10 Oktober 2008

Ramanefatih keracunan eMPe

Jan kawit wingi ramanefatih mbuh agi ketemper sengtan endi, kawit esuk tekan mbengi koh ketungkul usrek ingternetan baen, nyong sing penangsaran mbanjur baen melu niliki jan jane anu agi usrek ngapa, oalah jebule dheweke lagi jonjangan neng MP karo kanca batire sekang milis banyumasan, malah kae ana siji sing de jek ngeneh yakuwe kang sumarno wijaya sing dadi juragan anthurium neng mbekasi (kesuwun ya kang wis gelem ngendhong), nyong trus niliki buku tamune ramane sing neng MP jebul sing wis ngendhong ya lumayan akeh tapi mbarang tek waca siji2 jebul ya anu sing ngisi [tanpa "ng"] mung kanca glothakan neng milis karo ngapakdotcom thok hehe, trus nyong niliki posting bloge malah nlangsani pisan, tembe telu tulisane cindhek cindhek maning, jajal siy ngonoh rika tilik dewek ming umaeh ramane neng http://ramanefatih.multiply.com wagu pisan toli

NB: kanggo ramane-> mulane nek arep ngeblog konsultasi dhisit karo inyong ngko dadi ora ngisin isina heheh

3 komentar:

Anonim mengatakan...

o..a...lah cempuleke ramane ngeblog anu ora rasan karo rika ya mbok?
terus ngeMPine anu karo umpetan ya, pantes cokan mangslup metu bae, ketone anu mbok kewenangan rika?
hu..laah

Anonim mengatakan...

Duhh mbak ...aku kemekelen moco iki.....hehehena

Anonim mengatakan...

Siki kayong2e Ramane Fatih keton arang gole ngeMPe, ya pada karo nyong siki nggal dina ngedepeng nang blogger karo joged'an.
eMPe'ne nyong http://cahklampox.multiply.com
salam nggo ramane fatih ya Mboke