09 Januari 2008

Mudik maring Jawa

Kulonuwun...nyuwun sewu kyeh kayong mandan suwe ora posting2, anu ora kober. Critane inyong se anak bojo lagi bali ndesa, wong tes ndandeng adoh pisan dadi bali pada akeh sing mburu kepengin ketemu. Apamaning siki baline nggawa buntut siji, ora weruh dong bayi ngerti2 wis gede. Inyong arep crita kyeh, perjalanan Jayapura-Jakarta-Margasana meh sedina sewengi, jane sih numpak montor mabure kur 7 jam, sing suwe sekang Jakarta-Margasana. Lagi sekang Ujung Pandang (Makasar)-Jakarta cuacanane mandan ora cerah, dadi neng njero montor mabur rasane wis ora karu-karuan pisan. Gemradag...kadang ijig2 mudun, munggah maning, goyang kanan goyang kiri, jan mbuh lah kayane arep tiba montor mabure. Anu ora biasa dadi inyong deg deg an lemes pisan, Fatih tek cekeli kenceng mbok ngasi gigal. Lambene inyong ngasi ndower bola bali nyebut. Sing tek gumuni ramane Fatih koh anteng adem ayem bae, tek takoni apa njenengan ora maras? Jere ganu wis tau ngalami sing lewih ngeri sekang siki, dadi ya sante bae. Sante bae..sante bae..mbaeh..jantunge wis kaya arep copot koh, ambekan be ngasi ngos2an saking wedine. Inyong dadi mbayangna setaun kepungkur penumpang Adam Air sing ilang nyemplung segara ndean kana2ne wedine kaya inyong, malah lewih2 ndean. Sukur Alhamdulillah bisa tekan ngumah Margasana waras slamet ketemu wong tua lan sanak sedulur ora ketang krasa lemese esih kegawa-gawa. Oalah buset..buset..

4 komentar:

Anonim mengatakan...

kula nuwun..mampir dela

walah..bune..jan wis ngrasakna mabur yah. kuwe dengkule ora copot? sing penting ora kepoyuh poyuh nang pesawat apamaning pingsan saking wedine..

mangga di terusna...kepareeeeng

Mbokefatih mengatakan...

Tela kokh kang, jyan genah meh baen kepoyuh untunge esih bisa di engken hehe

Anonim mengatakan...

jan dadi kangen karo margasana... ulis lawas ora mampir karo sedhulur ... jerene bapake margasana siki uwis dadi kota mbakayu? apa bener?

Mbokefatih mengatakan...

Inyong wingi bali Margasana ya mandan pangling, dadi rame prapatane, trus akeh toko anyar neng ngarep nggili. Dearani kota ya ndean mandan memper he..he..sedulure kang Ario sing neng Margasana arane sapa? Eh mbok jebule tangga pèrèke inyong...