07 Desember 2007

In memoriam TV inyong

Inyong arep crita kyeh (nyuwun sewu postinge disambi BAB he..he..) dong dina senen wingi inyong karo bojo esih teyeng ndeleng kotak ajaib merk sony sing umure wis pirang2 taun, anu TV metuan lawas tapi gambar karo suarane tek akoni esih maen. Nembe baen dialem TV ne awet, eh ora nana barat ora nana bledeg ora nana udan ujug2..PET..TV ne inyong wafat alias ora teyeng murub maning. Waduh gazwat..diuthak athik mbok esih teyeng murub, dideleng kabele mbok ana sing udar, tapi ya ora murub bae. Nasib...nasib..duwe TV mung2an tukune be sekenan tp ora jodo lawas karo keluarga inyong. Jan langka TV neng ngumah rasane "boring" sumpeg..jog jogane internet sing dadi sasaran, klik nganah klik ngeneh iseng2 ngerambah (browsing) eh sapa ngerti mengko ana rejeki bs nggo tuku maning.

9 komentar:

cewekndeso mengatakan...

ora nana tv sing penting ana komputer nyambung internet mbok malah pada baen

Mbokefatih mengatakan...

Tapi sih nyong dadi kelangan kiye, kayane kokh ana sing kurang kaya kuwe

Gambarpacul mengatakan...

De dandakna mbok isih teyeng kueh..
nek ora ya de isini banyu dadekna akuarium..huehuehehehe

Mbokefatih mengatakan...

Jane niate arep tek ijolna brondong kaya dhong inyong cilik tapi sayang neng papua langka bakule

Anonim mengatakan...

melasi temen rika,, tvne bodol,, di ijolna brondong ora ana sing adol brondong.
hubungane rika karo ramanefatih nang ngapak.com apa?

Mbokefatih mengatakan...

Téla iya kokh, bakul brondong be langka apamaning bakul tivi yah?
Inyong ya bojoné ramanefatih sedulur, nek ramanè senengane rabang rubung dopokan neng ngapak.com karo neng milis banyumasan, lha nèk inyong senengane ngedumel neng blogger karo neng infoibu.com

Dui Marr mengatakan...

Genah angger langka tv jan kayong priweee.... Aku be tau, tv ne bodhol ping pindho koh ya pas taun baruan. Angger terang si ora patia ngenes, bisa klinthung. Udan deres, langka tv jaann ndoresani pisan. Salam kenal, Mboke

NB : deneng ngapak.com eror bae ya???

Mbokefatih mengatakan...

Genah ngapak.com anu bandwithe kurang jere kang khamshe lan para ngadmin, ksuwun ya kang wis mampir

Anonim mengatakan...

lahhh jan...melasi temen?nek gelem tek dandani inyong bae ngeneh?nggo rika gratis laahhh...!!!