09 Desember 2008

J-Lo


J-lo...??? anu apa kuwe mboke? Jenifer Lopez apa...? ooo....udhu...udhu...pengin ngerti?? kaya kiye critane si Jlo. Pirang ndina kepungkur ramane mbuh lagi kumat apa, apa klalen ora nginum obat, apa lagi ketempel sengtan endi ijig-ijig koh kemutan karo sing jenenge jander. Mulai nggoleti resep neng ingternet ngasi takon-takon maring kanca-kancane neng empeh, ben padha-padha wong Banyumas tapinen inyong ya ora tau krungu apa kuwe jander. Lah inyong takon maring ramane malah diguyu, jere mboke kowe wong Banyumas udhu sih, jander kuwe mbok panganan khas Banyumas, asale sekang glepung jagung ditambaih santen karo gula Jawa. Genah inyong seumur-umur ya ora tau weruh apa maning mangan ya tetep ngotot jander udhu panganane wong Banyumas (biasane ramane anu cokan ngarang dewek he..he..), nembe pas garwone kang khamsi posting jander neng bloge pakngapak inyong nembe percaya, oalah kaya kiye sing jenenge Jander alias bubur jagung. Bar kuwe ramane nggaclek njaluk digawekna jander, lah wong inyong blas ora tau gawe ya ora ngerti takerane bahan-bahan sepira, guli gawe kepriwe, adonane dadine kepriwe, tapi anu wong tercinta sing order ya sok-sokan percaya dewek baen bisa gawe. Inyong ngomong maring ramane ya inyong gelem gawe tapi instruksine kang rika ya, inyong kur gari nyampur-nyampur bahane.
Mboke : “Ma..ramane angger inyong kon nutu jagung dadi glepung tah ngedap, nganggo glepung jagung sing wis dadi bae ya, tuku neng tokone bu sus”
Ramane : “Lah apa ana sih glepung jagung sing wis dadi?”
Mboke : “Ya ana ramaneee...jenenge maizena, kae neng toko-toko bera didol”
Ramane : ”Maizena mbok sing nggo campuran angger lagi mangan roti, kae sing lengket-lengket warnane putih, inyong tau mangan pas neng hotel” (ngeyel)
Mboke : “Ya udhu, maizena ya glepung jagung” (melu ngeyel)
Ramane : “Udhu..!!!!” (tambah ngeyel)
Mboke : “ Kae jenenge mayoneis ramaneeee....” (mulai jengkel)
Ramane : “ Udhu, kae jenenge maizena” (tetep ngeyel)
(Inyong jengkel temenan kyeh, kabur mapan turu)
Eh..eh.. ramane ngomong maring biyunge pengin mangan jander, lah kae mertuane inyong ngomong daripada kesel-kesel nutu jagung mending nganggo glepung jagung sing wis dadi ya kuwe MAIZENA. Jen pancen angger domongi cokan ngeyel, nembe angger biyunge sing ngomong nggugu. Inyong ngomong ngasi lambene meniren maizena ya glepung jagung tetep ora percaya. Ngesuke inyong tuku maizena karo kelapa, neng dapur ramane sing ngomong ukurane, inyong kur gari nyampur.
(inyong ndelah maizena 100 gr meng baskom)
Ramane : “Kabehan bae mboke 200 gr, separo ya dadine sipet”
Mboke : “Santene semene?”
Ramane : “Tambah maning”
Mboke : “Gula jawane semene?”
Ramane : “Maning...mengko ora legi!”
Bahane wis dicampur kabeh terus dimasak neng kompor, jere kon nganggo geni cilik ya manut bae. Diaduk-aduk ngalor ngidul ngetan ngulon, deneng dadine mbrekicil-mbrekicil ya ora alus, ramane ngomong...mboke dadine tah ora kaya kiye, alus adonane...wih meneketehe wong inyong ora tau weruh jander wujude kaya apa ya tetep ngaduk bae. Neng mburine inyong, ramane wis berkicau terus udhu kaya kiye dadine...udhu kaya kiye dadine karo mlaku ngalor ngidul bolak-balik kaya gosokan.
Mboke : “Kiye wis mateng, njajal dicicipi ramane, kayangapa rasane!”
Ramane : “Enak..enak..tapi kiye tah udhu jander mbokeeeeee, bentuke ora kaya kiye.”
Mboke : “Lah dadine kiye apa ramaneeee???”
Ramane : “Kiye tah jenenge Jlo, Jander balo alias jander ora dadi.”
Wekekek ramane mangan karo gemuyu bae, inyong terus ngomong pokoke dientong guli mangan, inyong wis kesel-kesel gawe! He..he..he..akhire ramane mangan jander balo, wal wel diawel-awel dewek, ramane nggolet bala Fatih kon melu ngentongna Jlo, Fatih e nyicipi sethithik langsung kabur...emooooh...hi..hi..hi..melas temen ramane.

