23 November 2007

Milis banyumasan....

Dhong winginane pas inyong agi ngenet iseng iseng inyong nge-search tembung banyumas neng yahoo search (asli ora agi promosi), ora nyana ora ngira kasil goletane yahoo search jebul pirang pirang akehe (tandha nek banyumas kuwe pancen ngetop, ya mbok sedulur ?), sekang pirang pirang kasil goletane yahoo mau tek pilah pilih jajal tek bukaki sing kira kira maen, lha neng antarane sing tek bukak mau ndilalaeh nyong nemu siji sing menurute inyong pas karo sing tek golet, yah nyong agi nggoleti forum neng internet sing bisa nggo gendhu2 rasa karo wong penginyongan utawa forum banyumasan, lha nek kaya kuwe sing tek golet mbok pas pisan karo milis banyumasan sing ngalamate neng banyumas@yahoogroups.com, trus baen link milis mau sing ana neng kasil goletane yahoo search tek klik lan inyong langsung bae ndaftar dadi anggota, ngesuke mbarang wis di setujoni pendaftarane inyong neng moderator milis banyumas sing biasa diundang ki lurah inyong banjur posting maring milis kuwe, postingan inyong sederhana baen yakuwe mung ngwawuhna (memperkenalkan) awake dhewek maring anggota milis liyane, eh jyan ora nyana babar blas respone maen pisan, jebul warga milis banyumas kuwe gemrapyak lan semedulur pisan, inyong ya dadi krasa bungah ora eram wis melu dadi anggota milis kuwe, yakin lah sumpah nyong ora nglombo, njajal melu nggabung baen sih ngonoh nek rika esih padha mandan awang awangen....

2 komentar:

anggoro mengatakan...

halo mba....
Adoh temen goli ngetutna bojone...

Kiye kepriwe kabar PILKADAL banyumas, butul papua apa ora angete...?

Mbokefatih mengatakan...

Tela koh kang Anggoro...anu sodara bojo guli ngenger tekan Papua ya detutna bae,jere mbok garwa artine sigaring nyawa kaya kuwe...inyong lagi neng Papua ora krungu arep ana PILKADA, ngerti2 ya kye mbarang bali neng ndesa.