19 Desember 2007

Rawunan Beton...

Rawunan beton? Apa ènak? Yah kaya kuwè kayane sing ana neng pikirane rika sing urung tau nyicipi, nyong bè ganu ya gumun dhong pertama ngerti ana rawunan beton neng umaéh mertua inyong, pertama2ne sih kayong ngedhap mangan tapi mbarang weruh ramane fatih thal thil mangan kayong enak ya inyong mbanjur kepèngin nyicipi, tek jiot siji trus tek ploq njur tek kecap2 èh jebule enak pisan warah, buket2 gurih kaya tales rasanè..Sepeté kuwe nyong dadi kayong klangenan lho maring sing aran beton, ngasi wis tekan papua mbarang ya kadhang2 nek tuku nangka sing diincer udu nangkanè tapi malah betoné, nek milih2 nangka mesthi sing dideleng pertama betoné mrengsel apa ora, bèna daging nangkanè tipis2 ya ora mangsalah nek betonè keton akéh lan gedhé gedhé...
(Eh iya kanggo sing urung ngerti, beton sing kiyé udu beton cor2an lho... Beton sing de mangsud neng kèné yakuwe wiji nangka pulut utawa jack fruit..)
mangan rawunan beton pancèn enak tapi ngati2 maring èfék sampingé, aja wani2 mangan beton nek arep rabang rubung karo wong, mbok kisinan dhèwèk, soalè ora let suwè bar mangan beton mesthi baen weteng kuwè krasane ngembek2 njur dhat dhut bola bali ngentut ora kena de tahan, asli kiyé nyong ora nglombo yakin wöng nyong tau nglakoni dhewek soalè, nek ora percaya jajal dhewek baèn siy nganah tapi njur aja mérek2 inyong, nganah minggir sing adoh...

2 komentar:

Gambarpacul mengatakan...

Enak maning beton kluwih yu....jyan nylekamin pisan...jajal bae ngonoh

Mbokefatih mengatakan...

Apa izya sih, nyong lah urung tau kuwé... Klewih mbok padha baén karo bendha? Sing kembangé jenengé tétébontè?