04 Oktober 2008

Sayah

Bada keloro wingi dina kemis nini karo kakine bocah alias mertuane inyong pada teka. Sekang purakerta numpak sepur logawa mangkat jam 7 esuk tekan jember jam 12 mbengi. Ndeyane ya pada karo wong2 liyane anggeran arep ketekan mertua mesti ithek nyiapna segalane,wiwit pangane ngasi nggon turune. Wong inyong anu nembe pindahan neng jember ya urung duwe apa2,nyiapna nggon turu kepeksane ya kur nggelar kasur palembang karo karpet thok. Biasa angger sedina dinane kur gradhak grudhuk wong papatan, siki ketambahan wong papat maning. Sing biasane adhang cukup rong kaleng, siki tambah dadi nem kaleng. Sayah...sayah...wingi sedina med apa2 ketemu dewek,mulai umbah2 klambi bocah sing njlimet lembut2,klambine inyong dewek karo ramane,ngurusi bocah,umbah2 grabah,terus ndlendeng pegawean ora rampung2. Dasar penyakite wong wadon,angger wis keselen ya lambene ndrememel ora mandeg2. Sapa maning sing olih semprotan nek udu ramane,apa enggane kon nyemprot mertuane ya ora patut pisan mbok. Genah lagi kesel2 dewek enggane langka sijia sing merek ngrewangi,lah dalaaah jadilah mbokefatih seperti pembantu di tempat sendiri. Bunek??? ya jelas...sapa wonge sing ora mangkel, gondok basa kerene. Bar maghrib inyong lagi umbah2 klambine maryam sing mambu pesing karo masang rai njekuthem,uthuk2 ramane teka "maksud hati" arep ngrewangi,wis kadung gela inyong banjur semaur "lah ora usah" wesss olih jawaban kaya kuwe ya ramane kebeneran pisan,jenggirat langsung menyat maning lunga jagongan karo dopokan maning. Nasib...nasib...ketekan mertua seminggu kaya setaun dadine. Tuluuung...

4 komentar:

Unknown mengatakan...

biyung..biyung...
rika deneng melasi temen, untung kur seminggu ya yung, lah angger setaun?
arep ngrewangi, mbok diomong ra usah lah..
ya wes yung sing sabar bae, tulih disayang Gusti Allah karo Ramane...

Anonim mengatakan...

byuh...byuhhh
melasi temen rika yung...
arep ngrewangi mbok diomong ra usah
untunge kur seminggu lah angger setahun?
sabar ya yung, wong sing sabar tulih disayang karo Gusti Allah karo Ramane
salam bae go Maryam (endi potone)

Anonim mengatakan...

hihihii melasi nemennn yaqin...seminggu kaya setahun untung dudu kaya seabad..

sabar..sabarrrr...qiqiqiiq

Mbokefatih mengatakan...

Genah iya koh,adoh kang sapa2 langka sing ngrewangi,huwaaa apa2 ketemu dewek.Sabar mbokeee...