utawa dicukur sithik bae? sing nyukur bebas to? berarti bojone inyong sing nyukur bisa ya...
Sekian ^^

Rawins mengatakan...

nyong gawe bocah be rung dadi dadi mbok... rung kober mikir popok apa slametan

Mbokefatih mengatakan...

@Ummu Rofiif: Ga kok umm cuma buat info saja he..he..
@ Mbak Meila: Sebenere ari2 ora dikubur be ya ra pa2,angger lairan neng RS ra sah digawa bali,tinggal bae,anake inyong gemiyen dikelikna neng laut karo neng kali ari2 ne,nyukur rambut ngasi botak umm, ya sapa bae olih, ya angger zaujuk sing arep nyukur ya ra pa2..
@kang rawin: cepetan gawe kang...kena nggo batir koh..

ismi Humairo mengatakan...

nais inpo mbok...
salam kelan dimin ya...
kesuwun inpone, walopun nyong rung duwe anak, tapi insyaAlloh mampangat ngemben ngger nyong wis duwe anak.

deneng jarang apdet mbok?? lagi sibuk pisan apa??