09 November 2016

Kampung KB, Kabe Kabeh “KaBe”....



Kampung KB, tembung kuwe sing siki dadi trending topic cara bocah gaule utawa kembang lambe cara wong penginyongane. Meh saben wektu neng balai penyuluhan, neng kumpulan kader lan uga neng Bapermaspkb Kampung KB dadi bahan dopokan utawa diskusi sing paling buket. Ana sing semangat mbahas kapan mbentuk pengurus lan launchinge, ana sing mumet mikir anggarane, ana sing bingung mbuh sekang endi mulaine lan ana uga sing wis mulai mikir kepriwe kelanjutane Kampung KB tembe mburine. Sing jelas Kampung KB siki wis ora bisa ucul sekang pedinane PLKB lan wong sing perduli program KB. Gelem ora gelem Kampung KB kudu sukses lan nggawa kasil kanggone program KB neng njerone nyejahterakna masyarakat.
Jan jane kepriwe sih sing dekarepna sekang anane kampung KB? Nek miturute piterang Kabid KB – KS, Slamet Hartono,SH wektu kegiatan “Pelatihan RR & Penyusunan Profil Kampung KB” neng Pendhapa Soepardjo Roestam Kecamatan Sokaraja winginane (27/10) kampung KB nduweni tujuan utama yakuwe ngrembaka utawa memasyarakate program KB neng njerone kauripan warga masyarakat kaya wektu jaman jaya jayane KB. Liwat kampung KB dekarepna bisa ndadikaken masyarakat duwe krasa lan rumangsa maring penting lan mampangate program KB. Sekabehane kegiatan masyarakat apa bae leading sectore sebisa mungkin de ubungaken karo program KB.
Siki mbarang wis akeh Kampung KB sing wis de bentuk lan de acarani pencanangane banjur arep kepriwe? Kuwe pitakonan sing wajib de jawab nganggo tindhakan nyata neng kaum penginyongan sing perduli program KB. Dhewek duwe kewajiban nganakna utawa nglanjutna kegiatan – kegiatan kemasyarakatan sing bisa denggo dadi sarana nyuksesna program KB. Mulai endhang endhong lan incang inceng maring dinas lan sektor liyane mbok sapa ngerti ana program sing bisa di sinergikena karo program KB. Silaturahime karo tokoh masyarakat lan tokoh agama sing dadi panutan warga kampung KB uga de sregepi lan dikerepi kon sangkane dheweke tambah gethel goli mbantu masyarakatna program KB maring warga. Advokasi maring Pemerintah Desa aja de kelalenna ben kebijakan pembangunan sing de tokna ndhukung lan nyengkuyung anane kampung KB sekegiatane. Pokoke kabeh polah lan kegiatan sing bisa dadi sarana nggo nyuksesna program KB ngadu lewih de unggahna kualitas lan kuantitase neng kampung KB
Minangkane program, kampung kb ngadu bisa de ukur kasil lan perkembangane. Lha sing bisa nggo ngukur yakuwe liwat anane Pencathetan lan Pelapuran sing delakoni kanthi tertib lan rutin. Lapuran sing de gawe kudu sesuai karo kahanan senyatane supaya bisa denggo ngevaluasi lan nemtokna langkah kingarepe maring kampung KB sing delpurna. Siki wis ora jamane gawe lapuran sing de gawe gawe nggo nyenengna sing duwe gawe walopun menggoke ngiwe. Siki jamane lapuran jujur senyatane ben apik tembe mburine.
 
(Ramanefatih)

Tidak ada komentar: