23 November 2007

Fatih teyeng kemureb

Ora krasa ya seprana seprene ngrumati fatih siki wis 4.5 wulan,dina wingi tepate tanggal 21 november 2007 Alhamdulillah anak inyong si fatih wis teyeng kemureb,jan rasane inyong karo ramane fatih bungah pisan,ndeleng perkembangane bocah genah nyenengna,apa maning nek bocaeh sehat lan lincah. Jane sih lagi umur 3.5 wis miring2,tp rung teyeng kemureb,genthuwal genthuwel ora teyeng2 malah andon blekah blekuh suwe2 mewek we..we..we..Abong abonge wis teyeng kemureb,siki wis ora betah mlumah ngathang2,angger lagi diklambeni bar adus ya gagian kemureb,dolanan ya karo kemureb,ngasi ngising nguyuh be kemureb ha..ha..ha..Ujarku ya meneng2 kemureb anu lg dolanan dewek jebule deneng bokonge wis mbendol,ngising!!!

2 komentar:

cewekndeso mengatakan...

hahaaaa sing jenenge bocah cilik kemureb mbok wajar? :D

cewekndeso mengatakan...

duh jan senenge sing dadi biyung ndeleng anake wis mulai bisa kemureb