21 Februari 2009

Maryam lulus ASI eksklusif

Alhamdulillah dina kiye Setu tanggal 21 Februari 2009 Maryam anak inyong wis umur 6 wulan. Hureeeee akhire inyong sukses aweh ASI eksklusif maring Maryam, bungah…bungah…bungah pisan rasane, lah iya wong gemiyen pas Fatih bayi inyong ora bias nusoni suwe sebab mriang malaria. Mangkane inyong duwe tekad sing gedeeeeee banget, kapanane inyong duwe anak maning arep tek susoni dewek ora nganggo susu formula susu formula an, seliane lewih bergizi ASI tur gratis ora ndadak tuku neng toko, kur gari jel nyot..nyot..wareg Maryam…mau esuk Maryam wis tek jajal kon mangan bubur, udu bubur cap SUN, Promina, Milna. apa Nestle, kiye langka sing mangan seliane Maryam, iya lah anu bubur cap mboke, alias inyong gawe dewek, sekang glepung beras putih, digawe bubur terus ditambaih madu semending, inyong sih wis nggoleti resep2 bubur nggo maryam, Alhamdulillah nemu akeh, dadi Maryam mangane akeh variasine, ben ora bosen. Iya inyong siki semangat banget aweh sing terapik nggo anak, apa baen, gemiyen pas fatih cilik ya iya, tapi rung ahli ngurus anak, mangane ya esih bubur instant, sing gampang guli gawene. Alhamdulillah Maryam bocaeh sehat (MasyaAlloh, Barokallohufiykum), lemu imlek..imlek..nggemesi pisan, raine jipleeek karo ramane. Eh..eh..cilik2 soten Maryam kye perkembangane (Masya Alloh) cepet pisan, umur 5 wulan lewih seminggu wis teyeng njagong dewek, seminggu maning teyeng nglangsur, terus siki wis mulai arep ngadeg2, cekelan karo barang2 sing neng pereke, kadang cekelan inyong, kadang ya cekelan kasur, inyong anu cokan maras, wong esih cilik menurute inyong. Gemiyen Fatih umur semeno ya esih ngaplang2 urung teyeng ngapa2, nglangsur nembe teyeng umur 7 wulan, mbrangkang 8 wulan, terus njagong dewek umur 9 wulan. Genah tek deleng2 beda banget antarane Fatih sing diempani susu formula karo Maryam sing diempani ASI, jyan ASI genah langka tandinge. Gemiyen inyong ngasi nlangsa ora teyeng nyusoni Fatih, angger ana wong sing lagi nyusoni anake rasane kepriwe kaya kuwe, iriiii, kesuh, sebel, capur bawur ora nggenah. Siki sih wis bungah, angger ana sing takon, anake disusoni apa??? Langsung njawab ASI thok, uuuh bangga pisan. Tapi ya…inyong ya cokan gumun maring wong sing Alhamdulillah diwei banyu ASI akeh lancar, sehat, ora lagi mriyang, koh malah anake disusoni sambung susu formula, apa babar blas ora disusoni ASI, padahal kiye wong ya anggur angguran neng ngumah alias udu wanita karier, ujare inyong ya eman2. Ujare nek diwei susu formula kuwe lewih apik ndean, padahal ya…selarang larang e susu formula, tetep lewih berkualitas ASI, jeer ana sing ngomong, angger susu larang ya kualitase apik, ora!!! Sepisan maning ora!!! Mayuh lah ibu-ibu sing urung meteng, sing lagi meteng, sing dela maning babaran, awake dewek aweh ASI meng bayi2ne dewek , minimal ASI eksklusif 6 wulan lah. Urip ASI…urip ASI…urip ASI…

11 komentar:

Anonim mengatakan...

syukur alhamdulilah, pancen ASI maen banget kanggo kesehatan bayi.. 6 wulan tutug..

kapan2 inyong njaluk resep bubure ya mbok..

Mbokefatih mengatakan...

Halah kang...mbekayu karin wis agi mbobot apa???? iya lah beres mengko tek kirim meng Ambon resep bubure

Anonim mengatakan...

pada karo Naufal anaku Mbak.. Tekan 6 wulan ASI ekslusif. Kebetulan Naufal ora doyan susu formula (alergi susu sapi).
Akhire malah ora tau mencicipi bubur instan. Kabeh full gawe dewek. Alhamdulillah, pancen jare wong2 anakku sehat. setaun persis wis mlaku, siki 15 wulan wis mlayu-mlayu, wis cerewet.

Mulai setaun, Naufal tembe diselingi susu formula. Karena tetep alergi susu sapi, nanggone Nutrilon Soya. Konon sih lumayan apik nggo kecerdasan.. konon sih

wis lah, kedawan..kelilan..

Mbokefatih mengatakan...

he..he..kedawan critane ya ra pa2 kang...mengko dadi kaya cerpen kaya kuwe, eh fatih be siki arang2 an nginum susu formulane, cokan diselingi susu kedele tuku sebungkus sewu meng ibu2 ider, anu wis bosen ndean, apamaning ngger susune putih, langsung idig-idig, ngger susu coklat tah esih doyan.

Anonim mengatakan...

Pancen mbok ASI is the best yakin.

Alhamdulillah baim ya lulus Asi Eksklusive..

trus lanjut tesih nenen nganti 2th. diselingi susu sapi mulai 7 wulan tp dudu susu formula kalengan...nganggo susu UHT..kayane ning indo arane susu ultra..

jebule barang melu milis sehat..susu tambahan sing apik pancen nganggo susu UHT..aku sih olih resep sing dokter mesir kon nganggo susu UHT bae..

Mbokefatih mengatakan...

iya jere mbak...inyong ya tau maca jere susu UHT apik, neng indo ya susu UHT esih didominasi produk ultra jaya, jane sih ana bakul susu sapi murni sing ider, tapi sebungkuse larang, angger tuku arang2an siy ora pa2, angger ben ndina ya tekor he..he..he..

wuri dopara mengatakan...

nyuwun sewu, mboten saged nulis basa panginyongan. intinya setuju bgt kalo asi is the best...
anakku fatih (sama ya namanya..)jg cuma doyan ASI, insyaAlloh ASI terus sampai 2 th. makanan jg cuma doyan masakan umminya..sehat dan yang pasti irit...

Anonim mengatakan...

inyong melu sinau ndisit ya...insya Allah suk nek dnuwe anak arep tak susoni dhewek
matur tengkyu atas postingane ya...
kapan chatting maning...? ^_^

Mbokefatih mengatakan...

Suwun mbak qanitah wis mampir...ya tek dongakna ben cepet nyusul inyong nduwe anak....

Vina Ummu 'Umar mengatakan...

Assalamu'alaykum

Mbak... Subhanalloh, ternyata diriku pny senior lagi yg sama2 ngaji yah^0^
Alhamdulillah...
Salam kenal jg, nama ana Vina

Ana Angkatan 04, mbak.. (hehe, angktn tua jg!)
Lho kok tau c ana ngambil mikro penelitiannya????

Wah mbak jauh jg y mengembaranya.
Salam buat jundu2nya yah...^_^
Barokallohufikum

--hehe, mhn doanya spy TA cpt rampung--

[ADuh ngapunten nggeh, mboten teyeng basa jawa dadose indonesanan mawon :-D]

Mbokefatih mengatakan...

Wa'alaykumsalamwarohmatullohiwabarokatuhu, suwun de Vina wis mampir...ya inyong2 kira2 bae anti njukut mikro wong neng bloge ana crita soal mikrobiologi. Tek dongakna ben cepet dadi S.Si yah...