05 Maret 2011

Pindahan Maring Pangkal Pinang


Jyan ora krasa wis genep sewulan inyong sekeluarga melu nyuksesnya program pemerintah dalam rangka pemerataan penduduk. ya dina kiye genep sewulan inyong sekeluarga bedhol desa maring pangkal pinang, negeri serumpun sebalai. desa sing inyong be ora ngimpi acan acana arep bisa ngambah kawit ngkuna. eh siki malah inyong sekeluarga malah ora kur bisa ngambah thok tapi ngantek teyeng ngising nguyuh mbarang koh neng kene.

pangkal pinang kuwe angger kang njakarta sejigrangan ya kira kira ndean butuh wektu 45 menitan. desane panase ora memper ujarku soten senajan wit witan karo alas ya esih akeh padahal. tapi sing tek gumuni daerah panas kaya kiye koh wonge padha putih putih, malah angel nggolet sikil ireng ujarku. daerah pantene ya apik apik, pasire putih rata tur ombake tenang, terus sing paling sip gratisan blas ora karcisan. dalan dalane ya relatip lewih apik dibandhing desane inyong kana.

masalah rega aja takon larange, tikel pindho ndean nek de bandhingna jember tah. senajan perek laut lan tanaeh subur wong kene padha males embret iwak karo tani sing marakna regane dadi larang. apa apa nekakna sekang palembang karo pulo pulo sekitare bangka. jan gemagus pisan koh wong kene padha, duwe lemah mending isi alang alang tenimbang de tanduri munthul apa sayuran. jlegongan bat galian timah sing bisa dingoni lele apa jaer ya de jorna dadi susuh lemud. jane sugih banget ya ora wonge padha, malah nek tek rungu rungu malah akeh sing padha ngromed masalah rega sing ora patut. tapi yakuwe kayane juguran neng warung kopi bagine wong kene esih lewih kepenak debandhingna ngupakara pekarangan nggo de tanduri apa de kepriwekna ben metu kasile...

lah mbuh ngonoh ora urusan karo wong kene, kadar nyong baen anu kur teyenge ngecuprus thok ikih, kon nglakoni dewek ya padha baen....

3 komentar:

Anonim mengatakan...

wah, anti sering banget pindah umah ya umm? sakjane seneng yo iso travelling keliling indonesia :D

btw anti saka unsoed ya?kenal mbe binar ra ya?de'e kancaku SMA, saiki dadi dosen unsoed n isih neruske sekulah nang thailand mbe bojone

Mbokefatih mengatakan...

iya umm ana senenge ana orane he he..afwan nyong ora patiya paham karo mba binar

RIZKI PUTRA mengatakan...

Nyong melu ya yu kira ngingu muntul karo ngebon njaer