13 komentar:

Anonim mengatakan...

huwahahahah mbokeee jyannn nyiksa nemen yakin, ramane kon ngentokna JLo sepanci yaa...bujuguneng..

heheh kiye inyong arep berbagi thok ben adonane ora mbrincil2. Santene di bagi loro. Sing separo dipanasna ning panci...sing separo nggo ngejeri maizenane. yen santen sing ning panci wis panas diangkat trus maizena sing encer dicampurna-diaduk2 ning darat...yen wis nyampur, dipanasna maning nganggo geni cilik,aduk2 terus nganti mletup2...nahhh dijamin InsyaAllah adonane ora mbrincil2...hehehhe gayane kaya ya..yakhaaa

Anonim mengatakan...

Inyong maca tulisane rika jan karo ngguyu2 ky wong edan. Kaya anu nyata weruh rika nang pawon karo ramane Fatih.
Mulane nek gawean aja karo kesuh Yu.
Jander, Inyong ya sering krungu tapi mbene ngerti nang potone rika. Ramane si ngimpi apa kepengin jander?:-D

Mbokefatih mengatakan...
Komentar ini telah dihapus oleh pengarang.
Mbokefatih mengatakan...

@ mbak pepeng: kesuwun ingpone ya jajal sih mengko tek praktekna ilmune rika,moga2 sukses...ses..
@ kang suhar: eh kae poto jander sing ora dadi,asline ya mbuh kayangapa pada bae rika inyong ya blas urung tau weruh :)

Anonim mengatakan...

angger nyong senenge tah gula pasir mbok....
deneng aku ra dibagi yah, jyan ramane-ramene, ora emut karo dulur lanang

Mbokefatih mengatakan...

Lah inyong isin dewek arep prentah ramane kon jujug nggone rika kang sumarno,wong anu panganan balo diweh weh na wong he..he..

Mbokefatih mengatakan...
Komentar ini telah dihapus oleh pengarang.
Anonim mengatakan...

J-lo jadinya apa nih?
Duh... gak ngerti bahasanya...

Anonim mengatakan...

Inyong deneng malah tembe krungu ya? Aja-aja kuwe jaburane wong Banyumas gar kidul. Jajal ngko tek takon ninine ngerti ora jander.
Inyong ngertine jander ya meja bunder. Ana parikan; Jander putung Singa: Meja bunder Lampu nggantung isi lenga.
Kaya kuwe ndean...?

Anonim mengatakan...

Selamat hari Ibu.

NAUFAL mengatakan...

Selamat hari Ibu..

Mbokefatih mengatakan...

@ 'Nin: J-lo itu Jander balo klo ga ngerti artinya ya jander ga jadi=bubur jagung ga jadi
@ kang masrur: heh deneng inyong ana balane maning, ra ngerti jander ya kang? Idem karo inyong
@ naufal: hari ibu ya...? Inyong klalen yakin...

Unknown mengatakan...

Jander nya gagal yo mbak hihi,,seingetku dulu semasa dikebumen sama nini enyong skrg udh pindah makassar,jander iku dari tepung jagung yg ditumbuk sendiri dimasak pake gula merahh dg santan trus didiamkan diloyang dia bakaln jd seperti agar-agar gtu mba.klo gk salah rasanya enak