20 Desember 2007

Riyaya Korban

Sugeng riyaya 'iedul adha...mau mbengi malem badha neng kompleke inyong yang lumangyan rame. Bapak2, ibu2 karo bocah cilikan pada takbiran. Lah neng ngarep umah ana pondok natal, dadi saingan rosa rosa an guli puji2an. Neng mburi umah Allohuakbar...Allohuakbar...lah neng ngarep umah haleluyah...haleluyah...angel sin...weh weh inyong ya tembe tau nemu pondok natal neng papua kene. La kae ramane Fatih wis bali thethel, kayong endal endol nggawa kresek, anu daging sapi apa ya...o iya temenan, jere kon gagean dimasak, ya mayuh...

3 komentar:

Maruria mengatakan...

Akhire dimasak apa kuwe sapine?

Salam kenal ya,mboke fatih.... Ponakanku ya jenenge fatih...:)

Yuko mengatakan...

Yu, aku dekandhani kang ali rahmat. Jere rika duwe blog sing full ngapak. Maksude aku arep nembung mbok nang rika olih, nek olih lho ya.. bloge rika arep tek link nanggonku. Men nek ana sing kangen suasana desa ora kudu midher-midher ndadak nggoleti.
Kaya kuwe thok yu. Tek nteni konfirmasine nanggonku, ya...
Matur nuwun...

Mbokefatih mengatakan...

Yah ngonoh kang...ora pa-pa delink, inyong malah seneng dadi akeh kancane. Mbekayu maruria salam kenal balik ya, deneng sih pas temen ya arane ponakane njenengan pada karo arane anak inyong, ora njanjian disit loh ya he..he..