15 Januari 2009

Sakinah

Nyuwun sewu kye inyong kur arep nulis thok...pengen crita...angger ana sing ora seneng karo tulisane inyong ya gageyan di “close” bae blog e inyong. Ora nguja anding wingi mbengi, biasa lagi mlaku2 neng internet koh nemu tembung TA’ARUF eh njajal tek bukak, jebul isine anu tulisan komentar2 soal sinetron Ta’aruf . Mandan tertarik komen2 ne ya ana sing mandan karo nggrundel, kesuh, tapi ya ana sing ndukung alias penggemar berat sinetron kyeh. Inyong karo ramane genah ora ngingu TV dadi ora ngerti ana sinetron kaya kiye sing rame dadi bahan pembicaraan , ya siki mbuh kuwe sinetrone wis bubar apa urung, inyong kur arep komen semending karo tokoh utama wadon sing dijenengi SAKINAH sing dadi tokok e asline jenenge Razz Florean (kye inyong ngerti ya sekang internet). Dicritakna wong wadon kye muslimah berjilbab tur nganggo cadar (kye sinetron kena pengaruh booming film AAC apa yah???) ningkah karo wong lanang jenenge FAUZAN sing dadi Sahrul Gunawan, anu ora berdasar cinta (Apamaning pacaran???) dadine rumah tanggane runyem ora harmonis (sing harmonis ya mboke karo ramane Fatih he..he..). Sengertine inyong neng dunia nyata akeeeeh banget wong sing ningkah anu kenal sedela istilaeh basa wong2 kuwe ta’aruf ya Alhamdulillah pada lancar2 bae, kuwe sebab ningkah e nggolet ridho Alloh semata. Eh balik maning Sakinah, inyong maca neng internet kyeh, dicritakna bar pegatan karo Fauzan langsung ningkah karo dr.Ruben trus meteng, akhire ora ngerti ramane sapa. Lah angger neng dunia nyata, wong sing kaya Sakinah kuwe semending mending ya mestine pernah melu ngaji, masa ora ngerti masalah masa iddah (kye sing akeh diprotes penonton), nembe bae pegatan koh langsung kawin maning karo wing liya, wong bodo, sing ora sekolah duwur istilaeh wong awam be ya ngerti karo bab masa iddah. Terus maning (esih maca sekang internet) Sakinah mbukak cadar e neng ngarep wong lanang udu bojone apa mahrom e????? Neng dunia nyata inyong yaqqqqin nek sing tau melu ngaji ora kaya kuwe. Lah maning kyeh, inyong ndeleng neng internet, lagi pas pengantenan si Sakinah kye nganggo klambi kebaya, kudung modern warna putih kaya Inneke tapi koh nganggo cadar????? Aneh!!!! Sengertine inyong wong sing kaya Sakinah kuwe angger lagi mantenan ya tetep nganggo klambi longgar istilaeh klambi abaya, trus tetep kudungan gede, dadine ya aneh mbok ndeleng klambi sing dinggo Sakinah???? Inyong be ya gemuyu dewek Inyong kur aweh nasehat maring sing tukang gawe crita sinetron kuwe, mbok iya angger arep nguripna tokoh kye ditiliki ndisit neng dunia nyata biasane kepriwe, dadi angger wis diunggahna neng sinetron ora ganjil tur akeh sing protes, ya jelazzz bae akeh sing protes (termasuk inyong), ora..ora..inyong ora nyalahna Sakinah (mbak sakinah aja jengkel karo inyong!!!) inyong 100% nyalahna sing gawe crita, critane wagu, ora pas karo kenyataan, inyong jengkel kyeh, apamaning maring penggambaran tokoh sakinah e, njajal ra usah digawe tokoh nganggo cadar, cukup nganggo kudung thok, nganggo cadar gitu loh (basane cah2 gaul) dicritakna kaya kuwe, inyong ora rila...inyong ora rila...inyong telat yah guli ngerti masalah kiye, ya sepisan maning genah inyong ra nduwe TV ya ora tau ngikuti sing jenenge sinetron, apamaning sinetron Indonesia sing biasane kur nguber peringkat duwur thok. Ganengan sih ya pas lagi inyong karo ramane bali meng ndesa numpak sepur logawa, ana tukang ngamen, karo liwat karo ngomong ana Sakinah...ana Sakinah...lah inyong anu ora mudeng ya meneng bae, pikire inyong kae wong mbuh ngomong apa...mangsude apa...mbarang inyong ngerti oooooh kae toh mangsude....(mangsude apa mboook????) mbuh lah..wis..wis..bubar..bubar..

4 komentar:

Anonim mengatakan...

Hahahaha... sih lucu timen Ummu Fatih? Qq garep mlebu youtube kielah. Ngecek pilm'e, garep melu komentar. Hikz...

Anonim mengatakan...

Sinetron Indonesia pancen lewih akeh sing wagu. Kayane pertimbangan edukasi wis ora dipekirna lan gumune ya payu koh.. Soale ya esih pada gelem nonton.:-) Sing nontoni ibu2 karo momong anake maning.:-(

Mulane tvku ora tau nggo nyetel sinetron. biyunge Naufal juga akhire terbiasa.

Anonim mengatakan...

prihatin ya mbok karo sinetron indonengsia...mirisssss..untung aku juga ora tau nonton sinetron

aku dadi melu jengkel yakin barang ngerti jalan critane sinetron sakinah...

pengin meng-hajar sing nggawe jalan critane

Mbokefatih mengatakan...

@ qqcakep : Ya nganah jajal ditonton sedela bae terus dikomentari kepriwe ya yu...
@ Kang Suhar : He..he..ora mutung kuwe kang biyunge Naufal ora olih nonton sinetron...
@ Mbak Pepeng : mayuh mbak kita hajar bareng2 ben kapok kuwe wong sing nulis naskah sinetron ta'aruf he..he..