17 Oktober 2007

Riwayat uripe Inyong lan bojo inyong

Agustina Ambarwati, kuwe jeneng asliku tapi seringe diundang atin utawa mboke, asale inyong sekang desa margasana kecamatan jatilawang banyumas, inyong goli sekolah neng TK Dipanegara margasana, SDN margasana, Smp N wangon, SMU 2 purakerta, Pakultas Biyologi Unsud purakerta jurusan biyologi reproduksi. Domisiline inyong siki ana neng dok 8 ndhuwur jayapura papua (critane lagi ngranto kaya kuwe). Lha nek bojo inyong kuwe jenenge Tohid Al Muslim, asline dawuan karangtalun lor, purajati, banyumas. Dheweke tau sekolah neng SD 2 karangtalun lor, smpn 1 purajati, smun 1 purakerta, jurusan acarologi pakultas biyologi unsud purakerta. Bojo inyong siki goli nyambut gawe utawa ngodene neng PT Hexpharm Jaya Laboratories cabang jayapura. Lha kuwe sepethet riwayat utawa propil uripe inyong lang bojone inyong, kanggo sing kenal utawa tau ngerti inyong lan kepengin nyambung silaturahmi monggo ngirim imel maring: ramanefatih@yahoo.com utawane ramanefatih@acasa.ro nek ora ya ming mbokefatih@acasa.ro insyaALLOH nek kober tek bales...Klilaan...

5 komentar:

Anonim mengatakan...

halao, salam kenal mbakayu.. aku ario, ramane nyong asli sekang margasana ngidul.

salam kenal yah

Panitia Idul Adha mengatakan...

oh..., kiye atin yach,siki neng endi?tesih neng jayapura apa neng batam, wah mesti cair kiye duite kumpul?.... badha ngesuk balik ora tin? inyong anton samping umahmu neng margasana,

http://masanton.webs.com

Mbokefatih mengatakan...

Oh mas jabet rika to kang anton,inyong siki neng jember nembe 2 wulan,neng batam kur setengah taun trus ramane bocah dipindah maning guli macul sawah

Mbokefatih mengatakan...
Komentar ini telah dihapus oleh pengarang.
Mbokefatih mengatakan...
Komentar ini telah dihapus oleh pengarang.