20 November 2016

Nggo pengemut emut

_*Nasehate Ustadz DR.Safiq Riza Basalamah, MA hafidzhullah*

*💥APA SIH SING DADI UKURAN SUKSESE WONG UMAH UMAH?💥*

Sebagean penginyongan nduwe pinemu utawa anggepan nek wong umah umah kuwe teyeng darani sukses angger wis duwe rong perkara yakuwe :

1) Duwe anak sing akeh,

2) Dunya bandhane akeh.

Apa kaya kuwe?

Ningen nek menurute islam lan kenyataan jane ya ora kaya kuwe leh

Ora ngandel? Kiye buktine :

1.Bale somaeh  'Aisyah Radhiallaahu 'anha ora deparingi anak turun...

apa mbanjutan dhewek ngomong nek bale somah kuwe ora tentrem? Ora begja? Ora bungah?

2.Bale somaeh  Fatimah Radhiallaahu 'anha mlarat pisan babagan dunya branane.

Saking mlarate Fatimah tau nahan kencot ngasi pirang dina ngantekan raine pucet kuning?

Banjur apa dhewek wani ngomong menawa bale somaeh dheweke meh bae bubrah? *YA JELAS BAEN ORA MBOKAN?*

Malah lanange dheweke (Fatimah) kuwe salah sewijine calon warga suwargane Gusti Allah Ta'ala
Masyaa Allah...

BENER, dadine wong wadon aja gemampang njaluk pegatan maring wong lanang mung sebab perkara perkara kaya sing neng dhuwur.
SEBAB ummahatul mukminin ora tau ngabot ngaboti lanange nganggo omongan sing ora apik

Semana uga dadine wong lanang aja gemampang ngomong *"Nyong ora duwe dunya, nyong ora pantes nggo ko hey bojone inyong..."*

Innalillaahi wa inna ilayhi rooji'un...

Ngerteni hey wong lanang, omongan kuwe toli malah wegah de rungu neng wong wadone rika padha.

Sebab para sahabate kanjeng Nabi ora padha nduweni sifat pungkes pengarepan.

*UKURANE UMAH UMAH SING SUKSES kanggone wong islam yakuwe*, *SEWISE NINGKAH, DHEWEKE* :

1. *Dadi tambah TAQWAne dheweke maring Gusti Alloh سبحانه وتعالى*

2. *Dadi tambah AMALAN2 SUNNAHe dheweke.*

3. *Dadi tambah SABARe maring sekabehe taqdire Gusti Alloh.*

4. *Dadi tambah semangate nekani majelis2 'Ilmu Allah.*

5. *Dadi tambah WEDIne sebab ngemut emut dina dheweke bakale pisah lan ngadhepi sidange Gusti Alloh sing adil.*

6. *Dadi tambah pengarep arepe wong sakeloron maring Gusti Alloh kon sangkane bisa mlebu lan de ningkahaken maning neng suwargane Gusti Alloh سبحانه وتعالى  ora nganggo hisab...*

Masyaa Allaah,
BaarakAllaahu fiikum

*De terjemahna secara bebas neng Ramanefatih sekang grup WA mesjid taqwa kebondalem kirimane ustadz Machfulyono*
               ___🍃🕋🍃_

Tidak ada komentar: