28 Oktober 2007

Sedina med bareng keluwarga

Dina akhad pancen dinane keluarga utawa family day nek istilah inggrise, kaya dina kiye bojo inyong sing agi prei olihe ngodhe jan bener2 dadi duweke inyong lan anak inyong, lha sedina med inyong skeluwarga glibedan bareng, esuk2 bar subuhan kluwarga inyong padha turu maning, kira2 jam pitu esuk inyong tangi terus ming pedangan gupruk masak sega goreng karo ndog ceplok nggo sarapan, bubar sarapan inyong karo bojo inyong glibedan ndolani si fatih sing agi lucu lucune, fatih pethane bungah pisan detunggoni rama biyunge, mbraok mbraok karo ngguyu2 nggemesi pisan. Kira2 jam 10an ramane fatih ngomong kpengin mangan sroto trus nyong sing uga kpengin mung iya baen, bar adus jam stengah swelasan inyong skeluwarga trus mangkat maring agro (toko buah karo sayur paling gedhe neng jayapura) sperlu tuku uba rampe gawe sroto, bali skang agro fatih tek pasrahna ramane trus inyong gagiyan bae thik thek ngolah bahan sroto (jenis bahan lan cara gawe wis tek tulis neng blog kiye winginane) neng mburi, kira2 rong jaman srotone wis mateng siap disandhingna, sroto sing panas kemebul dipangan karo nonton tivi bareng2, rasane nyamleng buket pisan, pokoke inyong bungah pisan nek ana wektu nggo kumpul bareng2 skeluwarga, bena kesel tapi seneng, sedina med glibedan bareng skeluwarga

2 komentar:

cardissa mengatakan...

Jan..., pancen Indonesia memang bagian sekang Banyumas, neng ndi ora ana bae ambune wong Banyumas. Inyong sih cuman kepengin njajal sroto sing panas kemebul gaweane mboke bae, ketone kayong nyampleng banget kambi ndolani fatih.
Pokoke tek enteni srotone, nek bisa ditambah ayam gorenge..
Mungkin kaya kue disit kang-mboke, maturnuwun...

Mbokefatih mengatakan...

Tela koh kang,pokoke bersatu kita ngapak berceré kita dhupak !