28 November 2008

Ramanefatih bujang maning !!!

Jan nyong gumun karo mandan kegugu pisan nek maca ktp ne ramanefatih sing anyar tembe gawe dadakan rega selawe ewu, udu gara2 potone sing keton tambah nggantheng ujarku (aja geer ramane...) tapi gara2 tulisan "pelajar" neng nggon pekerjaan lan tulisan "belum kawin" neng nggon status, apa sing gawe matane blerengen ndean yah, wong anu tanda tangan be mung gluweran karo clekunthengan thok mangsa ndarani pelajar trus anak be wis loro mangsa detulis belum kawin, jan ora mutu blass kiye tah, apa ndangan2 ana mangsud liya kiye yah, awas mengkoh nek wani macem2 modal ktp bujange rika ramaneee...eh..., orek2 karo spidol mengkoh untune heheh

9 komentar:

Anonim mengatakan...

Mboke, kue jajal ramane ditakoni sing bener. Aja-aja pancen sengaja ngaku esih bujang. Puber kedua ndean.;-)

Mbokefatih mengatakan...

Lah pokoke angger ramane wani macem2,inyong wis siap2 soled karo sorok (hah nggo ngapa siy??) qiqiqi...

Anonim mengatakan...

Walah..deneng soled barang. Arep digoreng apa? (apane sing digoreng?) Asal sing digoreng halal bae. Hehe..

Anonim mengatakan...

wakakakak...gentenan bae mbok...mengko yen nggawe KTP maning..mboke ya ngganti statuse dadi perawan hihihi oragelemkalahdotcom

Mbokefatih mengatakan...
Komentar ini telah dihapus oleh pengarang.
Mbokefatih mengatakan...
Komentar ini telah dihapus oleh pengarang.
Mbokefatih mengatakan...
Komentar ini telah dihapus oleh pengarang.
Mbokefatih mengatakan...

Hah dadi perawan maning...?? inyong gelem kweh, tapi ngadu operasi ndisit ya wakakak (ora nyambung mboke...)

Anonim mengatakan...

Kulu nuwun...
Alhamdulillah..Bisa ketemu dulur wong mBanyumas maning..Lam kenal bae lah ya yu..Pokoke lam kenal buat blogger smua.