08 Maret 2009

UBUNTU 8.10

Wingi awan bali macul karo ngguyu-ngguyu ramane nidokna paketan isi cd. Jere ramane nembe dekirimi cd software ubuntu gratis sekang negara Netherland ngkana. Iya gratis tis, kur ngganti bea liwat kantor pos telungewu perak.


Inyong anu ra mudeng kuwe cd apa ya mung iya iya thok, banjur takon anu cd apa siy kuwe ramane? Dejawab neng ramane kiye anu cd ubuntu, lah apa maning kuwe inyong tambah ra ngerti. Kayan kayane tau krungu ubuntu, pernah maca neng dunyane si maya, tapi ya rung patiya paham pisan. Mbarang debukak kiye isine cd ana tulisane UBUNTU 8.10 DESKTOP EDITION karo stiker tulisan UBUNTU linux for human beings.


Lah genah anu ora mudeng ya inyong nyrocos takon maring ramane, njaluk deterangna apa anu panganan apa kuwe ubuntu. Mbarang wis dejelasna, oalah anu kaya kuwe jebule….anu pada bae karo Microsoft windows, dadi ubuntu linux kuwe anu sistem operasi. Wong inyong kur mbok mbok rumah tangga ya ora ngerti urusan kaya kuwe, ngertine ya kur lombok karo brambang. Gemiyen lagi esih sinau neng sekolahane mbah Soedirman inyong ngertine ya kur system operasi computer windows sing gawe perusahaan Microsoft, programe ya ngertine kur Microsoft word, excel, karo power point. Eeeh mbarang siki wis mandeg sinau neng sekolah formal koh metu bab bab anyar sing wis maju kaya kuwe. Balik maning maring crita kiye, ana setengah dina dewek ramane nginstal ubuntu linux neng kompi terus uthak uthek desinauni kepriwe guli ngoprasiknane. Tek akoni ramane kiye jyan anu wong calakan, apa2 pengen ngerti, angger rung teyeng dewek ya rung gelem mandeg, angger inyong ya ora ngerti ya uwis, ngenteni ana wong sing gelem maraih. Mbarang wis sore, kayane ramane wis menguasai ubuntu linux kiye, karo mbengok mbengok nyeluki inyong sing lagi nyusoni maryam, mbokeeee kiye wis dadi, ngeneh merek tek waraih cara nganggone ubuntu. Ben inyong kur anggota DPR (waca: dapur) sing kur pura ngumbaih, masak, nggosok, ngrumat anak bojo karo umah, tapine ramane kiye mesti aweh inpormasi apa apa sing anyar, jerene inyong kon aja dadi mbok mbok rumah tanga sing kuper, kuin bin gaptek dadi ora ngisin ngisina ramane (halah). Dewaraih sekarang awal2 mbukak ubuntu linux, ngisi username karo password, terus deterangna isine, eh jebule ya meh pada karo Microsoft windows, program sing nggo nulis2 nek neng windows arane Microsoft word, nek neng Ubuntu arane open office.org.word processor, trus angger Microsoft excel pada bae karo open office.org spreadsheet, lah angger Microsoft power point pada baen karo open office.org presentation. Sekilas rupane kiye program meh pada baen, tapi ya jenenge barang loro ya mesti ana bedane mbuh ketang semending. Wong inyong kiye dearani pinter ya ora, ning bodo ya ora, yaaa pas pas an lah kaya kuwe, dewaraih sepisan InsyaAlloh ya teyeng (nek agi ora klalenan he..he..), mengko toil angger wis sering weruh tur nganggo bisa lancer dewek. “Lah nggaya temen mboke, nganggoni ubuntu arep nggo ngapa????” lah pengangguran soten angger akhir bulan karo awal bulan inyong keduprukan ngrewangi ramane nggaweni lapuran wulanan, yah pokoke simbiosis mutualisme lah, pada2 untung, ramane untung lapurane ana sing nggarapna, lah inyong untung olih upah sekang ramane, apa baen sekarepe inyong, njaluk detukokna apa asal ora larang bae mesti detukokna ramane. Wis lah pokoke siki kompine inyong ben rupane ora maen tapi isine maen, kari arep milih arep nganggo Microsoft windows apa ubuntu. Kesuwun ya ramane wis maraih inyong, ora salah inyong gelem dadi bojone rika he..he..he..suwun…suwun...suwun...

8 komentar:

Anonim mengatakan...

he..he..he.. marga UBUNTU dadi tambah ai lofyu ...

Mbokefatih mengatakan...

he he ya bener kuwe mbak...

Anonim mengatakan...

assalamu'alaikum
wah arep komen susah banget mlebune..
uuu...buntu..

critane dual OS kompine? maen ya... tapi ujare inyong lewih stabil Mandriva, utawa angger kepengin maen tampilane ya jajal bae Suse, tapi filee gede..

Eh inyong sih kur iseng njajal2 tok hehe..

Mbokefatih mengatakan...

Panganan apa maning kuwe kang...lah jyan inyong ra mudenk blas he..he..he..

Anonim mengatakan...

mung arep nambai baen;
sing arane mandriva, suse, ubuntu kuwe variane OS linux, ya kaya OS windows ana variane wondows xp, windows vista, de el el. Dikarenakan OS windows kuwe larang (regane sekitar sejuta'an-maklum kapitalis) mulane ana sing nggawe OS murah gratis-tis sing arane linux kuwe...
segitu aja penjelasan singkat sekang inyong based on sing diomongna uwong2...(maap bahasane gado2-isih gagap je ngapake..)

Mbokefatih mengatakan...

suwun mbak meila inpormasine...

endar mengatakan...

salam kenal mbekayu nyong kayane wis tau ngendong maring ngene lho..
kuwe pada nyong nggo ubuntu, download dewek berdina-dina hehehe kiye bahasane wis kaya wong jakarta nyong pindah sekang purwokerto..

Linduaji Masman mengatakan...

seh .. seh .. rika ganengan ngerti ubuntu mbireng ... medeni temen kuwe koh...