14 Januari 2009

Latung oh latung....


Minyak gas...lengo gas...lenga latung...minyak tanah...jeneng beda-beda tergantung neng daerah endi tapine barange pada, angger inyong sih biasane ngarani lenga latung (wong Banyumas sih...). Kye inyong arep crita, ora nana angin ora nana udan ujug2 koh inyong diwei ngerti angger mulai wulan Januari 2009 lenga latung neng komplek nggone inyong arep ora nana, agen mitan neng ngarep umahku ngomong wulan Januari wis ora dijujugi maning. Dong agi inyong nembe sekitar sewulan neng Jember dijaluki KK nggo pembagian kompor karo tabung gratis kang pemerintah, tapine wong nembe bae pindah esih beres2 ketambahan terus babaran Maryam ya ramane urung sempet gawe KK karo KTP, alhasil ya ora olih jatah kompor gas karo tabung cilik 3 kg. Ganu tah niate arep tuku sing 12 kg kaya sing dong neng Batam, tapi takon2 jere regane sekitar 600 ngasi 700 ewu, lah eman2 pikire inyong karo ramane, kae tabung sing neng Batam arep digawa meng Jember ya kepriwe carane, numpak pesawat mbok ora olih nggawa tabung gas, mengko nek meledak lah inyong kon tanggung jawab, akhire tuku kompor Hock neng Pasar Tanjung Jember, pira yah lagi kae regane inyong klalen, pas semono lenga latung esih lancar, tuku ya ora usah adoh2, neng ngarep umah agen e, regane dong kae esih 3250 seliter e.



Eeh wingi lagi wis mlebu wulan Januari, pada crita2 jere wis 5000 seliter e, waduh payah pisan kyeh, untunge lagi wulan Desember pas diomongi lenga latung arep ora dijujugi maning inyong tuku 10 liter sisan, regane wis 4200. Inyong nek tuku 10 liter bisa ngasi sewulan lewih nembe entong, lah wong anu paling nggo masak, nggodog banyu nggo ngisi tremos karo nggodog banyu nggo adus Maryam, ngasi bakul lenga latung e be gotak, kye mboke ngirit temen yah, ora sering tuku lenga latung, ora tau masak apa? He..he..ngirit jere pangkal sugih ya...asal aja dadi ngirit sebab pailit duit he..he..he..Lah ya kepriwe maning wong lenga latung wis ora lancar, nek ana regane ya larang, ndilalah ramane ditawani neng kancane tuku tabung gas 12 kg, bareng2 rombongan dadi mandan murah 500 ewu, ya ora pa pa lah, kari tuku kompore mengko. Sementara siki kompor Hock e esih dinggo sebab lenga latung e esih kira2 5 liter, jarang masak wong anu ramane ora neng ngumah, seringe tuku sing wis mateng bae. Iseng2 sih inyong takon, lah lenga latung ora nana sih pada maring endi, jere angger wong2 sing neng kota Jember siki arep dikon nganggo kompor gas kabeh, lah lenga latung di dol neng desa2 pinggiran sing jere esih pada nganggo kompor biasa. Tapi ujarku ya epektip, lah buktine wingi arep ana sing ngedol kompor gas karo tabung jatah, jere esih wedi nganggo kompor gas, lah siy kepriwe, anu gratisan koh didol???? Didol rega 175 ewu, ya bathi mbok?? Ramane wis karus tuku tabung gede, kuwe arep dituku kompore thok ora olih, ya wis mending tuku neng toko bae, tambah semending wis olih kompor gas sing loroan. Mengko2ne kompor Hock e pensiun, mlebu maring gerduse maning, eh mbok menawa lenga latung regane mudun maning tur gampang digolet.

7 komentar:

Anonim mengatakan...

Inyong sebagai pekerja cilikan ngrasakna banget kesulitan akibat mundake rega2 BBM.
Tapi tega2ne ana parte sing pasang iklan ttg BBM.

Anonim mengatakan...

latung..langka terus mutung. neng ambon regane wingi 3400/liter,tp kadang2 langka stoke. arep nganggo gas,larange ora ketulungan. dadi pada bae susah. ditambah maning sering mati listrik.. wis pokoke lengkap banget..

Mbokefatih mengatakan...

@ Kang Suhar : Parte apa kang, inyong ra ngerti deneng hehe...(mboke kuper banget yah)
@ Kang Masrur : Lah ganu neng Jayapura rata-rata be nganggo mitan, ora akeh sing nganggo gas, ben wulan dijatah kur olih 10 liter per KK

MENDOAN mengatakan...

Kenalan nyong

ya mbokayune

MENDOAN mengatakan...

Kenalan Mbokayune

Aku lagi latihan ngeblog

Anonim mengatakan...

jah!!!!!dapure diodol odol pa lik?hehehehehe.........tapi siki wis nganggo elpiji ng umah lik,wis ra nganggo MINYAK GAS.Aku wong malang kieh lik....lagi belajar NGAPAK.Nyaaaaaaaaaak........minyak minyak gaaaaaaaaaas!!!!!

RIZKI PUTRA mengatakan...

Lenga latung de deleng lunga mutung

Sapa ilok yah sng molamolaih ngarani lenga latung